JV/Prabhupada 1064 - Gusti Pangeran Pinarak Wonten Ing Salebetipun Hredayanipun Sagung Dumadi

From Vanipedia
Jump to: navigation, search
Go-previous.png Kaca Saderengipun - Video 1063
Kaca Sasampunipun - Video 1065 Go-next.png

Gusti Pangeran Pinarak Wonten Ing Salebetipun Hredayanipun Sagung Dumadi
- Prabhupāda 1064


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Kainsapan ingkang utami, punika badhe dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā ing salebetipun parwa ingkang ngandharaken bentenipun antawis jīva lan īśvara. Kṣetra-kṣetra-jña. Istilah kṣetra-jña punika sampun dipunandharaken, bilih Gusti Pangeran ugi minangka kṣetra-jña utawi ingkang kagungan kainsapan, lan para jīva utawi sagung dumadi, sedayanipun ugi nggadhahi kainsapan. Nanging bentenipun inggih menika bilih satunggaling dumadi namung nginsapi wonten ing salebetipun saliranipun piyambak ingkang cumpen kemawon, senaos mekaten Gusti Pangeran nginsapi sedaya salira. Īśvaraḥ sarva-bhūtānāṁ hṛd-deśe 'rjuna tiṣṭhati (BG 18.61).

Gusti Pangeran lenggah wonten ing salebetipun hredayanipun sagung dumadi, amargi menika Panjenenganipun nginsapi sedaya ewahipun jiwa lan sedaya kridhanipun salah satunggaling jīva tertamtu. Kawula sedaya kedahipun mboten kesupen dhateng perkawis punika. Ugi sampun dipunandharaken bilih Paramātmā utawi Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa lenggah wonten ing salebetipun hredayanipun sagung dumadi minangka īśvara, minangka ingkang ngendhalekaken, lan Panjenenganipun saweg maringaken pitedah. Panjenenganipun saweg maringaken pitedah. Sarvasya cāhaṁ hṛdi sanniviṣṭhaḥ (BG 15.15). Wonten ing salebetipun hredayanipun sagung dumadi Panjenenganipun lenggah, lajeng Panjenenganipun maringaken pitedah kangge nindakaken kados dene ingkang dipunkersaaken dening satunggaling dumadi. Satunggaling dumadi kesupen datheng menapa ingkang kedahipun ditindakaken. Wiwitanipun piyambakipuni netepaken manahipun kangge nindakaken ngelumantari setunggaling cara tertamtu, lajeng piyambakipun dados kejiret wonten ing salebetipun tandang lan tumanggap saking karmanipun piyambak. Nanging sesampunipun gantos wujud salira, nalikanipun piyambakipun mlebet datheng wujud salira sanesipun ... Sami kados dene nalikanipun kawula sedaya gantos sawerni rasukan, saking sawerni rasukan dipungentosi kaliyan sawerni rasukan sanesipun, mila sami kados denen ingkang sampun dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā punika bilih, vāsāṁsi jīrṇāni yathā vihāya (BG 2.22). Satunggaling priyantun, sami kados dene nalinipun piyambakipun nggantos rasukanipun ingkang benten-benten, mila sami sami ugi perkawisipun kaliyan sagung dumadi, sedayanipun ugi saweg nggantos salira-salira ingkang benten-benten, pangalihan atma, panyeretipun tandang lan tumanggap saking kridhanipun ingkang kapengker. Dados sedaya kridha punika saget dipunrebah nalikanipun sagung dumadi saweg wonten ing salebetipun sipat kabecikan, nalikanipun piyambakipun saweg waras lan nalikanipun piyambakipun mangertosi kridha menapa kemawon ingkang kedah kalampahaken, lan menawi piyambakipun nindakaken ingkang kados mekaten, mila sedaya tandang lan tumanggap lan kridhanipun ingkang kapengker saget dipunrebah. Amargi menika, karma mboten langgeng sipatipun. Perkawis ingkang sanesipun, sekawan perkawis saking sedaya gangsal bakuning rembagan punika --- īśvara, jīva, prakṛti, kāla, lan karma --- sekawan perkawis punika langgeng sipatipun, sauntawis karma, perkawis punika mboten langgeng sipatipun.

