JV/Prabhupada 0047 - Kṛṣṇa Asipat Tamanpa Wates



Lecture on BG 7.1 -- Upsala University Stockholm, September 8, 1973

Wonten maneka rupi sistem yoga ingkang benten-benten inggih menika, bhakti-yoga, jñāna-yoga, karma-yoga, haṭha-yoga, dhyāna-yoga. Sakmekaten kathahipun yoga. Nanging bhakti-yoga minangka ingkang paling ngedab-edabi. Punika dipunpratelaaken ing salebetipun parwa pungkasan. Kawula badhe maosaken Parwa Kaping Pitu kangge panjenengan. Ing pungkasanipun Parwa Kaping Enem, Kṛṣṇa dhawuh,

yoginām api sarveṣāṁ
mad-gatenāntar-ātmanā
śraddhāvān bhajate yo māṁ
sa me yuktatamo mataḥ
(BG 6.47)

Yoginām api sarveṣām. Satunggaling priyantun ingkang nindakaken sistem yoga, piyambakipun dipunwastani minangka yogī. Mila Kṛṣṇa dhawuh, yoginām api sarveṣām : "Saka kabeh para yogī ..." Kawula nembe kemawon matur menggah ing punika. Wonten maneka rupi yogī ingkang benten-benten. "Saka kabeh para yogī ..." Yoginām api sarveṣām. Sarveṣām suraosipun, "saking sedaya para yogī." Mad-gatenāntar-ātmanā, "Pawongan sing mikirke Aku sajroning awake dhewe." Kawula sedaya saged menggalih menggah ing Kṛṣṇa. Kawula sedaya nggadhahi wujudipun Kṛṣṇa. Arca Kṛṣṇa, kawula sedaya nindakaken pamujan dhateng Panjenenganipun. Dados menawi kawula sedaya ndherek sarta ing salebetipun pamujan dhateng Arca, ingkang minangka wujudipun Kṛṣṇa, ingkang mboten benten kaliyan Kṛṣṇa, utawi menawi mboten wonten Arca, menawi kawula sedaya ngendikakaken asmanipun Kṛṣṇa, mila punika ugi minangka Kṛṣṇa. Abhinnatvān nāma-nāminoḥ (CC Madhya 17.133). Kṛṣṇa asipat tanpa wates. Amargi menika, mboten wonten bentenipun antawis Panjenenganipun kaliyan asmanipun. Mboten wonten bentenipun antawis Panjenenganipun kaliyan wujudipun. Mboten wonten bentenipun antawis Panjenenganipun kaliyan gambaripun. Mboten wonten bentenipun antawis Panjenenganipun kaliyan pangendikan menggah ing Panjenenganipun. Sedayanipun menggah ing Kṛṣṇa minangka Kṛṣṇa. Punika ingkang dipunwastani minangka seserepan ingkang asipat tanpa wates. Dados mboten mangertos menapa panjenengan ngendikakaken asmanipun Kṛṣṇa utawi panjenengan nindakaken pamujan dhateng wujudipun Kṛṣṇa - sedayanipun minangka Kṛṣṇa.

Wonten wujud-wujud paladosan bhakti ingkang benten-benten.

śravaṇaṁ kīrtanaṁ viṣṇoḥ
smaraṇaṁ pāda-sevanam
arcanaṁ vandanaṁ dāsyaṁ
sakhyam ātma-nivedanam
(SB 7.5.23)

Panjenengan nembe kemawon mirengaken menggah ing Kṛṣṇa. Ingkang panjenengan mirengaken punika ugi minangka Kṛṣṇa. Sami kados dene nalikanipun kawula sedaya saweg ngiktiyaraken kangge mirengaken menggah ing Kṛṣṇa. Mila ingkang saweg kawula sedaya mirengaken punika ugi minangka Kṛṣṇa. Para kanoman kakung lan puteri menika, piyambakipun sedaya saweg ngendikakaken asma suci. Pangendikan asma suci menika ugi minangka Kṛṣṇa Śravaṇaṁ kīrtanam. Saklajengipun smaraṇam. Nalikanipun panjenengan nindakaken japa Kṛṣṇa, menawi panjenengan ngemut-emut gambaripun Kṛṣṇa, mila punika ugi minangka Kṛṣṇa. Utawi panjenengan mirsani gambaripun Kṛṣṇa. Mila punika ugi minangka Kṛṣṇa. Panjenengan mirsani Arca Kṛṣṇa. Punika Kṛṣṇa. Panjenengan nyinau satunggaling perkawis menggah ing Kṛṣṇa. Punika ugi minangka Kṛṣṇa. Mila senaos kados pundi,

śravaṇaṁ kīrtanaṁ viṣṇoḥ
smaraṇaṁ pāda-sevanam
arcanaṁ vandanaṁ dāsyaṁ
sakhyam ātma-nivedanam
(SB 7.5.23)

Saben perkawis saking kasanga perkawis punika, menawi panjenengan nampi perkawis punika, mila panjenengan saknalikanipun sumambung kaliyan Kṛṣṇa. Menapa panjenengan nampi sedaya saking kasanga perkawis punika, utawi namung wolu, utawi namung pitu, utawi namung enem utawi namung gangsal, utawi sekawan, utawi tiga, utawi kalih utawi sakmboten-mbotenipun setunggal perkawis, menawi panjenengan nampi kanthi teguh lan ... Umpaminipun menggah ing nindakaken japa punika. Perkawis punika mboten mbetahaken beya sekhedikpun. Kawula sedaya nindakaken japa wonten ing saindhening donya punika. Saben priyantun saged nindakaken japa kanthi mirengaken kawula sedaya. Punika mboten mbetahaken beya. Lan menawi panjenengan nindakaken japa, mboten wonten kecalan menapapun wonten ing dhirinipun panjenengan. Dados ... menawi panjenengan nindakaken perkawis punika, mila panjenengan saknalikanipun sumambung kaliyan Kṛṣṇa. Punika ginanipun. Saknalikanipun. Amargi asmanipun Kṛṣṇa lan Kṛṣṇa piyambak mboten wonten bentenipun ...

