JV/Prabhupada 0048 - Kasusilan Ārya



Lecture on BG 2.2-6 -- Ahmedabad, December 11, 1972

Anārya-juṣṭam, "sayekti mboten jumbuh kaliyan satunggaling priyantun ingkang mangertosi aji-aji kamajenganipun gesang." Ārya. Ārya suraosipun ingkang majeng. Dados punggeling semangatipun Arjuna wonten ing madyalaga punika cinitra minangka satunggaling kajumbuhan kalian satunggaling priyantun ingkang sanes Ārya. Ārya. Miturut kasusilan Ārya sami kados dene ingkang dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā, wonten sekawan bageyan ingkang dipunabsahaken dening Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Sami kados dene ingkang sampun dipunandharaken dhateng kawula sedaya, dharmaṁ tu sākṣād bhagavat-praṇītam (SB 6.3.19). Saben proses agama ingkang tumata kedahipun dipunmangertosi bilih, "Punika minangka pangestunipun Gusti Pangeran." Para priyantun mboten saged ndamel satunggaling sistem agama menapapun. Dados sistem Ārya punika, sistem ingkang majeng punika inggih menika, cātur-varṇyaṁ mayā sṛṣṭaṁ guṇa-karma-vibhāgaśaḥ (BG 4.13). Kṛṣṇa dhawuh, "Perkara iki Aku tepungake amrih ana tatanan golongan sosial sing nyata-nyata apik." Brāhmaṇa, kṣatriya, vaiśya, śūdra. Arjuna kalebet kulawargi kṣatriya. Amargi menika karinga-ringanipun kangge perang wonten ing madyalaga mboten jumbuh kaliyan sipat Āryanipun.

Sanes minangka perkawis ingkang sae menawi golongan priyayi utawi sang ratu dados mboten mrayogaaken tumindak sikara. Para golongan kṣatriya, nalikanipun piyambakipun saweg tarung wonten ing madyalaga, mila pepati sanes minangka satunggaling tumindak duraka kangge piyambakipun sedaya. Sami kados dene, satunggaling brāhmaṇa, nalikanipun piyambakipun ngaturaken satunggaling kurban, kadang kawis wonten satwa ingkang dipundadosaken kurban caru, nanging perkawis punika sanes dipunsuraosaken bilih piyambakipun sampun nindakaken satunggaling dosa. Kurban satwa dipuntindakaken sanes kangge ndadosaken satwa punika minangka dhaharan. Punika dipuntindakaken minangka pangujenan dhateng satunggaling mantra Veda. Menapa para brāhmaṇa ingkang ndherek sarta wonten ing salebetipun upacara kurban caru punika sampun ngendikakaken mantra Veda punika kanthi leres, lan perkawis punika dipunuji lumantar kurban caru setunggal satwa lan saklajengipun dhateng satwa punika dipunparingaken malih gesang enggal ingkang langkung anem. Punika kurban satwa. Kadang kawis ingkang dipunginaaken inggih menika aswa, kadang kawis ingkang dipunginaaken inggih menika lembu. Nanging wonten ing jaman Kali-yuga punika, kurban-kurban ingkang kados mekaten sampun mboten dipunparengaken amargi sampun mboten wonten malih brāhmaṇa ingkang nggadhahi sipat yājñika-brāhmaṇa. Sedaya rupi kurban mboten dipunparengaken wonten ing jaman sapunika.

aśvamedhaṁ gavālambhaṁ
sannyāsaṁ pala-paitṛkam
devareṇa sutotpattiṁ
kalau pañca vivarjayet
(CC Adi 17.164)

Kurban aśvamedha, kurban gomedha, sannyāsa, sarta budidaya kangge ngangsalaken putera lumantar devara, utawi sedherek anem kakung saking garwa kakungipun, sedaya perkawis punika sampun dipunlarang kangge dipuntindakaken wonten ing jaman sapunika.