JV/Prabhupada 1064 - Gusti Pangeran Pinarak Wonten Ing Salebetipun Hredayanipun Sagung Dumadi

Revision as of 07:08, 2 November 2018 by Gusti (talk | contribs) (Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1064 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Gusti Pangeran Pinarak Wonten Ing Salebetipun Hredaya Saking Sedaya Sagung Dumadi Karumaosan ingkang utami, babagan punika bade dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā ing parwa ingkang mangandharaken bentenipun jīva kaliyan īśvara. Kṣetra-kṣetra-jña. Istilah Kṣetra-jña punika sampun dipunandharaken, bilih Gusti Pangeran ugi minangka kṣetra-jña utawi gadhah karumaosan, lajeng para jīva utawi sedaya sagung dumadi, piyambakipun ugi gadhah karumaosan. Nanging bentenipun inggih menika bilih sawijining dumadi naming rumaos wonten ing salebetipun saliranipun piyambak ingkang cumpen menika kemawon, wondening Gusti Pangeran rumaos ngelangkungi sedaya salira. Īśvaraḥ sarva-bhūtānāṁ hṛd-deśe 'rjuna tiṣṭhati (BG 18.61).

Gusti Pangeran pinarak wonten ing salebetipun hredaya saking sedaya sagung dumadi, amargi menika Panjenenganipun rumaos ngelangkungi sedaya ewah kaliyan sedaya kridha saking sawijining jīva. Kawula sedaya kedahipun mboten nyupeaken babagan punika. Ugi sampun dipunandharaken bilih Paramātmā utawi Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos pinarak wonten ing salebetipun hredaya saking sedaya sagung dumadi minangka īśvara, utawi minangka ingkang mangendhaliaken, lan Panjenenganipun nembe maringaken pituduh. Panjenenganipun nembe maringaken pituduh. Sarvasya cāhaṁ hṛdi sanniviṣṭhaḥ (BG 15.15). Wonten ing salebetipun hredaya saking sedaya sagung dumadi Panjenenganipun pinarak, lajeng Panjenenganipun maringaken pituduh kagem tumindak ingkang dipunkersaaken kaliyan sawijining dumadi. Sawijining dumadi kesupen datheng menapa ingkang kedahpun dipunlampahi kaliyan piyambakipun. Wiwitanipun sawijining dumadi nertamtoaken bilih piyambakipun ajeng tumindak ngelumantari sawijining lelampahan, lajeng piyambakipun dados kejiret wonten ing salebetipun tandang lan tumanggap saking karmanipun piyambak. Nanging sesampunipun gumantosi sawerni salira, nalika piyambakipun lumebet datheng werni salira lintune ... Kados nalika kawula sedaya gumantosi sawerni busana, saking sawerni busana dipungentos kaliyan werni busana lintune, mila sami babaganipun ingkang sampun dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā punika bilih, vāsāṁsi jīrṇāni yathā vihāya (BG 2.22). Dados sami babaganipun nalika sawijining priyantun nembe gumantosi busana piyambakipun ingkang benten-benten, inggih mekaten ugi sedaya sagung dumadi, piyambakipun sedaya ugi nembe gumantosi salira-salira ingkang benten-benten, nembe ngelampahi pangalihan atma kaliyan nembe nelampahi panggeretan tandang lan tumanggap saking laku lan kridha piyambakipun ingkang kawuntat. Dados sedaya kridha punika saget dipunewahaken nalika sagung dumadi nembe wonten ing salebetipun sesipatan kabecikan, nalika piyambakipun nembe waras lan nalika piyambakipun mangertosi bilih kridha kados menapa ingkang kedahipun dipunlampahaken kaliyan piyambakipun, lan menawi piyambakipun tumindak kados mekaton, mila sedaya tandang lan tumanggap saking kridha piyambakipun ingkang kawuntat saget dipunewah. Amargi menika, karma punika mboten langgeng sesipatanipun. Babagan ingkang lintune, kapat-kapatipun babagan saking sedaya gangsal bakuning rembagan punika --- īśvara, jīva, prakṛti, kāla, lan karma --- kapat babagan punika langgeng sesipatanipun, samentawis karma, babagan punika mboten langgeng sesipatanipun.

