JV/Prabhupada 0054 - Saben Priyantun Namung Maringaken Perkawis Kemawon Dhateng Kṛṣṇa



His Divine Grace Srila Bhaktisiddhanta Sarasvati Gosvami Prabhupada's Appearance Day, SB 6.3.24 -- Gorakhpur, February 15, 1971

Dados filsafat Māyāvādī ngersakaken mbuktekaken bilih kaluhuran ingkang pamungkas inggih menika nirākāra utawi impersonal (tamanpa kaprianggan). Amargi menika Kṛṣṇa maringaken kalantipan dhateng panjenengan, "Ya, ajokake iki. Ajokake logika iki, logika iku, logika iki." Kados mekaten punika, Kṛṣṇa maringaken ...

Wonten satunggal paripaos Bengali menggah ing kados pundi Gusti Pangeran makarya. Wonten satunggaling priyantun kakung, satunggaling ingkang nggadhahi griya, piyambakipun saweg ndonga dhateng Gusti Pangeran, "Gusti Pangeran ingkang sae atinipun, mugi-mugi mboten wonten kedadosan pamaling lan prampokan wonten griya kawula punika. Nyuwun keparengipun kangge ngawilujengaken kawula." Dados wonten setunggal priyantun ingkang ngendikakaken donga lan donganipun kados mekaten. Samentawis punika, wonten satunggaling priyantun ingkang sanesipun ingkang ugi saweg ndonga, piyambakipun minangka sang maling, "Gusti Pangeran ingkang sae atinipun, kala dalu punika kawula ngrancang kangge ngrampok griya punika. Nyuwun keparengipun kangge mbiyantu kawula amrih kawula saged ngangsalaken satunggaling kasil." Dados, sapunika kados pundi kapinarakanipun Kṛṣṇa? (gumuyu). Kṛṣṇa wonten ing salebeting kalbunipun saben priyantun. Dados Panjenenganipun kedah maringaken kalegan dhateng sakmekaten kathahipun donga. Donganipun sang begal, sang maling lan priyantun ingkang nggadhahi griya, wonten kathah sanget donga. Dados Kṛṣṇa nindakaken pranatan ..... Nanging Panjenenganipun panggah kemawon .... Punika lantipipun Kṛṣṇa, kados pundi saklajengipun Panjenenganipun nindakaken pranatan punika. Panjenenganipun maringaken kabebasan dhateng saben priyantun. Lan saben priyantun dipunparingi sarana, nanging panggah kemawon Panjenengan dados wonten ing salebetipun pakewed. Amargi menika Kṛṣṇa dhawuh dhateng para panyembahipun amrih, "Aja ngrancang apapun. He sampeyan sing kurang ajar, sampeyan sing mung umuk-umukan wae, aja menehi Aku perkara. (gumuyu). Ayo pada pasrah dhiri menyang Aku. Turuti wae rancanganKu, sampeyan arepe dadi raharja. Marga sampeyan nggawe rancangan, mula sampeyan dadi ora raharja lan Aku uga dadi ora raharja. (gumuyu). Aku uga dadi ora raharja. Ana sakmana akehe rancangan sing mlebu saben dinane lan Aku kudu nuruti kuwi kabeh." Nanging Panjenenganipun luber ing pangestu. Menawi ... Ye yathā māṁ prapadyante tāṁs ... (BG 4.11).

Amargi menika, kejawi para panyembah Kṛṣṇa, mila saben priyantun namung maringaken perkawis kemawon dhateng Kṛṣṇa, perkawis, perkawis lan perkawis. Amargi menika, piyambakipun sedaya dipunwastani minangka duṣkṛtina. Duṣkṛtina, priyantun ingkang awon sanget, para durjana. Dados, sampun ndamel rancangan menapa-menanapun. Panjenengan tampi kemawon rancanganipun Kṛṣṇa. Ndamel rancangan miyambaki punika namung badhe maringaken perkawis kemawon kangge Kṛṣṇa. Amargi menika, satunggaling panyembah malah ugi mboten ndonga kangge pangupakaran dhirinipun piyambak. Kados menika panyembah ingkang murni. Piyambakipun mboten ngersakaken maringaken perkawis dhateng Kṛṣṇa, senaos dene namung kangge pangupakaraning dhirinipun piyambak ingkang paling prasaja. Menawi piyambakipun mboten ngangsalaken pangupakaran, mila piyambakipun badhe ngimbaraken perkawis punika kapuntindakaken, piyambakipun lajeng nindakaken siyam, lan panggah kemawon piyambakipun mboten nyuwun dhateng Kṛṣṇa. "Kṛṣṇa, kawula anglih sanget. Nyuwun paringaken dhaharan dhateng kawula." Tamtu kemawon, Kṛṣṇa.tansah tanggap dhateng para panyembahipun, nanging prinsipipun satunggaling panyembah inggih menika bilih piyambakipun mboten manggenaken rancangan menapapun dhateng Kṛṣṇa. Kersanipun Kṛṣṇa ingkang nindakaken perancangan. Kawula sedaya namung nindakaken miturut rancanganipun Kṛṣṇa.

