JV/Prabhupada 0012 - Sumber Seserepan Kedahipun Lumantar Mireng



Lecture on BG 16.7 -- Hawaii, February 3, 1975

Kawula sedaya mboten sampurna. Nanging kawula sedaya remen sanget ngunggulaken netranipun kanthi matur, "Menapa panjenengan saget ngatonaken dhateng kawula?" Kualifikasi menapa ingkang dipungadhahi dening netranipun saengga panjenengan saget mirsani? Piyambakipun mboten menggalih bilih, "Kawula mboten nggadhahi kualifikasi, nanging senaos dene, kawula panggah ngersaaken mirsani." Netra punika, oh, piyambakipun gumantung dhateng kathah sanget kawontenan. Sapunika, nalikanipun wonten listrik, panjenengan saget mirsani. Nanging nalikanipun listrik dipunpejahaken, mila panjenengan mboten saget mirsani. Lajeng menapa ajinipun ingkang sejati saking netra panjenengan punika? Panjenengan malah ugi mboten saget mirsani menapa ingkang saweg katindakaken ing jawinipun tembhok punika.

Dados sampun mitadosi menapa ingkang dipunwastani minangka indriya-indriyanipun punika kangge dipundadosaken minangka sumberipun seserepan. Sampun mitadosi. Sumberipun seserepan kedahipun lumantar anggenipun mireng. Punika ingkang dipunwastani minangka śruti. Amargi menika, Veda dipunwastani minangka śruti. Śruti-pramāṇa, śruti-pramāṇa. Kados dene satunggaling lare alit, satunggaling lare alit kakung, ingkang ngersaaken mangertosi sinten ramanipun. Dados menapa buktinipun? Bukti punika inggih menika śruti, inggih menika mireng saking sang ibu. Ibu matur, "Wong iku bapakmu." Dados, piyambakipun mireng, piyambakipun sanes mirsani kados pundi priyantun kakung punika dados ramanipun. Amargi sadherengipun saliranipun dipunwujudaken, sang rama punika sampun wonten mrika, lajeng kados pundi piyambakipun saget mirsani ing wekdal menika? Dados lumantar mirsani, panjenengan mboten saget namtoaken sinten rama panjenengan. Panjenengan kedah mireng saking piyambakipun ingkang gadhah kuwaos. Ing salebetipun perkawis punika, sang ibu minangka ingkang gadhah kuwaos. Amargi menika śruti-pramāṇa mratelaaken : pambukten punika lumantar mireng, sanes lumantar mirsani. Mirsani ... Netra kawula sedaya punika mboten sampurna ... Wonten kathah sanget pepalang. Dados sami kados dene bilih lumantar tumanggap mligi, panjenengan mboten saget ngangsalaken kaluhuran.

Tumanggap mligi minangka satunggaling angen-angen panggalih. Dr. Kodhok. Dr. Kodhok saweg ngangen-angen menggah ing menapa Samudra Atlantik punika. Piyambakipun saweg wonten ing salebetipun sumur, satunggaling sumur ingkang agengipun tigang kaki, lan para mitranipun maringaken pirsa dhateng piyambakipun bilih, "Oh, kawula sampun mirsani toya ingkang ageng sanget." "Menapa toya ingkang ageng sanget menika?" "Samudra Atlantik." "Sakpinten agengipun?" "Ageng, sayekti ageng sanget." Dados Dr. Kodhok menggalih, "Mbok menawi agengipun sekawan kaki. Sumur punika agengipun tigang kaki. Samudra punika mbok menawi agengipun sekawan kaki. Inggih, gangsal kaki. Mbok menawi dasa kaki." Dados, kanthi anggenipun ingkang kados mekaten, kanthi ngangen-angen kados mekaten, kados pundi sang kodhok, Dr. Khodok, badhe mangertosi Samudra Atlantik utawi Samudra Pasifik? Menapa panjenengan saget nginten-inten panjang lan wiyaripun Samudra Atlantik, Samudera Pasifik namung kanthi ngangen-angen kemawon? Dados lumantar ngangen-angen, panjenengan mboten saget ngangsalaken perkawis punika. Piyambakipun sedaya sampun ngangen-angen tetaunan dangunipun menggah ing jagad raya punika, menggah ing pinten kathahipun kartika ingkang wonten mrika, pinten panjang lan wiyaripun, wonten pundi ... Mboten wonten satunggaling priyantunpun ingkang mangertosi menapa kemwon menggah ing ngalam donya material punika, menapa malih menggah ing ngalam donya rohani? Ingkang nglangkungi punika, ingkang tebih sanget nglangkungi punika.

Paras tasmāt tu bhāvo 'nyo 'vyakto 'vyaktāt sanātanaḥ (BG 8.20). Panjenengan badhe manggihaken ing salebetipun Bhagavad-gītā. Wonten ngalam ingkang sanesipun. Ngalam punika, ngalam ingkang saweg panjenengan pirsani punika, ing pundi wonten antariksa ingkang wujudipun kados kubah ingkang bunder lan ing nginggilipun wonten malih lapisan ingkang kasusun saking gangsal unsur. Punika minangka satunggaling kukupan. Sami kados dene menawi panjenengan mirsani kambil. Wonten kukupan ingkang mawujud lapisan pakulitan ingkang atos lan ing salebetipun wonten toya. Sami kados dene, kados ingkang wonten ing kukupanipun jagad raya punika ... Lan ing jawinipun kukupan punika wonten gangsal lapisan ingkang runtut lan ingkang agengipun kaping sahasra langkung ageng saking ingkang sanesipun : Lapisan toya, lapisan hawa, lapisan geni. Dados, panjenengan kedah numus sedaya lapisan punika. Mila lajeng panjenengan saweg badhe nggayuh ngalam donya rohani. Sedaya jagad raya punika kathahipun tanpa wilangan, koṭi. Yasya prabhā prabhavato jagad-aṇḍa-koṭi (Bs. 5.40) Jagad-aṇḍa suraosipun jagad raya. Koṭi, ingkang kathahipun mayuta-yuta lan dipunkempalaken sesarengan, punika ngalam donya material. Lan nglangkungi ngalam donya material punika wonten ngalam donya spiritual, satunggaling antariksa ingkang sanesipun. Punika ugi minangka satunggaling antariksa. Lan punika dipunwastani minangka paravyoma. Dados, lumantar tumanggapipun indriya-indriya, panjenengan malah ugi mboten saget nginten-inten menapa kemawon ingkang wonten ing planet candra lan planet surya, planet punika, ing salebetipun jagad raya punika. Lajeng kados pundi panjenengan saget mangertosi ngalam donya rohani lumantar satunggaling angen-angen? Punika minangka ingkang kirang lantip.

Amargi menika śāstra mratelaaken, acintyāḥ khalu ye bhāvā na tāṁs tarkeṇa yojayet. Acintya, ingkang mboten saget dipunangen-angen, nglangkungi tumanggapipun indriya-indriya, sampun nyobi kangge ndhebat lan mangertosi perkawis punika lan lajeng ngangen-angen menggah ing punika. Punika ingkang kirang lantip. Punika mestail. Amargi menika kawula sedaya kedah tindak dhateng satunggaling guru. Tad-vijñānārthaṁ sa gurum evābhigacchet, samit-pāṇiḥ śrotriyaṁ brahma-niṣṭham (MU 1.2.12). Punika prosesipun.