JV/690905 Kelas - Srila Prabhupada Ngendikakaken Setunggal Tetes Nektar Wonten Ing Hamburg

JV/Javanese - Tetesan Nektar Saking Srila Prabhupada
Guru karohanen sanes minangka satunggaling reriptaan ingkang enggal. Punika sakderma namung perkawis menggah ing ngestokaken dhawuh saking guru karohanen kemawon. Dados, sedaya sisya kawula ingkang rawuh wonten mriki ngraos kedah nindakaken kuwajiban … Kawula ugi ngraos kedah nindakaken kuwajiban dhateng piyambakipun sedaya, amargi piyambakipun sampun mbiyantu kawula nindakaken pakaryan panyebaran punika. Wonten ing wekdal ingkang sami, kawula badhe mundhut dhateng piyambakipun sedaya kangge dados guru karohanen. Saklajengipun, panjenengan piyambak-piyambak kedah dados guru karohanen. Lan menapa kuwajiban punika? Menapa kemawon ingkang sampun panjenengan sedaya miring saking kawula, menapa kemawon ingkang sampun panjenengan sedaya wulang saking kawula, mila panjenengan sedaya kedah nyebaraken perkawis ingkang sami punika tamanpa wontenipun embel-embel utawi ewahan. Mila panjenengan sedaya dados guru karohanen. Kados mekaten seserepan kangge dados guru karohanen.Guru karohanen mboten patos … Kangge dados satunggaling guru karohanen punika sanes minangka setunggal perkawis ingkang patos ewed. Satunggaling priyantun namung kedah dados atma ingkang tuhu. Punika kemawon.
690905 - Kelas Nalikanipun Karamean Dinten Miyosan, Sri Vyasa-puja - Hamburg