JV/Prabhupada 0010 - Sampun Nyobi Kangge Nerokaken Kṛṣṇa
Lecture on SB 7.9.9 -- Mayapur, February 16, 1976
Kṛṣṇa ... nembelasewu garwa estrinipun punika, kados pundi sedayanipun saget dados garwa estrinipun? Panjenengan tamtu kemawon sampun nyumerapi cariyosipun bilih wonten kathah sanget, wonten nembelasewu priyantun estri ingkang ayu sanget, kajengipun kawula, para puteri ratu punika sampun dipuncidra dening satunggaling āsura. Sinten asmanipun āsura punika? Bhaumāsura, sanes mekaten? Inggih. Dados sedayanipun ndedonga dhateng Kṛṣṇa bilih, "Kawula sedaya saweg nandhang sengsara, kawula sedaya sampun dipuncidra dening bajingan punika. Nyuwun pitulunganipun kangge ngawilujengaken kawula sedaya." Dados Kṛṣṇa rawuh kangge ngawilujengaken piyambakipun sedaya lan Bhaumāsura dipunpejahaken sarta sedaya puteri punika dipunbebasaken. Nanging sasampunipun dipunbebasaken, piyambakipun sedaya taksih panggah jumeneng wonten mrika. Dados Kṛṣṇa dhawuh dateng sedayanipun, "Saiki sampeyan sakabehe wis isa ngulihi omah bapak sampeyan sakabehe." Nanging sedayanipun lajeng mangsuli bilih, "Kawula sedaya sampun dipuncidra lan kanthi mekaten kawula sedaya dados mboten saget nikah."
Ing India, taksih wonten pranatan ingkang kados mekaten. Menawi satunggaling priyantun estri, satunggaling prawan ingkang taksih enem, nilaraken dalemipun sadangunipun setunggal utawi kalih dinten, mila mboten wonten satunggaling priyantun kakungpun ingkang badhe mendhet garwa piyambakipun. Mboten wonten satunggaling priyantun kakungpun ingkang badhe mendhet garwa piyambakipun. Piyambakipun dipunmastani sampun dados cemer. Punika taksih dados satunggaling sistem ingkang dipuntindakaken ing India. Dados para puteri ratu punika sampun dipuncidra sadangunipun dedintenan utawi malah tetaunan, saengga sedayanipun nyuwun dhateng Kṛṣṇa bilih, "Kawula sedaya mboten badhe dipuntampi dening para rama kawula sedaya lan mboten wonten satunggaling priyantun kakungpun ingkang badhe purun mendhet garwa kawula sedaya." Lajeng Kṛṣṇa mangertosi bilih, "Kalungguhan dheweke kabeh temenan mbebayani. Senadyan dheweke kabeh wis dibebaske, nanging dheweke kabeh ora bisa menyang ngendi-ngendi." Lajeng Kṛṣṇa ... Panjenenganipun sayekti saenipun, bhakta-vatsala. Panjenengan nakenaken, "Apa pepinginan sampeyan kabeh?" Lajeng ... Sedayanipun matur bilih, "Nyuwun kepareng Panjenengan nampi kawula sedaya. Menawi mboten, mila kawula sedaya mboten nggadhahi anggenipun manggen ingkang sanesipun." Sanalikanipun Kṛṣṇa mangsuli, "Ya, ayo." Kados mekaten Kṛṣṇa punika. Lan sanes bilih kanembelasewu para garwa estrinipun lajeng dipunkempalaken ing setunggal panggenan. Nanging Panjenenganipun sanalikanipun ngedegaken nembelasewu kraton. Amargi Panjenenganipun sampun nampi sedayanipun minangka para garwa estrinipun, mila sedayanipun kedah dipunupakaraaken minangka para garwa estrinipun, minangka para prameswarinipun, lan sanes bilih, "Amarga dheweke kabeh wis ora nduwe cara liyane, dheweke kabeh wis njaluk pangayoman marang Aku ... lan Aku isa ndekek dheweke kabeh sakarepKu." Mboten. Piyambakipun sedaya malah dipunkurmati sanget minangka para prameswari, minangka para prameswarinipun Kṛṣṇa. Lan lajeng Panjenenganipun menggalih bilih, "Ana nembelasewu bojo ... Dadi nek wujudKu mung ana siji, siji wujud wae, mula para bojoKu ora isa ketemu karo Aku. Saben wong mesthi ngenteni saksuene nembelasewu dina kanggo ketemu karo bojone. Ora isa." Mila Panjenenganipun lajeng ngwiyaraken dhirinipun dados nembelasewu Kṛṣṇa. Punika Kṛṣṇa.
Para bajingan, piyambakipun sedaya mastani Kṛṣṇa minangka satunggaling priyantun kakung ingkang "bajul buntung." Mboten kados panjenengan. Panjenengan malah ugi mboten saget ngupakaraaken setunggal garwa estri, nanging Panjenenganipun malah sembada ngupakaraaken nembelasewu garwa estrinipun ing salabetipun nembelasewu kraton lan ing salebetipun nembelasewu pawiyaran wujudipun. Sedaya priyantun dipunlegaaken. Punika Kṛṣṇa. Kawula sedaya kedah mangertosi sinten Kṛṣṇa punika. Sampun nyobi kangge nerokaken Kṛṣṇa. Ing wiwitanipun, iktiyaraken kangge mangertosi Kṛṣṇa.