JV/690309 Kelas - Srila Prabhupada Ngendikakaken Setunggal Tetes Nektar Wonten Ing Hawaii

JV/Javanese - Tetesan Nektar Saking Srila Prabhupada
Bakunipun saben dumadi inggih menika tansah dipunluberi dening kabingahan ingkang asipat rohani, nanging amargi piyambakipun saweg kapunkurung kanthi material, mila kabingahanipun dados kahadhang. Punika kalenggahan ingkang sejati. Nalikanipun saweg wonten nglebet kawontenan mriyang, mila satunggaling priyantun dados gerah amargi trajangan mriyang — lan kabingahanipun dados ical. Piyambakipun dados gerah. Sami kados dene, kalenggahan limrah kawula sedaya inggih menika tansah dipunluberi dening kabingahan. Ānandamayo 'bhyāsāt. Kṛṣṇa tansah bingah. Kawula minangka bageyan pletikan ingang mboten saged dipunewal saking Kṛṣṇa, amargi menika mesthi kemawon kawula ugi tansah bingah. Punika minangka perkawis ingkang limrah. Menawi rama kawula nggadhahi pakulitan ingkang cemeng, mila pakulitan kawula ugi cemeng. Menawi ibu kawula nggadhahi pakulitan ingkang cemeng, mila pakulitan kawula ugi cemeng. Dados, rama kawula sedaya, Sang Rama Ingkang Murbeng Wasesa, Kṛṣṇa, tansah bingah.
690309 - Kelas SB 07.09.08 - Hawaii