Dados menapa sakleresipun rancanganipun kawula sedaya? Rancanganipun kawula sedaya, sami kados dene ingkang sampun dipunpratelaaken dening Kṛṣṇa inggih menika, sarva-dharmān parityajya mām ekaṁ śaraṇaṁ (BG 18.66). Man-manā bhava mad-bhakto mad-yājī. Dados rancanganipun kawula sedaya inggih menika satunggaling perkawis ingkang sami punika. Kawula sedaya namung madosi panyengkuyung kemawon kangge Kṛṣṇa, inggih menika kanthi cara, "Nyuwun keparengipun panjenengan dados insap dhateng Kṛṣṇa." Kawula sedaya kedah nindakaken perkawis punika kanthi tuladhaning dhirinipun kawula sedaya piyambak, kados pundi kawula sedaya dados insap dhateng Kṛṣṇa, kados pundi kawula sedaya muja Panjenenganipun, kados pundi kawula sedaya tindak dhateng margi kangge ngendikakaken asmanipun Kṛṣṇa, asma ingkang rohani. Lan sapunika kawula sedaya mandumaken prasādam Kṛṣṇa. Saksagedipun, perkawisipun kawula sedaya inggih menika kangge miluta para priyantun kados pundi anggenipun amrih piyambakipun sedaya dados insap dhateng Kṛṣṇa. Punika kemawon. Kangge pawadan punika, mila panjenengan saged ndamel rancanganipun piyambak, amargi punika minangka rancanganipun Kṛṣṇa. Nanging punika ugi kedah dipunsarujuki dening Kṛṣṇa. Sampun ndamel rancangan ingkang namung minangka angan-angan damelanipun panjenengan piyambak. Amargi menika, kangge tuntunanipun panjenengan, satunggaling walinipun Kṛṣṇa dipunbetahaken. Punika guru karohanen.

Dados wonten satunggaling rancangan ingkang ageng sanget lan wonten satunggaling pranatan ingkang ugi ageng sanget. Amargi menika kawula sedaya kedah napak tilas lampahipun para mahājana. Sami kados dene ingkang dipunpratelaaken wonten mriki bilih, dvādaśaite vijānīmo dharmaṁ bhāgavataṁ bhaṭāḥ. Piyambakipun ngendikan bilih, "Kita, para mahājana ingkang sampun dipunpilih, ingkang minangka para walinipun Kṛṣṇa, kita mangertosi menapa bhāgavata-dharma punika, menapa Kṛṣṇa dharma punika." Dvādaśa. Dvādaśa. Ingkang dipunkajengaken kanthi dvādaśa inggih menika kalihwelas asma, ingkang sampun dipunsebataken, svayambhūr nāradaḥ śambhuḥ ... (SB 6.3.20). Kawula sampun ngandharaken menggah ing perkawis punika. Dados Yamarāja ngendikan, "Namung kita, kekalihwelas priyantun punika, para walinipun Kṛṣṇa, ingkang mangertosi menapa bhāgavata-dharma punika." Dvādaśaite vijānīmaḥ. Vijānīmaḥ suraosipun "kita mangertosi." Dharmaṁ bhāgavataṁ bhaṭāḥ, guhyaṁ viśuddhaṁ durbodhaṁ yaṁ jñātvāmṛtam aśnute. "Kita mangertosi." Amargi menika dipunprayogekaken bilih, mahājano yena gataḥ sa panthāḥ (CC Madhya 17.186). Dados sami kados dene ingkang sampun dipuntamtokaken dening para mahājana punika, mila punika margi ingkang sakleresipun kangge mangertosi Kṛṣṇa, utawi kangge ngangsalaken kawilujengan rohani.

Amargi menika kawula sedaya tumut Brahma-sampradāya punika, ingkang wiwitanipun, Svayambhū. Brahmā. Brahmā, lajeng Nārada, saking Nārada, Vyāsadeva. Kanthi cara ingkang kados mekaten, Madhvācārya, Śrī Caitanya Mahāprabhu, kanthi cara ingkang kados mekaten ugi. Dados dinten menika, amargi kawula sedaya napak tilas lampahipun Śrī Bhaktisiddhānta Sarasvatī Gosvāmī Prabhupāda, mila wonten ing wekdal sapunika, dinten menika minangka dintening miyosipun piyambakipun. Mila kawula sedaya kedah maringaken pakurmatan dhateng tithi punika kanthi raos kurmat sanget lan ndonga dhateng Bhaktisiddhānta Sarasvatī Gosvāmī bilih, "Kita saweg ewed nindakaken paladosan dhateng panjenengan. Mila nyuwun keparengipun maringaken kakiyatan dhateng kita, paringaken kalantipan dhateng kita. Lan kita ugi saweg dipuntuntun dening para abdi sewakanipun panjenengan." Mila kados mekaten menika kedahipun kawula sedaya ndonga. Lan kawula menggalih, kawula sedaya badhe mandumaken prasādam wonten ing kala dalu.