JV/Prabhupada 0061 - Raga Punika Minangka Satunggaling Kampil Saking Lulang, Balung Lan Getih



Northeastern University Lecture -- Boston, April 30, 1969

Para putera-puteriku, kawula ngaturaken maturnuwun sanget amargi sampun rawuh ing pasamuan punika. Kawula sedaya saweg nyebaraken pakempalan kainsapan Kṛṣṇa punika amargi wontenipun kabetahan ingkang ageng sanget dhateng pakempalan punika wonten ing sakindhenging ngalam donya, lan prosesipun gampil sanget. Punika kabegjanipun. Kawitanipun, cobi mangertosi menapa tataran rohani punika. Dumugi sakmenika, kanthi nimbang kawontenan gesang kawula sedaya, mila kawula sedaya saweg wonten ing tataran ingkang benten-benten. Dados kawitanipun kawula sedaya kedah wonten ing tataran rohani. Mila wau saklajengipun wonten menapa ingkang dipunwastani minangka meditasi rohani. Ing salebetipun Bhagavad-gītā, Parwa Kaping Tiga, panjenengan badhe manggihaken bilih kawula sedaya nggadhahi kawontenan gesang kasindhet ingkang benten-benten. Ingkang kaping sepindhah inggih menika indriyāṇi parāṇy āhur ... (BG 3.42). Tembung Sansekerta, indriyāṇi. Ingkang kaping sepindhah inggih menika konsep gesang ingkang adhedhasar dhateng raga. Saben priyantun saking kawula sedaya ingkang wonten ing donya material punika, kawula sedaya wonten ing salebetipun konsep gesang ingkang adhedhasar dhateng raga punika. Kawula mengalih bilih kawula priyantun India mila, "Kawula priyantun India." Panjenengan menggalih bilih panjenengan priyantun Amerika. Satunggaling priyantun menggalih, "Kawula priyantun Russia." Satunggaling priyantun malih menggalih, "Kawula priyantun puniki ... punika..." Mila saben priyantun saklajengipun menggalih bilih, "Kawula minangka raga punika." Punika minangka satunggaling standar utawi tataran. Tataran punika dipunwastani minangka tataran ingkang adhedhasar dhateng indria-indria, amargi sakdangunipun kawula sedaya taksih nggadhahi konsep gesang ingkang adhedhasar dhateng raga, mila kawula sedaya tansah menggalih bilih karaharjan dipunkersakaken minangka kalegan dhateng indria-indria. Punika kemawon. Karaharjan dipunkersakaken minangka kalegan dhateng indria-indria amargi raga dipunsuraosaken ugi minangka indria-indria.

Dados, indriyāṇi parāṇy āhur indriyebhyaḥ paraṁ manaḥ (BG 3.42). Gusti Pangeran Śri Kṛṣṇa dhawuh bilih ing salebetipun konsep gesang material, utawi konsep gesang ingkang adhedhasar dhateng raga, indria-indria kawula sedaya kawistara sanget. Perkawis punika saweg kapuntindakaken sakmenika. Sanes namung sakmenika, nanging malah ugi wiwit dipunriptakakenipun ngalam donya material punika. Punika lelaranipun, inggih menika bilih, "Kawula minangka raga punika." Śrīmad-Bhāgavata dhawuh, yasyātma-buddhiḥ kuṇape tri-dhātuke sva-dhīḥ kalatrādiṣu bhauma ijya-dhiḥ (SB 10.84.13) bilih, "Saben priyantun ingkang nggadhahi pambudi kanthi konsep dhateng raga kados mekaten mangertosi bilih 'kawula minangka raga ...' " Ātma-buddhiḥ kuṇape tri-dhātu. Ātma-buddhiḥ suraosipun konsep menggah ing sang dhiri ingkang wonten ing salebetipun kampil ingkang dipundamel saking lulang lan balung. Punika namung satunggaling kampil. Raga punika minangka satunggaling kampil lulang ingkang dipuniseni balung, getih, uyuh, rereged lan ingkang sanesipun. Panjenengan pirsani? Nanging kawula sedaya saweg menggalih bilih, "Kawula sedaya minangka kampil lulang ingkang dipuniseni balung, rereged lan uyuh punika. Punika kaendahanipun kawula sedaya. Punika sedayanipun ingkang minangka gadhahanipun kawula sedaya."

Wonten kathah sanget cariyos ingkang sae... Tamtu kemawon, wekdalipun namung sekedhap sanget. Senaos mekaten, kawula ngersakaken kangge nyariosaken setunggal cariyos cendhek, bilih wonten satunggaling priyantun kakung, setunggal kaneman ingkang kepranan dhateng satunggaling priyantun estri ingkang ayu sanget. Sang priyantun estri mboten purun, nanging sang priyantun kakung kiyat sanget tekadipun. Dados ing India, para priyantun estri, piyambakipun sedaya ngugemi kasucenipun kanthi teguh sanget. Dados sang priyantun estri tansah mboten purun. Amargi menika piyambakipun lajeng ngendikan, "Inggih, kawula purun. Panjenengan rawuh mriki setunggal minggu malih." Piyambakipun ngandharaken, "Panjenengan rawuh jam sakmenten." Sang priyantun kakung ngraos remen sanget. Sang priyantun estri lajeng ngawiti ngunjuk jampi urus-urus sakdangunipun pitung dinten saengga amargi menika piyambakipun mbebucal sareng mutah-mutah saben dinten lan saben dalu lan piyambakipun lajeng ngrimat sedaya utah-utah lan sedaya reregedipun wonten ing salabeting jambangan ingkang sae sanget. Nalikanipun wekdal ingkang disemadosaken sampun dugi, mila sang priyantun kakung rawuh lajeng manggihi sang priyantun estri ingkang saweg lenggah wonten ing ngajengipun lawang. Sang priyantun kakung tangled, "Wonten pundi priyantun estri punika?" Sang priyantun estri mangsuli, "Kawula priyantun estri menika." "Sanes, sanes. Sanens panjenengan. Pasuryan panjenengan awon sanget. Priyantun estri punika ayu sanget. Panjenengan tamtu sanes piyambakipun." "Sanes, kawula sayekti priyantun estri menika, nanging kawula sampun misahaken ayunipun kawula dhateng lebetipun panggenan ingkang benten." "Menapa ingkang dipunkersakaken?" Lajeng sang priyantun estri nedahaken, "Punika ayunipun kawula, rereged sareng utah-utah punika. Kados mekaten isenipun ayu punika." Sakleresipun, saben priyantun mbok menawi ketingal ayu lan resep sanget -- nanging saknalikanipun piyambakipun mbebucal dumugi kaping tiga utawi kaping sekawan, mila saknalikanipun ugi sedayanipun dados bribah.

Dados ingkang kawula kersakaken, sami kados dene ingkang dipunpratelakaken ing salebetipun Śrīmad-Bhāgavatam inggih menika bilih konsep gesang ingkang adhedhasar dhateng raga punika mboten maringaken pikantuk kados ingkang dipunkajeng-kajeng. Yasyātma-buddhiḥ kuṇape tri-dhātuke. (SB 10.84.13).