Abhinnatvān nāma-nāminoḥ (CC Madhya 17.133). Punika andharanipun saking kasusastran Veda. Abhinnatvān nāma-nāminoḥ. Nāma cintāmaṇiḥ kṛṣṇaḥ. Asmanipun Kṛṣṇa asipat cintāmaṇi. Cintāmaṇi suraosipun rohani. Cintāmaṇi-prakara-sadmasu kalpa-vṛkṣa-lakṣāvṛteṣu (Bs. 5.29). Punika andharan-andharan saking Veda. Wonten pundi Kṛṣṇa manggen, panggenanipun dipunandharaken, cintāmaṇi-prakara-sadmasu kalpa-vṛkṣa-lakṣāvṛteṣu surabhīr abhipālayantam (Bs. 5.29). Dados nāma, asma sucinipun Kṛṣṇa, ugi asipat cintāmaṇi, Nāma cintāmaṇiḥ kṛṣṇaḥ. Panjenenganipun minangka Kṛṣṇa ingkang sami, Sang Kaprianggan. Nāma cintāmaṇiḥ kṛṣṇaś caitanya (CC Madhya 17.133). Caitanya suraosipun mboten pejah, nanging dumadi ingkang gesang. Panjenengan saged ngangsalaken ginanipun ingkang sami lumantar nindakaken japa, sami kados dene nalikanipun panjenengan saweg ngendikan kanthi mligi kaliyan Kṛṣṇa. Punika ugi saged kapuntindakaken. Nanging perkawis ingkang kados mekaten dipuninsapi kanthi sekhedik mbaka sekhedik. Nāma cintāmaṇiḥ kṛṣṇaś caitanya-rasa-vigrahaḥ. Rasa-vigraha suraosipun kabingahan, sumbering sedaya karemenan. Sami kados dene nalikanipun panjenengan ngendikakaken asmanipun Hare Kṛṣṇa, mila kanthi sekhedik mbaka sekhedik, panjenengan badhe ngraosaken kabingahan rohani. Sami kados dene para kanoman kakung lan putri punika, idhep-idhep ngendikakaken asma suci, piyambakipun sedaya ngigel ing salebetipun kabingahan. Mboten wonten setunggalpun priyantun ingkang saged madhani piyambakipun sedaya. Nanging piyambakipun sedaya sanes para priyantun mboten waras ingkang saweg ngendikakaken asma suci. Kasunyatanipun, piyambakipun sedaya malah saweg ngangsalaken satunggaling kabingahan, kabingahan rohani. Amargi menika, igelanipun sanes kados igelanipun para segawon ingkang saweg njoged. Sanes. Igelan ipun minangka igelan rohani, igelanipun sang atma. Amargi menika, Kṛṣṇa dipunwastani minangka rasa-vigraha, sumbering sedaya kabingahan.

Nāma cintāmaṇiḥ kṛṣṇaś caitanya-rasa-vigrahaḥ pūrṇaḥ (CC Madhya 17.133). Pūrṇa, paripurna. Sanens minangka Kṛṣṇa ingkang kathahipun kirang setunggal persen. Sanes, nanging setunggal atus persen Kṛṣṇa. Paripurna. Pūrṇa. Pūrṇa suraosipun paripurna. Pūrṇaḥ śuddhaḥ. Śuddha suraosipun dipunsucekaken. Wonten cemer ing salebetipun donya material punika. Menapa kemawon ingkang panjenengan aturaken punika asipat material, amargi menika perkawis menika kapuncemeraken kanthi material lan panjenengan mboten saged nglajengaken perkawis punika ing salebetipun wekdal ingkang dangu. Punika minangka kupiya ingkang sanesipun. Nanging pangendikan mantra Hare Kṛṣṇa punika, senaos dene panjenengan nindakaken perkawis punika sakdangunipun sekawanlikur jam sakdintenipun, panjenengan panggah mboten badhe ngraos sayah. Punika anggenipun kangge nguji perkawisipun. Mangga panjenengan nyobi ngendikakaken asma suci punika. Para kanoman kakung punika, piyambakipun sedaya saged ngendikakaken asma suci sadangunipun sekawanlikur jam sakdintenipun, tanpa dhahar menapapun, tanpa ngunjuk toya. Punika sayekti ngedab-edabi sanget. Amargi perkawis punika paripurna, rohani, śuddha. Śuddha suraosipun murni. Mboten dipuncemeraken kanthi material. Karemenan material, karemenan menapa kemawon ... Karemenan ingkang paling nginggil wonten ing donya material punika inggih menika seks. Nanging panjenengan mboten saged ngrahapi perkawis punika sadangunipun sekawanlikur jam sakdintenipun. Punika mestail. Panjenengan namung saged sekedap kemawon ngrahapi perkawis punika. Punika kemawon. Malah ugi senaos dene panjenengan dipunpeksa kangge ngrahapi perkawis punika malih, panjenengan badhe nampik, "Mboten, mboten malih." Kados mekaten perkawis-perkawis ingkang asipat material. Nanging perkawis-perkawis ingkang asipat rohani suraosipun ingkang tanpa wonten telasipun. Panjenengan saget ngrahapi punika makaping-kaping, sekawanlikur jam sakdintenipun. Punika kanikmatan rohani. Brahma-saukhyam anantam (SB 5.5.1). Anantam. Anantam suraosipun tanpa wonten pungkasanipun.