JV/Prabhupada 0049 - Kawula Sedaya Dipunsindhet Dening Hukum-hukum Ngalam



Arrival Talk -- Aligarh, October 9, 1976

Dados saṅkīrtana punika minulya sanget. Punika pangestunipun Śrī Caitanya Mahāprabhu. Paraṁ vijayate śrī-kṛṣṇa-saṅkīrtanam. Punika pangestunipun, cekap namung kanthi nindakaken saṅkīrtana wonten ing jaman sapunika. Punika dipunpratelaaken ing salebetipun kasusastran Veda, ing salebetipun Vedānta-sūtra. Śabdād anāvṛtti. Anāvṛtti, pambebasan. Kalenggahanipun kawula sedaya sapunika saweg kapunsindhet. Kawula sedaya dipunsindhet dening hukum ngalam. Kawula sedaya saged kemawon kanthi sembrana mratelaaken kabebasanipun kawula sedaya - punika kamboten-lantipanipun kawula sedaya - nanging kasunyataanipun kawula sedaya dipunsindhet dening hukum-hukum ngalam.

prakṛteḥ kriyamāṇāni
guṇaiḥ karmāṇi sarvaśaḥ
ahaṅkāra vimūdhātmā
kartāham ...
(BG 3.27)

Kawula sedaya dipunsindhet dening hukum-hukum ngalam, nanging piyambakipun sedaya ingkang mboten lantip, vimūdhātmā, wonten ing ngandhaping pangaribawanipun raos drajat ingkang lancung, priyantun ingkang kados mekaten menggalih bilih piyambakipun bebas. Mboten. Punika klentu. Dados punika minangka satunggaling klentu-tampi. Mila klentu-tampi punika kedah dipunresikaken. Punika angkahipun gesang.

Amargi menika Śrī Caitanya Mahāprabhu mrayogakaken bilih menawi panjenengan ngendikakaken mahā-mantra Hare Kṛṣṇa, mila tataran kaping sepindhah ingkang badhe dipunangsalaken inggih menika, ceto-darpaṇa-mārjanam (CC Antya 20.12). Amargi klentu-tampi punika wonten ing salebetipun kalbu. Menawi kalbunipun sampun dados resik, mila mboten badhe wonten klentu-tampi. Dados kainsapan punika ugi kedah dipunresikaken. Lan punika tataran kaping sepindhah saking pikantukipun pangendikan Hare Kṛṣṇa. Kīrtanād eva kṛṣṇasya mukta-saṅga paraṁ vrajet (SB 12.3.51). Namung kanthi ngendikakaken asmanipun Kṛṣṇa, kṛṣṇasya, asma suci Kṛṣṇa, Hare Kṛṣṇa. Hare Kṛṣṇa, Hare Rāma, perkawis ingkang sami. Rāma lan Kṛṣṇa, Rāmādi-mūrtiṣu kalā-niyamena tiṣṭhan (Bs. 5.39).

Dados panjenengan mbetahaken perkawis punika. Kalenggahanipun kawula sedaya sapunika minangka satunggaling klentu-tampi bilih, "Kawula minangka kasilipun ngalam material," "Kawula minangka salira punika." "Kawula priyantun India," "Kawula priyantun Amerika," "Kawula brāhmaṇa," "Kawula kṣatriya," lan mekaten saklajengipun ... Wonten kathah sanget sebatan. Nanging kawula sedaya sanes minangka salah satunggaling saking sedayanipun punika. Punika ingkang dipunkajengaken kanthi reresikan. Ceto-darpaṇa. Nalikanipun panjenengan mangertosi kanthi kawistara bilih, "Kawula sanes priyantun India, kawula sanes priyantun Amerika, kawula sanes brāhmaṇa, kawula sanes kṣatriya" - mila punika suraosipun inggih menika, "kawula sanes salira punika" - mila kainsapanipun badhe dados ahaṁ brahmāsmi. Brahma-bhūtaḥ prasannātmā na śocati na kāṅkṣati (BG 18.54). Punika ingkang dipunkersakaken. Punika angsal damelipun gesang.