JV/Prabhupada 0011 - Satunggaling Priyantun Saget Ngaturaken Puja Dhateng Kṛṣṇa Ing Salebetipun Penggalih

From Vanipedia
Jump to: navigation, search
Go-previous.png Kaca Saderengipun - Video 0010
Kaca Sasampunipun - Video 0012 Go-next.png

Satunggaling Priyantun Saget Ngaturaken Puja Dhateng Kṛṣṇa Ing Salebetipun Penggalih
- Prabhupāda 0011


Lecture on BG 4.28 -- Bombay, April 17, 1974

Ing salebetipun Bhakti-rasāmṛta-sindhu, wonten setunggal cariyos ... Sanes saderma setunggal cariyos kemawon, nanging minangka setunggal lelampahan ingkang nyata. Dipunandharaken wonten mrika bilih wonten satunggaling brāhmaṇa - piyambakipun panyembah ingkang agung - piyambakipun nggadhahi pepinginan kangge ngaturaken satunggaling paladosan ingkang ngedab-edabi sanget, satunggaling arcanā, ing salebetipun pamujan ing temple. Nanging piyambakipun mboten gadhah arta. Nanging ing satunggaling dinten salajengipun, nalikanipun piyambakipun saweg lenggah ing salabetipun satunggaling kelas Bhāgavata, piyambakipun mireng bilih Kṛṣṇa malah ugi saget dipunpuja ing salebetipun panggalih. Mila piyambakipun ngginaaken kalodhangan punika, amargi piyambakipun sampun dangu sanget menggalih kados pundi anggenipun ngaturaken puja dhateng Kṛṣṇa kanthi ngedab-edabi sanget, nanging piyambakipun mboten gadhah arta.

Amargi menika, sasampunipun mangertosi perkawis punika, bilih satunggaling priyantun saget ngaturaken puja dhateng Kṛṣṇa ing salebetipun panggalih, mila sasampunipun sesuci ing bengawan Godāvarī, piyambakipun lenggah ing ngandhapipun satunggaling taru lan ing salebetipun panggalihipun, piyambakipun ngedegaken satunggaling siṁhāsana, satunggaling dhampar kencana ingkang edi peni, ingkang dipundandosi dening kathah sanget intan barleyan, lan sasampunipun manggenaken Arca ing dhampar kencana punika, piyambakipun lajeng nyucekaken Arca punika ngginaaken toyanipun bengawan Gangga, Yamunā, Godāvarī, Narmadā lan Kāverī. Lajeng piyambakipun ngagemaken ageman ingkang sae lan endah sanget dhateng Arca punika kanthi sae sanget, lajeng piyambakipun ngaturaken puja ngginaaken sekar kaliyan reroncen.

Lajeng piyambakipun ngolah-olah kanthi sae sanget, lan ingkang dipunolah dening piyambakipun inggih menika paramānna, sekul legi. Lajeng piyambakipun ngersaaken nitipriksa, menapa sekul punika taksih mongah-mongah. Amargi paramānna limrahipun dipunrahapi nalikanipun sampun asrep. Paramānna mboten dipunrahapi nalikanipun taksih benter. Dados piyambakipun ndumukaken jrijinipun dhateng paramānna punika, lan sanalikanipun jrijinipun dados kelaton. Lan samadhinipun dados kaputungan, amargi sayektosipun mboten wonten menapa-menapa wonten mrika. Piyambakipun namung saweg nindakaken sedayanipun ing salebeting panggalihipun kemawon. Nanging salajengipun ... sanalikanipun piyambakipun mirsani bilih jrijinipun sampun kelaton. Lan piyambakipun dados kamitenggengen sanget.

Lan kanthi mekaten, Nārāyaṇa ingkang saweg wonten ing Vaikuṇṭha, Panjenenganipun mesem. Lakṣmījī mendhet pirsa, "Kenging menapa Panjenengan mesem?" "Salah sawiji panyembahKu lagi muja marang Aku kaya ngene. Dadi kirimake para wongKu kanggo sanalika nggawa dheweke menyang Vaikuṇṭha." Dados bhakti-yoga punika sayekti ngremenaken sanget, saengga malah ugi menawi panjenengan mboten nggadhahi sarana kangge ngaturaken puja ingkang sae dhateng Arca, panjenengan saget nindakaken puja punika ing salebetipun panggalih. Punika saget dipuntindakaken.