Sapunika, īśvara ingkang nggadhahi kainsapan kaliyan Īśvara ingkang kagungan kainsapanan ingkang utami, sarta bentenipun antawis Īśvara ingkang kagungan kainsapan ingkang utami utawi Gusti Pangeran kaliyan sagung dumadi, ing salebetipun kawontenan sapunika inggih kados mekaten. Kainsapan, kainsapan saking kekalihipun, saking Gusti Pangeran lan sagung dumadi, sedaya kainsapan punika rohani sipatipun. Maknanipun sanes bilih kainsapan punika dipunkasilaken saking manunggalipun sedaya perkawia kasebat. Punika satunggaling pamikiran ingkang klentu. Teori ingkang mratelaaken bilih kainsapan ngerembaka ing salebetipun kawontenan tertamtu saking wewantahan materi mboten dipuntampi ing salebetipun Bhagavad-gītā. Pratelan ingkang kados mekaten mboten saget dipuntampi. Kainsapan saget kemawon dipunpendalaken kanthi menceng dening aling-aling ingkang mawujud kawontenan-kawontenan material, sami kados dene teja ingkang dipunpendalaken lumantar kaca warni saget ugi badhe ketingal nggadhahi warni ingkang sami kaliyan kaca punika. Sami kados dene bilih kainsapan Gusti Pangeran punika mboten saget kaperbawan dening kawontenan material. Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, Kṛṣṇa, Panjenenganipun dhawuh bilih, mayādhyakṣeṇa prakṛtiḥ (BG 9.10). Nalikanipun Panjenenganipun miyos wonten ing ngalam donya material punika, kainsapanipun mboten kaperbawan dening kawontenan material. Menawi kainsapanipun saget kaperbawan dening kawontenan material, mila Panjenenganipun tamtu kemawon mboten saget ndawuhaken bakuning rembagan rohani ing salebetipun Bhagavad-gītā. Mboten wonten satungaling dumadi ingkang saget atur priksa perkawis ngalam donya rohani tanpa dados bebas saking kainsapan ingkang sampun cemer kados dene material. Dados Gusti Pangeran mboten cemer kados dene material. Nanging kainsapan kawula sedaya sapunika saweg cemer kados dene material. Dados sedayanipun, kados ingkang sampun kawulangaken dening Bhagavad-gītā inggih menika bilih kawula sedaya kedah nyucekaken kainsapanipun ingkang sampun cemer kados dene material, lan ing salebetipun kainsapan ingkang murni punika, sedaya kridha badhe dipuntindakaken. Menika ingkang badhe ndadosaken kawula sedaya raharja. Kawula sedaya mboten saget ngendhegaken, kawula sedaya mboten saget ngendhegaken kridha-kridha. Nanging kridha-kridha punika ingkang kedah dipunsucekaken. Lan kridha-kridha ingkang sampun dipunsucekaken punika dipunwastani minangka bhakti. Bhakti suraosipun bilih kridha-kridha punika, sanaos piyambakipun sedaya ketingalipun sami kados limrahipun kridha-kridha, nanging sedayanipun minangka kridha-kridha ingkang mboten cemer. Sedayanipun sampun dipunsucekaken. Dados satunggaling priyantun ingkang wonten ing salebetipun sipat mboten-lantip saget ugi mirsani bilih satunggaling panyembah saweg ngasta damel kados limrahipun tiyang sanesipun, nanging tiyang ingkang seserepanipun andhap sanget, piyambakipun mboten mangertosi bilih kridha-kridhanipun satunggaling panyembah utawi kridha-kridha Gusti Pangeran menika mboten cemer dening kainsapan material ingkang reged, rereged ingkang sangkanipun saking tri guṇa, tiga sipat ngalam, nanging kridha-kridha punika inggih minangka kainsapan ingkang rohani. Dados kainsapan kawula sedaya sampun cemer dening kawontenan material, kawula sedaya kedah mangertosi perkawis punika.