JV/690827 Kelas - Srila Prabhupada Ngendikakaken Setunggal Tetes Nektar Wonten Ing Hamburg

JV/Javanese - Tetesan Nektar Saking Srila Prabhupada
Dados, asmanipun Kṛṣṇa lan Kṛṣṇa mboten benten. Amargi menika, saksampunipun ilatipun kawula nganglipta asma suci Kṛṣṇa, mila punika suaraosipun bilih ilatipun kawula mligi sumambung kaliyan Kṛṣṇa. Dados, menawi panjenengan tansah ndadosaken dhirinipun panjenengan sumambung kaliyan Kṛṣṇa lumantar pangendikan mantra punika, mantra Hare Kṛṣṇa punika, mila mangga panjenengan angen-angen mandahneya gampil sanget dhirinipun panjenengan dados dipunsucekaken namung lumantar proses punika kemawon, inggih menika japa, jihvādau, ngewedaken ilat wonten nglebet pangendikan mantra. Lan ilatipun panjenengan tansah ngersakaken ngedhapi dhaharan ingkang eca sanget. Dados, Kṛṣṇa sak mekaten sae atinipun. Panjenenganipun sampun maringaken dhateng panjenengan atusan lan ewonan dhaharan ingkang eca, ingkang minangka kantunan dhaharan ingkang sampun dipundhahar dening Panjenenganipun. Mila mangga panjenengan dhahar kantunan menika. Kanthi mekaten, menawi panjenengan sampun mitedahaken bilih, “Kawula mboten badhe ngimbar ilatipun kawula kangge ngedhapi menapa kemawon ingkang mboten dipunaturaken dhateng Kṛṣṇa lan kawula badhe migunakaken ilatipun kawula kangge tansah nindakaken japa Hare Kṛṣṇa,” mila sedaya kasampurnan sampun wonten ing saklebetipun gegeman astanipun panjenengan.
690827 - Kelas Nalikanipun Inisiasi - Hamburg