JV/Prabhupada 1067 - Kawula Sedaya Kedah Nampi Bhagavad-gītā Tanpa Tapsir Lan Tanpa Wontenipun Pangirangan

From Vanipedia
Jump to: navigation, search
Go-previous.png Kaca Saderengipun - Video 1066
Kaca Sasampunipun - Video 1068 Go-next.png

Kawula Sedaya Kedah Nampi Bhagavad-gītā Tanpa Tapsir Lan Tanpa Wontenipun Pangirangan
- Prabhupāda 1067


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Wonten sarana ingkang jangkep kangge bageyan alit ingkang jangkep, ingkang dipunwastani minangka sagung dumadi, kangge nginsapaken Ingkang Jangkep. Lan sedaya perkawis ingkang mboten jangkep punika dipunlampahi amargi mboten jangkepipun seserepan dhateng Ingkang Jangkep. Dados Bhagavad-gītā minangka seserepan ingkang jangkep menggah ing kaluhuran Veda.

Samukawis seserepan Veda punika sampurna. Wonten tuladhanipun ingkang benten-benten menggah ing kados pundi kawula sedaya nampi bilih Veda punika sampurna. Setunggaling tuladha umpaminipun menggah ing perkawis ingkang tansah dipungatosaken dening sedaya kaum Hindu, lan kados pundi piyambakipun sedaya nampi seserepan Veda punika minangka setunggal seserepan ingkang jangkep, mila punika minangka tuladha ingkang samadya sanget. Umpaminipun perkawis menggah ing tlethong lembu. Tlethong lembu sejatosipun minangka rereged saking setunggaling satwa. Miturut smṛti utawi seserepan Veda, menawi satunggaling priyantun nyepeng reregedipun satwa, mila piyambakipun kedah enggal-enggal siram kangge nyucekaken piyambakipun. Nanging ing salebetipun kasusastran Veda, tlethong lembu punika malah dipunpratelaaken minangka satunggaling barang ingkang suci. Malah langkung saking menika, panggenan ingkang mboten suci utawi samukawis ingkang mboten suci dados dipunsucekaken malih lumantar dipunusapi tlethong lembu. Sapunika, menawi satunggaling priyantun dhebat perkawis punika bilih miturut setunggal pratelan, rereged satwa punika reged utawi mboten suci. Nanging miturut pratelan ingkang sanesipun, tlethong lembu ingkang sejatosipun ugi kalebet minangka rereged satwa dipunpratelaaken minangka satunggaling barang ingkang suci. Dados kawontenan punika ketingalipun kados satunggaling kawontenan ingkang sami geseh. Nanging sayektosipun, kawontenanipun saget kemawon ketingal kados ingkang sami geseh, nanging sejatosipun amargi menika minangka pitedah saking Veda, mila kawula sedaya nampi pitedah punika kangge ndadosaken gampil angkahipun kawula sedaya. Lan lumantar penampian punika kawula sedaya mboten nindakaken kalepatan. Sampun dipunpanggihaken lumantar ilmu kimia modern, seserepan modern, dening satunggaling sarjana ingkang asmanipun Dr. Lal Mohan Gosal, piyambakipun sampun mracekaaken tlethong lembu kanthi setiti sanget lan piyambakipun sampun manggihi bilih tlethong lembu nggadhahi satunggaling racikan saking sedaya kasiyat antiseptik. Kejawi saking menika, piyambakipun ugi sampun mracekaaken toya bengawan Gangga, namung amargi piyambakipun ngersaaken sanget mangertosi babagan punika. Dados kawula manah bilih seserepan Veda punika minangka seserepan ingkang jangkep amargi seserepan Veda ngelangkungi sedaya ingkang mangu-mangu lan sedaya kalepatan. Bhagavad-gītā punika minangka underan saking sedaya seserepan Veda. Amargi menika seserepan Veda punika sampurna. Piyambakipun dipuntedunaken lumantar satunggaing rerangken galer paguron ingkang sampurna.

Amargi menika seserepan Veda sanes minangka satunggaling obyek panaliten. Kridha panaliten kawula sedaya mboten sampurna amargi kawula sedaya nindakaken panaliten dhateng samukawis lumantar indriya-indriyanipun ingkang mboten sampurna. Amargi menika kasilipun kridha panalitenipun ugi mboten sampurna. Sayektos mboten sampurna. Kawula sedaya kedah nampi seserepan ingkang sampurna. Seserepan ingkang sampurna namung saget dipuntampi kanthi cara medhak, kados dene ingkang sampun dipunpratelaaken ing salebetipun Bhagavad-gītā, kados sapunika ingkang kawula sedaya saweg miwiti, evaṁ paramparā-prāptam imaṁ rājarṣayo viduḥ (BG 4.2). Kawula sedaya kedah nampi seserepan saking sangkan ingkang leres, ingkang wonten ing lebetipun galer paguron ingkang dumados saking para guru karohanen ingkang dipunwiwiti saking Gusti Pangeran piyambak. Dados Bhagavad-gītā dipunsabdaaken dening Gusti Pangeran piyambak. Lan Arjuna, kajeng kawula, sisya ingkang saweg marsudi Bhagavad-gītā, piyambakipun nampi sedaya andharan punika miturut aslinipun, tanpa wontenipun pangirangan. Kawula sedaya ugi mboten dipunkeparengaken kangge namung nampi setunggal bageyan saking Bhagavad-gītā lan mbalak bageyan sanesipun. Menika ugi mboten saget dipuntampi. Kawula sedaya kedah nampi Bhagavad-gītā tanpa tapsir lan tanpa pangirangan, lan tanpa wontenipun cawe-cawe ingkang mboten-mboten saking kawula sedaya ing salebetipun perkawis punika, amargi Bhagavad-gītā kedah dipuntampi minangka satunggaling seserepan Veda ingkang paling sampurna. Seserepan Veda dipuntampi saking sangkan ingkang rohani amargi tembung wiwitanipun dipunsabdaaken dening Gusti Pangeran piyambak. Tembung-tembung ingkang dipunsabdaaken dening Gusti Pangeran punika dipunwastani minangka apauruṣeya, utawi tembung-tembung ingkang sanes dipunlantaraken dening tiyang saking ngalam donya material punika, ingkang sampun dipuntulari dening sekawan prinsip menggah ing ingkang mboten sampurna. Satunggaling dumadi saking ngalam donya material punika nggadhahi sekawan prinsip menggah ing ingkang mboten sampurna ing salebetipun gesangipun inggih menika : 1) bilih piyambakipun tamtu kemawon ndamel kalepatan, 2) piyambakipun sawanci-wanci tamtu kemawon ngangen-angen, 3) piyambakipun tamtu kemawon ngupaya ngapusi tiyang sanes, 4) piyambakipun dipunparingi indriya-indryia ingkang mboten sampurna. Lumantar kasekawan prinsipmenggah ing ingkang mboten sampurna punika, satunggaling priyantun mboten saget nglantaraken wujud pawartos ingkang sampurna ing salebetipun rembagan menggah ing seserepan ingkang nglimputi sedayanipun. Veda mboten kados mekaten. Seserepan Veda dipuntanamaken ing salebetipun hredayanipun dewa Brahmā, dumadi ingkang sepindhahan dipunripta. Lan dewa Brahmā ing wekdalipun nebaraken seserepan punika dhateng sedaya puteranipun lan sisyanipun sami kados dene ingkang dipuntampi miturut aslinipun saking Gusti Pangeran.