JV/Prabhupada 1068 - Wonten Tigang Werni Kridha Ingkang Sami Kados Dene Sipatipun Ngalam Ingkang Benten-benten: Difference between revisions
(Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1068 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...") |
(Vanibot #0023: VideoLocalizer - changed YouTube player to show hard-coded subtitles version) |
||
Line 11: | Line 11: | ||
<!-- END CATEGORY LIST --> | <!-- END CATEGORY LIST --> | ||
<!-- BEGIN NAVIGATION BAR -- DO NOT EDIT OR REMOVE --> | <!-- BEGIN NAVIGATION BAR -- DO NOT EDIT OR REMOVE --> | ||
{{1080 videos navigation - All Languages| | {{1080 videos navigation - All Languages|Javanese|JV/Prabhupada 1067 - Kawula Sedaya Kedah Nampi Bhagavad-gītā Tanpa Tapsir Lan Tanpa Wontenipun Pangirangan|1067|JV/Prabhupada 1069 - Agami Nglantaraken Pangudaraos Menggah Ing Kayakinan Ingkang Saget Ewah, Sanātana-dharma Mboten Saget Ewah|1069}} | ||
<!-- END NAVIGATION BAR --> | <!-- END NAVIGATION BAR --> | ||
<!-- BEGIN ORIGINAL VANIQUOTES PAGE LINK--> | <!-- BEGIN ORIGINAL VANIQUOTES PAGE LINK--> | ||
Line 21: | Line 21: | ||
<!-- BEGIN VIDEO LINK --> | <!-- BEGIN VIDEO LINK --> | ||
{{youtube_right| | {{youtube_right|zfsE2lJoRpI|Wonten Tigang Werni Kridha Ingkang Sami Kados Dene Sipatipun Ngalam Ingkang Benten-benten<br />- Prabhupāda 1068}} | ||
<!-- END VIDEO LINK --> | <!-- END VIDEO LINK --> | ||
Line 33: | Line 33: | ||
<!-- BEGIN TRANSLATED TEXT --> | <!-- BEGIN TRANSLATED TEXT --> | ||
Gusti Pangeran, amargi Panjenenganipun pūrṇam utami | Gusti Pangeran, amargi Panjenenganipun pūrṇam utami sampurna sedayanipun, mila mestail Panjenenganipun kawon dening hukum-hukum ngalam donya material. Satunggaling priyantun kanthi mekaten kedah lantip kangge mangertosi bilih kejawi Gusti Pangeran, mboten wonten satunggaling priyantun ingkang minangka ingkang kagungan samukawis ing salebetipun jagad raya punika. Perkawis punika dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā : | ||
<div class="quote_verse"> | <div class="quote_verse"> | ||
Line 43: | Line 43: | ||
</div> | </div> | ||
Gusti Pangeran inggih menika Pangripta Ingkang | Gusti Pangeran inggih menika Pangripta Ingkang Wiwitan. Panjenenganipun minangka ingkang ngriptaaken dewa Brahmā. Panjenenganipun ingkang sayektos ngriptaaken ... Punika ugi dipunandharaken. Panjenenganipun ingkang ngriptaaken dewa Brahmā. Ing lebetipun Parwa Kaping Sewelas, Gusti Pangeran dipunandharaken minangka prapitāmaha ([[Vanisource:BG 11.39 (1972)|BG 11.39]]) amargi dewa Brahmā dipunandharaken minangka pitāmaha utawi eyang kakung. Nanging Gusti Pangeran menika malah ingkang ngripta eyang kakung punika. Dados kedahipun mboten wonten satunggaling priyantun ingkang mratelaaken piyambakipun minangka ingkang nggadhahi sedaya samukawis, nanging piyambakipun kedah nampi samukawis ingkang sampun dipuntamtoaken dening Gusti Pangeran minangka cadhongipun. Sapunika, kathah tuladha menggah ing kados pundi kawula sedaya kedahipun migunaaken bageyan peparingan saking Gusti Pangeran punika. Punika ugi dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā. Ing wiwitanipun, Arjuna sampun namtoaken bilih piyambakipun mboten kepingin perang. Punika minangka kasilipun pangudaraos piyambakipun. Arjuna matur dhateng Gusti Pangeran bilih piyambakipun mboten sagah ngrahapi karatyan sesampunipun mejahi kulawarginipun. Lan wawasan punika dipunmunculaken saking kainsapan saliranipun piyambak. Amargi piyambakipun menggalih bilih saliranipun inggih menika minangka piyambakipun lan sedaya kulawarginipun ingkang sipatipun raga, inggih menika sedherek-sedherekipun, pulunan-pulunanipun, marasepuh kaliyan eyang kakungipun, piyambakipun sedaya minangka pawiyaran saking saliranipun, lan piyambakipun saweg menggalih kanthi mekaten namung kangge nglegaaken pepinginan saliranipun piyambak. Lan samukawisipun sampun dipunsabdaaken dening Gusti Pangeran kangge ngrebah wawasan punika. Lan piyambakipun nyarujuki kangge tumindak miturut pitedah saking Gusti Pangeran. Lan piyambakipun matur, kariṣye vacanaṁ tava ([[Vanisource:BG 18.73 (1972)|BG 18.73]]). | ||
