Dados, sejarahipun Mahābhārata punika kanthi mligi dipuntujokaken dhateng golongan-golongan ingkang nglimputi kaum estri, kaum buruh lan kaum dvijabandhu utawi piyambakipun sedaya ingkang namung jejulukipun kemawon para brāhmaṇa dan kṣatriya. Nanging menawi panjenengan maos Mahābhārata, mila panjenengan badhe manggihi bilih perkawis punika panggah kemawon minangka satunggaling perkawis ingkang ewed, malah kangge sarjana ingkang paling wasispun wonten nglebet jaman punika. Sami kados dene kados Bhagavad-gita. Bhagavad-gītā dipunpanggenaken wonten nglebet Mahābhārata lan wonten ing kawitanipun dipuntujokaken dhateng golongan jalma manungsa inking kirang lantip. Dados, panjenengan saget ngiktiyaraken mangertosi golongan manungsa ingkang kados menapa ingkang wonten ing wekdal punika. Sakleresipun, inggih kados mekaten punika sejatosipun. Bhagavad-gītā minangka satunggaling rembagan rohani filosofis ingkang lebet lan sae sanget, ingkang wonten ing wekdal punika saweg dipunwucalaken dhateng Arjuna wonten ing madyalaga. Dados, wonten ing madyalaga, wonten pinten kathahipun wekdal ingkang saged dipunsisihaken dening Arjuna? Lan nalikanipun piyambakipun badhe ngadilaga, piyambakipun menggalih, “Oh, kenging menapa kawula kedah ngadilaga?” Dados, wonten pitedah-pitedah ingkang dipunparingaken dening Kṛṣṇa —panjenengan saged ngangen-angen, sakmboten-mboteniun Panjenenganipun dhawuh dangunipun kirang langkung sepalih jam utawi sakdangu-dangunipun setunggal jam — lan Arjuna saged mangertosi Bhagavad-gītā sakwetahipun. Dados kalebet golongan manungsa ingkang kados pundi Arjuna punika? Bhagavad-gītā ingkang sami, malah para sarjana ageng saking jaman sakmenika mboten saged mangertosi. Lan Arjuna mangertosi perkawis punika namung ing lebet wekdal setunggal jam kemawon.
|