JV/Prabhupada 0013 - Ewed Sadangunipun Sekawanlikur Jam Sedintenipun
Lecture on BG 2.49-51 -- New York, April 5, 1966
Yogaḥ karmasu kauśalam. Kauśalam suraosipun cara ingkang mumpuni. Sami kados dene nalikanipun wonten kalih priyantun kakung inkang saweg makarya. Ingkang setunggal minangka priyantun ingkang mumpuni sanget, nanging ingkang sanesipun minangka priyantun ingkang mboten mumpuni. Dados perkawis punika kadadosan ing salebetipun babagan pamesinan. Wonten ingkang rusak ing salebetipun mesin punika. Priyantun kakung ingkang mboten mumpuni punika, piyambakipun sampun ngiktiyaraken sadangunipun sedinten sedalu, kados pundi anggenipun ngleresaken mesin punika. Nanging priyantun kakung ingkang mumpuni wau rawuh lan sanalikanipun piyambakipun mangertosi menapa ingkang nyebabaken karusakanipun, lajeng piyambakipun nyambung setunggal kabel kanthi setunggal cara lan kanthi setunggal cara ingkang sanesipun, lan salajengipun mesin punika sampun saget gesang malih. Hrzum, hrzum, hrzum, hrzum, hrzum, hrzum. Panjenengan pirsani? Sami kados dene, kadang kawis kawula sedaya manggihaken reribed kaliyan piranti kangge ngrekam punika, lajeng Pak Carl utawi priyantun sanesipun rawuh kangge ngleresaken piranti punika.
Dados, sedayanipun mbetahaken seserepan saking ingkang mumpuni. Mila karma, karma suraosipun makarya. Kawula sedaya kedah makarya. Tanpa makarya, mila malah ugi kawula sedaya, salira lan atma punika, mboten saget dipunlajengaken. Punika minangka klentu tampi bilih kangge satunggaling priyantun ingkang ... bilih priyantun ingkang saweg nyinau kainsapan rohani, mila piyambakipun dipunmastani mboten kedah makarya. Mboten, piyambakipun malah kedah makarya kanthi langkung satuhu. Priyantun ingkang mboten nyinau kainsapan rohani, piyambakipun saget ewed ing salebetipun pakaryan sadangunipun wolung jam sedintenipun, nangning piyambakipun sedaya ingkang ewed ing salebetipun kainsapan rohani, oh, sedayanipun malah ewed sadangunipun sekawanlikur jam sedintenipun, sekawanlikur jam sedintenipun. Punika bentenipun.
Lan bentenipun inggih menika bilih ... Panjenengan badhe manggihaken bilih ing tataran material, ing salebetipun konsep gesang ingkang adhedasar dhateng salira, menawi panjenengan makarya sadangunipun wolung jam sedintenipun, mila panjenengan badhe ngraos sayah. Nanging kangge angkah rohani, menawi panjenengan makarya langkung saking sekawanlikur jam sedintenipun ... nanging ketiwasan, panjenengan mboten nggadhahi langkung saking sekawanlikur jam sedintenipun ing salebetipun pakaryanipun, sanaos dene, panjenengan mboten badhe ngraos sayah. Kawula matur perkawis punika dhateng panjenengan. Punika minangka lelampahan nyata ingkang sampun kawula lampahi. Punika minangka lelampahan nyata ingkang sampun kawula lampahi. Lan kawula wonten mriki, kawula tansah makarya, kawula nindakaken menapa kemawon kados maos utawi nyerat, maos utawa nyerat menapa-menapa sadangunipun sekawanlikur jam sedintenipun. Namung nalikanipun kawula ngraos anglih, mila kawula neda. Lan nalikanipun kawula ngantuk, mila kawula tilem. Menawi mboten, mila kawula tansah mboten nate ngraos sayah. Panjenengan saget nakenaken dhateng Pak Paul, menapa kawula mboten nindakaaken perkawis ingkang kados mekaten. Dados, kawula ngraos, kawula ngangsalaken satunggaling karemenan nalikanipun nindakaken perkawis punika. Kawula mboten ngraos sayah. Sami kados dene, nalikanipun satunggaling priyantun sampun nggadhahi raos rohani ingkang kados mekaten, mila piyambakipun mboten badhe ngraos sayah ... Suwalikanipun, piyambakipun, piyambakipun badhe ngraos gila kangge tilem, kangge tilem, "Oh, tilem punika miyos namung kangge ngresahi kemawon." Mangga dipunpirsani? Piyambakipun malah ngersaaken kangge ngirangi wekdal tilemipun.
Lajeng ... Sapunika, nailiknipun kawula sedaya ndonga, vande rūpa-sanātanau raghu-yugau śrī-jīva-gopālakau. Enem Gosvāmī punika, piyambakipun sedaya diutus dening Gusti Pangeran Caitanya kangge ngrembag seserepan punika. Piyambakipun sedaya sampun nyerat kasusastran ingkang ageng sanget menggah ing perkawis punika. Menapa panjenengan mangertosi perkawis punika? Dados, panjenengan badhe kaget nalikanipun mangertosi bilih piyambakipun sedaya namung sare sadangunipun setunggal setengah jam kemawon saben dintenipun, mboten langkung saking menika. Lan kadang kawis piyambakipun sedaya malah ugi mboten sare sedinten sedalu.