Semangkin, rembagan babagan īśvara ingkang gadhah karumaosan kaliyan Īśvara ingkang gadhah karumaosan ingkang utami, lajeng ugi bentenipun antawis Īśvara ingkang gadhah karumaosan ingkang utami utawi Gusti Pangeran kaliyan sedaya sagung dumadi, ing salebetipun kawontenan semangkin inggih menika dipunandharaken kados mekaten. Karumaosan, karumaosan saking Gusti Pangeran kaliyan sedaya sagung dumadi, sedaya karumaosan punika rohani sesipatanipun. Dados, sanes dipunsuraosaken bilih karumaosan punika dituwuhaken saking manunggalipun sedaya babagan punika. Punika inggih menika reriptan ingkang klentu. Teori ingkang mratelaaken bilih karumaosan ngerembaka saking manunggaling materi ing sawijining kawontenan mboten dipuntampi ing salebetipun Bhagavad-gītā. Pratela ingkang kados mekaten mboten saget dipuntampi. Karumaosan mbok menawi kemawon dipunenggokaken bendalanipun dening aling-aling ingkang mawujud minangka kawontenan-kawontenan material, sami babaganipun kados teja ingkang dipunbendalaken lumantar kaca warni, mbok menawi ketingalipun kados gadhah warni ingkang sami kaliyan kaca punika. Mila sami babaganipun bilih karumaosan Gusti Pangeran punika mboten dipunpangaribawani kaliyan kawontenan material. Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, Kṛṣṇa, Panjenenganipun ngendika bilih, mayādhyakṣeṇa prakṛtiḥ (BG 9.10). Nalika Panjenenganipun miyos wonten ing alam dunya material punika, karumaosan Panjenenganipun mboten dipunpangaribawani kaliyan kawontenan material. Menawi karumaosan Panjenenganipun dipunpangaribawani kaliyan kawontenan material, mila Panjenenganipun mesthi kemawon mboten saget ngunandikaaken bakuning rembagan rohani ing salebetipun Bhagavad-gītā. Mboten wonten sawijining dumadi ingkang saget atur priksa babagan alam dunya rohani tamanpa mardika saking karumaosan ingkang sampun dipunregedi kalyan kawontenan material. Dados Gusti Pangeran punika mboten nate dipunregedi kaliyan kawontenan material. Nanging karumaosan kawula sedaya semangkin nembe dipunregedi kaliyan kawontenan material. Dados sarining rembagan kados ingkang sampun dipunwulangaken kaliyan Bhagavad-gītā inggih menika bilih kawula sedaya kedah nyangaskaraaken karumaosan kawula sedaya ingang sampun dipunregedi kaliyan kawontenan material, lajeng sabanjuripun ing lebetipun karumaosan ingkang sampun suci punika kawula sedaya nindakaken kridha-kridha. Punika ingkang saget mbagyaaken kawula sedaya. Kawula sedaya mboten saget ngendelaken, kawula sedaya mboten saget ngendelaken kridha-kridha. Nanging kridha-kridha punika ingkang kedah disangaskaraaken. Lan kridha-kridha ingkang sampun dipunsangaskaraaken punika dipunwastani minangka bhakti. Bhakti suraosipun inggih menika bilih kridha-kridha punika, senadyan piyambakipun sedaya ketingalipun sami kados limrahipun kridha-kridha, nanging kridha-kridha punika sanes kridha-kridha ingkang reged amargi kridha-kridha punika sampun dipunsangaskaraaken. Dados sawijining priyantun ingkang wonten ing sesipatan kamboten-mangertosan mbok menawi kemawon mirsani bilih sawijining panyembah nembe ngasto damel kados limrahipun tiyang lintune, nanging sawijining priyantun ingkang namung gadhah sekedhik sanget seserepan punika, piyambakipun mboten mangertos bilih sedaya kridha-kridha saking sawijining panyembah utawi sedaya kridha-kridha Gusti Pangeran menika mboten nate dipunregedi kaliyan karumaosan material ingkang reged, keregedan ingkang sangkanipun saking tri guṇa, tiga sesipatan alam, nanging sedaya kridha-kridha punika inggih minangka karumaosan ingkang rohani. Dados karumaosan kawula sedaya sampun dipunregedi kaliyan kawontenan material, kawula sedaya kedah sumerap babagan punika.