JV/Prabhupada 1065 - Ing Wiwitanipun Satunggaling Priyantun Kedah Marsudi Bilih Piyambakipun Sanes Salira Material Punika

Revision as of 04:07, 3 November 2018 by Gusti (talk | contribs) (Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1065 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Semangkin, nalika kawula sedaya sampun dipunregedi sanget dening kawontenan material, mila kawontenan kados mekaten dipunwastani minangka kapinarakan kawula sedaya ingkang kasindhet. Kapinarakan ingkang kasindhet. Lan ahamkara ingkang lancung, karumaosan ingkang lancung ... Karumaosan ingkang lancung punika dipunmiyosaken ing ngandhapipun sawijining citra bilih, "Kawula punika minangka kasil saking alam dunya material." Punika ingkang dipunwastani minangka ahamkara ingkang lancung. Samukawis kridha material, yasyātma-buddhiḥ kuṇape tri-dhātuke (SB 10.84.13). Yasyātma-buddhiḥ kuṇape tri-dhātuke, sawijining priyantun ingkang kusuk ing lebetipun pamanah ingkang dipunbakuaken dhateng konsep salira material. Semangkin, sedaya Bhagavad-gītā dipunandharaken kaliyan Gusti Pangeran amargi Arjuna miyosaken piyambakipun lumantar konsep salira material punika. Dados sawijining priyantun kedah marsudi kersanipun dados mardika saking konsep kagesangan ingkang dipunbakuaken dhateng salira material punika. Babagan punika minangka kridha kawitan kagem sawijining priyantun ingkang nembe madosi kaluhuran, priyantun ingkang ngersaaken kamardikan. Lan ing kawitanipun piyambakipun kedah nyumerapi bilih piyambakipun sanes salira material punika. Dados karumaosan punika, utawi karumaosan material punika .... nalika kawula sedaya sampun saget mardika saking karumaosan material punika, mila punika ingkang dipunwastani minangka mukti. Mukti utawi kamardikan punika suraosipun dados mardika saking karumaosan material. Ing salebetipun Śrīmad-Bhāgavata, suraos saking kamardikan ugi dipunandharaken minangka, muktir hitvānyathā rūpaṁ svarūpeṇa vyavasthitiḥ (SB 2.10.6). Svarūpeṇa vyavasthitiḥ. Mukti suraosipun kamardikan saking karumaosan ingkang reged ing alam dunya material punika, lajeng dados mlebet dhateng karumaosan ingkang suci. Sedaya pituduh saking Bhagavad-gītā dipunajengaken dhateng miyosipun karumaosan ingkang suci punika. Kawula sedaya saget manggihi ing parwa ingkang kawusanan saking pituduh ing salebetipun Bhagavad-gītā bilih Kṛṣṇa nembe nangleti Arjuna mbok menawi piyambakipun kala menika sampun wonten ing salebetipun karumaosan ingkang suci. Mbok menawi piyambakipun kala menika sampun wonten ing salebetipun karumaosan ingkang suci. Karumaosan ingkang suci punika suraosipun ngelaksanaaken kridha lan laku miturut pituduh saking Gusti Pangeran. Punika ingkang dipunwastani minangka karumaosan ingkang suci. Lan punika ingkang dados sedaya isen lan underanipun karumaosan ingkang suci. Karumaosan punika sampun wonten mrika, nanging amargi kawula sedaya minangka pletikan ingkang mboten saget dipunsinjangaken, mila kawula sedaya dados kaperbawan. Wonten sawijining prabawa ingkang nengsemaken saengga kawula sedaya kaperbawan dening sesipatan alam dunya material. Nanging Gusti Pangeran, Panjenenganipun Dahat Kuwaos, mila Panjenenganipun mboten nate kaperbawan. Punika bentenipun antawis Gusti Pangeran Ingkang Dahat kuwaos kaliyan ....