Amargi menika ing | Amargi menika ing salebetipun ngalam donya punika, para jalmi mboten dipuntujoaken kangge pasulayan kados dene para kucing lan segawon. Piyambakipun sedaya kedah lantip kangge nginsapi wigatosipun gesang ing salebetipun saliranipun jalmi lan nampik kangge tumindak kados limrahipun satwa. Kedahipun piyambakipun .... Satunggaling priyantun kedahipun nginsapi arahipun gesang ing salebetipun saliranipun jalmi. Pitedah punika dipunparingaken ing salebetipun sedaya kasusastran Veda lan underanipun dipunparingaken ing salebetipun Bhagavad-gītā. Kasusastraan Veda dipuntujoaken kangge sedaya para jalmi lan sanes dipuntujoaken kangge para kucing lan segawon. Para kucing lan segawon saget mejahi satwa sanesipun ingkang dados mangsanipun, lan kangge menika mboten wonten dosa ingkang kedah dados tanggel jawabipun. Nanging menawi satunggaling priyantun mejahi satwa namung kangge nglegaaken napsu dhaharipun ingkang mboten saget dipunkendhalekaken, mila piyambakipun kedah tanggel jawab amargi sampun ngelanggar hukum-hukum ngalam punika. Lan ing salebetipun Bhagavad-gītā sampun dipunandharaken kanthi kawistara sanget bilih wonten tigang werni kridha sami kados dene sipatipun ngalam ingkang benten-benten inggih menika : kridha ingkang sipatipun kabecikan, kridha ingkang sipatipun napsu lan kridha ingkang sipatipun kirang lantip. Sami kados dene, mila wonten ugi tigang werni dhaharan inggih menika : dhaharan ing salebetipun sipat kabecikan, dhaharan ing salebetipun sipat napsu lan dhaharan ing salebetipun sipat kirang lantip. Sedayanipun dipunandharaken kanthi kawistara, lan menawi kawula sedaya numindakaken pitedah-pitedah saking salebetipun Bhagavad-gītā kanthi leres, mila sadangunipun gesang kawula sedaya badhe dados dipunsucekaken lan pungkasanipun kawula sedaya saget nggayuh kekajenganipun. Yad gatvā na nivartante tad dhāma paramaṁ mama ([[Vanisource:BG 15.6 (1972)|BG 15.6]]). | ||
Andharan punika dipunparingaken ing salebetipun Bhagavad-gītā, bilih ing nginggilipun antariksa material punika, wonten antariksa rohani | Andharan punika dipunparingaken ing salebetipun Bhagavad-gītā, bilih ing nginggilipun antariksa material punika, wonten antariksa rohani sanesipun, ingkang dipunwastani minangka antariksa sanātana. Ing antariksa material punika, ing antariksa ingkang kalimput punika, kawula sedaya manggihaken bilih sedayanipun sauntawis sipatipun. Sedayanipun dipunwujudaken, sedayanipun tahan sauntawis, lajeng pikantuk kasil sanesipun, sasampunipun sedayanipun sungsud lan pungkasanipun sirna. Mekaten hukumipun ngalam donya material punika. Panjenengan sampun pikantuk salira punika, panjenengan ugi pikantuk satunggaling kasil utawi menapa kemawon ingkang dipunangriptaaken wonten mriki, lan sedayanipun badhe dipunlebur wusananipun. Dados ing nginggilipun ngalam donya ingkang sauntawis sipatipun punika, wonten ngalam donya sanesipun, lan andharan menggah ing ngalam sanes punika inggih kados mekaten bilih : paras tasmāt tu bhāvaḥ anyaḥ ([[Vanisource:BG 8.20 (1972)|BG 8.20]]). Wonten ngalam sanesipun ingkang langgeng, sanātana, ingkang suraosipun minangka langgeng utawi lestari. Lan jīva, piyambakipun ugi dipunandharaken minangka sanātana. Mamaivāṁśo jīva-bhūtaḥ jīva-loke sanātanaḥ ([[Vanisource:BG 15.7 (1972)|BG 15.7]]). Sanātana, sanātana suraosipun langgeng. Lan Gusti Pangeran ugi dipunandharaken minangka