JV/Prabhupada 0079 - Pangaos Sanes Kangge Kawula



Lecture on SB 1.7.6 -- Hyderabad, August 18, 1976

Sakmenika, para priyantun landa punika, piyambakipun sedaya sanes priyantun Hindu, sanes priyantun India lan ugi sanes para brāhmaṇa. Kadospundi piyambakipun saged nampi prinsip punika? Piyambakipun sedaya sanes para priyantun ingkang kirang lantip lan sanes para bajingan. Piyambakipun sedaya rawuh saking kulawargi ingkang kinurmatan lan kapunwucal kanthi sae. Dados, kawula ugi nggadhahi center-center wonten ing Iran. Wonten ing Teheran, kawula saweg wangsul saking mrika. Kawula nggadhahi kathah sanget para sisya saking kalangan Muslim, lan piyambakipun sedaya ugi nampi prinsip punika. Wonten ing Afrika, piyambakipun sedaya sampun nampi prinsip punika. Wonten ing Australia, piyambakipun sedaya ugi sampun nampi prinsip punika. Wonten ing sakindhenging jagad. Dados, punika ingkang minangka missi saking Caitanya Mahāprabhu.

pṛthivīte āche yata nagarādi grāma
sarvatra pracāra haibe mora nāma
(CB Antya-khaṇḍa 4.126)

Punika ingkang minangka jangka saking Gusti Pangeran Caitanya Mahāprabhu. Wonten ing sedaya kutha lan dhusun ingkang wonten ing sakindhenging jagad, pakempalan kainsapan Kṛṣṇa punika badhe sumebar. Dados pangaos punika sanes kangge kawula, nanging punika namung minangka satunggaling pamarsudi alit, satunggaling pamarsudi ingkang dipunluberi lembah manah Dados menawi satunggaling priyantun saged nindakaken, miturut istilahipun panjenengan, saged angsal damel, kenging menapa kawula sedaya mboten saged nindakaken perkawis ingkang sami punika? Caitanya Mahāprabhu sampun maringaken serat kuwaos dhateng sedaya priyantun India. Bhārata-bhūmite haila manuṣya-janma yāra (CC Adi 9.41). Panjenenganipun dhawuh perkawis punika dhateng para jalma, sanes dhateng para kucing lan para segawon. Dados, manuṣya-janma yāra janma sārthaka kari'. Wonten ing kawitanipun, iktiyaraken kangge mangertosi menapa pangangkahipun gesang punika. Punika dipunwastani minangka janma sārthaka. Janma sārthaka kari' kara para-upakāra. Mangga panjenengan miyos. Wonten pundi-pundi kathah sanget kabetahan dhateng kainsapan Kṛṣṇa.