JV/Prabhupada 0062 - Mirsani Kṛṣṇa Sekawanlikur Jam Sakdintenipun



Lecture on SB 1.8.18 -- Chicago, July 4, 1974

Prabhupāda : Ārādhito yadi haris tapasā tataḥ kiṁ. Menawi panjenengan sedaya sampun saged muja Kṛṣṇa, mila mboten badhe dipunbetahaken malih mertapa, panebusan dosa ... Amargi kangge dados insap dhiri utawi kangge mangertosi Gusti Pangeran, wonten kathah sanget proses, mertapa lan panebusan dosa. Kadang kawis kawula kedah tindak dhateng wana, tindak dhateng wana kangge madosi Gusti Pangeran, wonten pundi ... Dados, wonten proses-proses ingkang benten-benten, nanging śāstra dhawuh bilih menawi panjenengan muja Kṛṣṇa, ārādhito yadi haris tapasā tataḥ kiṁ, mila mboten badhe wonten malih mertapa lan panebusan dosa ingkang awrat, ingkang kedah panjenengan sedaya tindakaken. Lan narādhito, narādhito yadi haris tapasā tataḥ kim, lan wewusanipun sesampunipun nglampahi, sesampunipun nindakaken mertapa sarta panebusan dosa ingkang awrat, menawi panjenengan taksih dhereng mangertosi sinten Kṛṣṇa punika, lajeng menapa ginanipun? Punika sedaya namung minangka kamuspran kemawon. Narādhito yadi haris tapasā tataḥ kim, antar bahir yadi haris tapasā tataḥ kiṁ. Sami kados dene, menawi panjenengan sedaya saged kepanggih sareng Kṛṣṇa sakdangunipun sekawanlikur jam sakdintenipun, wonten lebet sarta wonten jawi, mila punika pungkasanipun saking sedaya tapasya.

Dados wonten mriki Kṛṣṇa dhawuh malih bilih ........ Kuntī ngendikan bilih, "Senaos dene Kṛṣṇa wonten in lebet sarta ing jawi, nanging amargi kawula sedaya mboten nggadhahi netra kangge mirsani Panjenenganipun, mila "alakṣyam," Panjenenganipun mboten ketingal." Sami kados dene wonten mriki nalikanipun Kṛṣṇa rawuh ing madyalaga Kurukṣetra, namung gangsal Pāṇḍava sarta ibu piyambakipun sedaya, Kuntī, piyambakipun sedaya kemawon ingkang saget mangertosi bilih Kṛṣṇa minangka Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Lan wonten sekhedik priyantun ingkang ugi mangertosi perkawis punika. Dados, senaos dene Kṛṣṇa rawuh, nanging para priyantun mastani Panjenenganipun minangka limrahipun jalmi kemawon. Avajā..., avajānanti māṁ mūḍhā mānuṣīṁ tanum āśritam. Amargi Panjenenganipun sae ati sanget dhateng para jalmi, mila Panjenenganipun rawuh piyambak. Nanging panggah kemawon, amargi piyambakipun sedaya mboten nggadhahi netra kangge mirsani Panjenenganipun, mila piyambakipun sedaya mboten saged mirsani. Amargi menika Kuntī ngendikan, alakṣyam, "Panjenengan mboten ketingal, senaos dene Panjenengan minangka antaḥ bahiḥ, sarva-bhutanam." Sanes dipunsuraosaken bilih antaḥ bahiḥ namung dhateng para panyembah kemawon -- nanging dhateng sedayanipun. Kṛṣṇa wonten ing salebeting kalbunipun sedaya priyantun, īśvaraḥ sarva-bhūtānāṁ hṛd-deśe. Kawula ngendikan kanthi werit menggah ing punika, hṛd-deśe, wonten ing salebetipun ati utawi kalbu, Kṛṣṇa wonten mrika. Sakmenika, amargi menika, meditasi prisnsip yoga, sedayanipun dipunkersakaken kangge mangertosi kados pundi caranipun manggihi Kṛṣṇa ing salebeting kalbu. Punika ingkang dipunwastani minangka meditasi.

Dados kapinarakan Kṛṣṇa tansah rohani. Menawi kawula sedaya nampi proses rohani punika, kainsapan Kṛṣṇa punika, prinsip-prinsip ingkang mranata, sarta ugi ngiktiyaraken kangge dados mardika saking gesang ingkang duraka Amargi panjenengan sedaya mboten saged mirsani Kṛṣṇa utawi mangertosi Kṛṣṇa nalikanipun panjenengan sedaya saweg nindakaken kridha-kridha duraka. Punika mestail. Na māṁ duṣkṛtino mūḍhāḥ prapadyante narādhamāḥ. Piyambakipun sedaya ingkang minangka para duṣkṛtinaḥ ....... Kṛti suraosipun pantes, asipat pantes, nanging duṣkṛti, kepantesan ingkang dipuntumrapaken dhateng kridha-kridha duraka. Amargi menika kawula sedaya mundhut amrih ... Kawula sedaya mboten mundhut, punika minangka, kersanipun kawula, punika minangka hukum sarta pranatanipun kawula sedaya, bilih satunggaling priyantun kedah mardika saking kridha-kridha duraka. Kridha-kridha duraka, wonten sekawan sakagurunipun gesang duraka, inggih menika gesang seks ingkang dipunawisi, dhahar daging, mabuk-mabukan lan judi. Dados para sisya dipundhawuhi ...., sanes dipundhawuhi, nanging piyambakipun sedaya kedah nindakaken, menawi mboten mila piyambakipun sedaya badhe dhawah. Amargi satunggaling priyantun duraka mboten saged mangertosi Gusti Pangeran. Wonten ing satunggaling iringan, kawula sedaya kedah nindakaken prinsip-prinsip ingkang mranata sarta proses-proses paladosan bhakti, lan wonten ing iringan sanesipun kawula sedaya ugi kedah nyumingkir saking kridha-kridha duraka. Mila saklajengipun Kṛṣṇa rawuh lan panjenengan sedaya saged ngendikan dhateng Panjenenganipun, kawula sedaya saged wonten sareng Kṛṣṇa. Kṛṣṇa punika sae ati sanget. Sami kados dene Kuntī ingkang ngendikan dhateng Panjenenganipun minangka satunggaling kepenakanipun, mila sami kados dene, panjenengan sedaya ugi saged ngendikan dhateng Kṛṣṇa minangka putera panjenengan, minangka garwa kakung panjenengan, minangka kang kinasih panjenengan, minangka mitra panjenengan, minangka bendara panjenengan, sakkersanipun panjenengan kemawon.

Dados, kawula remen sanget mirsani temple Chicago punika. Panenengan sedaya sampun makarya kanthi sae sanget, lan bale pasamuanipun ugi sae sanget. Dados lajengaken ngugemi kasusilan paladosan bhaktinipun sarta dados insap dhateng Kṛṣṇa. Mila gesang panjenengan sedaya badhe angsal damel.

Panyembah : Jaya! Haribol!