sanātana ing salebetipun Parwa Kaping Sewelas. Dados amargi kawula sedaya nggadhahi sesambetan ingkang raket sanget kaliyan Gusti Pangeran, lan kawula sedaya nggadhahi sipat ingkang sami kaliyan Panjenenganipun ... Sanātana-dhama, Kaprianggan Ingkang Utami ingkang sanātana sipatipun sarta sagung dumadi ingkang ugi sanātana sipatipun, sedaya punika wonten ing tataran ingkang sami sipatipun. Amarginipun panjangkanipun Bhagavad-gītā inggih menika nggesangaken malih kalenggahan sanātana kawula sedaya utawi sanātana, ingkang dipunwastani minangka sanātana-dharma, utawi kalenggahan langgeng saking sagung dumadi. Sapunika kawula sedaya saweg dipunewedaken sauntawis wekdal ing salebetipun maneka warni kridha, lan sedaya kridha punika saweg dipunsucekaken. Nalikanipun kawula sedaya ngendhegaken sedaya kridha ingkang sauntawis sipatipun, sarva-dharmān parityajya ([[Vanisource:BG 18.66 (1972)|BG 18.66]]), lan nalikanipun kawula sedaya numindakaken kridha-kridha kados denen ingkang dipunkersaaken dening Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, mila punika ingkang dipunwastani minangka gesangipun ingkang murni. | ||
<!-- END TRANSLATED TEXT --> | <!-- END TRANSLATED TEXT --> |
Latest revision as of 04:09, 12 July 2019
660219-20 - Lecture BG Introduction - New York
Gusti Pangeran, amargi Panjenenganipun pūrṇam utami sampurna sedayanipun, mila mestail Panjenenganipun kawon dening hukum-hukum ngalam donya material. Satunggaling priyantun kanthi mekaten kedah lantip kangge mangertosi bilih kejawi Gusti Pangeran, mboten wonten satunggaling priyantun ingkang minangka ingkang kagungan samukawis ing salebetipun jagad raya punika. Perkawis punika dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā :
- ahaṁ sarvasya prabhavo
- mattaḥ sarvaṁ pravartate
- iti matvā bhajante māṁ
- budhā bhāva-samanvitāḥ
- (BG 10.8)
Gusti Pangeran inggih menika Pangripta Ingkang Wiwitan. Panjenenganipun minangka ingkang ngriptaaken dewa Brahmā. Panjenenganipun ingkang sayektos ngriptaaken ... Punika ugi dipunandharaken. Panjenenganipun ingkang ngriptaaken dewa Brahmā. Ing lebetipun Parwa Kaping Sewelas, Gusti Pangeran dipunandharaken minangka prapitāmaha (BG 11.39) amargi dewa Brahmā dipunandharaken minangka pitāmaha utawi eyang kakung. Nanging Gusti Pangeran menika malah ingkang ngripta eyang kakung punika. Dados kedahipun mboten wonten satunggaling priyantun ingkang mratelaaken piyambakipun minangka ingkang nggadhahi sedaya samukawis, nanging piyambakipun kedah nampi samukawis ingkang sampun dipuntamtoaken dening Gusti Pangeran minangka cadhongipun. Sapunika, kathah tuladha menggah ing kados pundi kawula sedaya kedahipun migunaaken bageyan peparingan saking Gusti Pangeran punika. Punika ugi dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā. Ing wiwitanipun, Arjuna sampun namtoaken bilih piyambakipun mboten kepingin perang. Punika minangka kasilipun pangudaraos piyambakipun. Arjuna matur dhateng Gusti Pangeran bilih piyambakipun mboten sagah ngrahapi karatyan sesampunipun mejahi kulawarginipun. Lan wawasan punika dipunmunculaken saking kainsapan saliranipun piyambak. Amargi piyambakipun menggalih bilih saliranipun inggih menika minangka piyambakipun lan sedaya kulawarginipun ingkang sipatipun raga, inggih menika sedherek-sedherekipun, pulunan-pulunanipun, marasepuh kaliyan eyang kakungipun, piyambakipun sedaya minangka pawiyaran saking saliranipun, lan piyambakipun saweg menggalih kanthi mekaten namung kangge nglegaaken pepinginan saliranipun piyambak. Lan samukawisipun sampun dipunsabdaaken dening Gusti Pangeran kangge ngrebah wawasan punika. Lan piyambakipun nyarujuki kangge tumindak miturut pitedah saking Gusti Pangeran. Lan piyambakipun matur, kariṣye vacanaṁ tava (BG 18.73).