Semangkin, babagan karumaosan punika .... Karumaosan punika sejatosipun menapa? Karumaosan punika inggih menika "Kawula." Sinten sejatosipun kawula punika? Nalika wonten ing karumaosan ingkang reged, mila "Kawula" punika suraosipun minangka "Kawula ingkang dados bendara saking samukawis ingkang kawula lampahi." Ingkang mekaten menika dipunwastani karumaosan ingkang mboten suci. Lan sabanjuripun, suraosipun inggih menika "Kawula ingkang ngerahapi." Samukawis alam dunya material punika nembe ngluwer lan sedaya sagung dumadi nembe menggalih bilih, "Kawula punika ingkang nguwaosi lan kawula punika ingkang ngeriptaaken alam dunya material punika" Karumaosan punika gadhah kalih rupi golongan pakempalan psikologis utawi kalih peranganging psikologis. Ingkang setunggal inggih menika, "Kawula punika ingkang ngeriptaaken," lan lintune inggih menika, "Kawula punika ingkang ngerahapi." Sejatosipun naming Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos kemawon ingkang saget dipunwastani minangka Ingkang Ngeripta lan naming Panjenenganipun kemawon ingkang sejatosipun dados Ingkang Ngrahapi. Lajeng sedaya sagung dumadi, amargi piyambakipun sedaya punika minangka pletikan ingkang mboten saget dipunsinjangaken saking Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, mila sejatosipun piyambakipun sedaya sanes ingkang ngeripta utawi ingkang ngerahapi, nanging piyambakipun punika minangka ingkang sesarengan ngasto damel. Sami babaganipun kados wonten ing samukawis mesin ingkang sangkep, ingkang dipunwastani minangka peranganging mesin inggih menika suku cadang, lan suku cadang punika minangka peranganing mesin ingkang sesarengan ngasto damel ing lebetipun mesin punika. Utawi kawula sedaya inggih saget mirsani lan nyumerapi tatanan ingkang wonten ing salira kawula sedaya. Semangkin, ing salira wonten asta, suku lan wonten ugi netra. Sedaya peranganing salira punika ngasto damel sesarengan, nanging piyambakipun sedaya minangka peranganing ingkang mboten saget dipunsinjangaken saking salira. Piyambakipun sedaya sanes ingkang ngerahapi, nanging madharan punika ingkang dipunwastani minangka ingkang ngerahapi. Suku nembe ewah kangge pindhah saking setunggal panggenan dhateng panggenan lintune. Asta nembe ngempalaken, asta ugi nembe nyamektaaken cadhongan dhaharan, lan waja nembe ngemahi. Inggih mekaten samukawis peranganing salira, piyambakipun sedaya nembe ewed ing ngarem-ngaremaken madharan amargi madharan minangka kayektosan utami ing salebetipun tatanan salira punika. Samukawis kedah dipunaturaken dhateng madharan. Prāṇopahārāc ca yathendriyāṇām (SB 4.31.14). Sami babaganipun kados nalika panjenengan mirsani tetuwuhan ingkang dados ngerembuyung amargi dipunsirami toya dhateng uwodipun. Utawi panjenengan saget dados dhangan .... Peranganing salira sedaya --- asta, suku, netra, karna, jariji --- samukawis sanityasa waras lan dhangan nalika piyambakipun sedaya ngasto damel sesarengan kaliyan madharan. Mila sami kados mekaten babaganipun, dumadi ingkang utami utawi Gusti Pangeran, Panjenenganipun inggih menika Ingkang Ngerahapi. Panjenenganipun minangka Ingkang Ngerahapi lan Ingkang Ngeripta. Lajeng kawula sedaya, ingkang kawula kersaaken, sedaya sagung dumadi andhahan, ingkang minangka kasil saking energinipun Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, kawula sedaya kedah ngasto damel sesarengan kaliyan Panjenenganipun. Asto damel sesarengan kados mekaten punika migunani sanget. Umpaminipun, wonten sawijining dhaharan ingkang eco sanget dipundhut dening jariji. Menawi jariji menggalih bilih, "Kenging menapa kawula kedah maringaken dhaharan punika dhateng madharan? Langkung sae bilih kawula rahapi piyambak." Mila punika klentu sanget. Amargi jariji mboten saget ngerahapi. Upaminipun jariji ajeng ngerahapi dhaharan punika, mila piyambakipun kedah ngelebetaken dhaharan punika dhateng salebetipun madharan.