Amargi menika ing salebetipun ngalam donya punika, para jalmi mboten dipuntujoaken kangge pasulayan kados dene para kucing lan segawon. Piyambakipun sedaya kedah lantip kangge nginsapi wigatosipun gesang ing salebetipun saliranipun jalmi lan nampik kangge tumindak kados limrahipun satwa. Kedahipun piyambakipun .... Satunggaling priyantun kedahipun nginsapi arahipun gesang ing salebetipun saliranipun jalmi. Pitedah punika dipunparingaken ing salebetipun sedaya kasusastran Veda lan underanipun dipunparingaken ing salebetipun Bhagavad-gītā. Kasusastraan Veda dipuntujoaken kangge sedaya para jalmi lan sanes dipuntujoaken kangge para kucing lan segawon. Para kucing lan segawon saget mejahi satwa sanesipun ingkang dados mangsanipun, lan kangge menika mboten wonten dosa ingkang kedah dados tanggel jawabipun. Nanging menawi satunggaling priyantun mejahi satwa namung kangge nglegaaken napsu dhaharipun ingkang mboten saget dipunkendhalekaken, mila piyambakipun kedah tanggel jawab amargi sampun ngelanggar hukum-hukum ngalam punika. Lan ing salebetipun Bhagavad-gītā sampun dipunandharaken kanthi kawistara sanget bilih wonten tigang werni kridha sami kados dene sipatipun ngalam ingkang benten-benten inggih menika : kridha ingkang sipatipun kabecikan, kridha ingkang sipatipun napsu lan kridha ingkang sipatipun kirang lantip. Sami kados dene, mila wonten ugi tigang werni dhaharan inggih menika : dhaharan ing salebetipun sipat kabecikan, dhaharan ing salebetipun sipat napsu lan dhaharan ing salebetipun sipat kirang lantip. Sedayanipun dipunandharaken kanthi kawistara, lan menawi kawula sedaya numindakaken pitedah-pitedah saking salebetipun Bhagavad-gītā kanthi leres, mila sadangunipun gesang kawula sedaya badhe dados dipunsucekaken lan pungkasanipun kawula sedaya saget nggayuh kekajenganipun. Yad gatvā na nivartante tad dhāma paramaṁ mama (BG 15.6).
Andharan punika dipunparingaken ing salebetipun Bhagavad-gītā, bilih ing nginggilipun antariksa material punika, wonten antariksa rohani sanesipun, ingkang dipunwastani minangka antariksa sanātana. Ing antariksa material punika, ing antariksa ingkang kalimput punika, kawula sedaya manggihaken bilih sedayanipun sauntawis sipatipun. Sedayanipun dipunwujudaken, sedayanipun tahan sauntawis, lajeng pikantuk kasil sanesipun, sasampunipun sedayanipun sungsud lan pungkasanipun sirna. Mekaten hukumipun ngalam donya material punika. Panjenengan sampun pikantuk salira punika, panjenengan ugi pikantuk satunggaling kasil utawi menapa kemawon ingkang dipunangriptaaken wonten mriki, lan sedayanipun badhe dipunlebur wusananipun. Dados ing nginggilipun ngalam donya ingkang sauntawis sipatipun punika, wonten ngalam donya sanesipun, lan andharan menggah ing ngalam sanes punika inggih kados mekaten bilih : paras tasmāt tu bhāvaḥ anyaḥ (BG 8.20). Wonten ngalam sanesipun ingkang langgeng, sanātana, ingkang suraosipun minangka langgeng utawi lestari. Lan jīva, piyambakipun ugi dipunandharaken minangka sanātana. Mamaivāṁśo jīva-bhūtaḥ jīva-loke sanātanaḥ (BG 15.7). Sanātana, sanātana suraosipun langgeng. Lan Gusti Pangeran ugi dipunandharaken minangka sanātana ing salebetipun Parwa Kaping Sewelas. Dados amargi kawula sedaya nggadhahi sesambetan ingkang raket sanget kaliyan Gusti Pangeran, lan kawula sedaya nggadhahi sipat ingkang sami kaliyan Panjenenganipun ... Sanātana-dhama, Kaprianggan Ingkang Utami ingkang sanātana sipatipun sarta sagung dumadi ingkang ugi sanātana sipatipun, sedaya punika wonten ing tataran ingkang sami sipatipun. Amarginipun panjangkanipun Bhagavad-gītā inggih menika nggesangaken malih kalenggahan sanātana kawula sedaya utawi sanātana, ingkang dipunwastani minangka sanātana-dharma, utawi kalenggahan langgeng saking sagung dumadi. Sapunika kawula sedaya saweg dipunewedaken sauntawis wekdal ing salebetipun maneka warni kridha, lan sedaya kridha punika saweg dipunsucekaken. Nalikanipun kawula sedaya ngendhegaken sedaya kridha ingkang sauntawis sipatipun, sarva-dharmān parityajya (BG 18.66), lan nalikanipun kawula sedaya numindakaken kridha-kridha kados denen ingkang dipunkersaaken dening Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, mila punika ingkang dipunwastani minangka gesangipun ingkang murni.