JV/Prabhupada 1067 - Kawula Sedaya Kedah Nampi Bhagavad-gītā Tanpa Tapsir Lan Tanpa Wontenipun Pangirangan: Difference between revisions

(Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1067 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
 
(Vanibot #0023: VideoLocalizer - changed YouTube player to show hard-coded subtitles version)
 
Line 11: Line 11:
<!-- END CATEGORY LIST -->
<!-- END CATEGORY LIST -->
<!-- BEGIN NAVIGATION BAR -- DO NOT EDIT OR REMOVE -->
<!-- BEGIN NAVIGATION BAR -- DO NOT EDIT OR REMOVE -->
{{1080 videos navigation - All Languages|Indonesian|JV/Prabhupada 1066 - Para Priyantun Ingkang Kirang Lantip, Piyambakipun Mastani Kaluhuran Ingkang Utami Minangka Ingkang Mboten Kagungan Kaprianggan|1066|JV/Prabhupada 1057 - Bhagavad-gītā Ugi Dipuntepang Minangka Gītopaniṣad, Underan Saking Seserepan Veda|1057}}
{{1080 videos navigation - All Languages|Javanese|JV/Prabhupada 1066 - Para Priyantun Ingkang Kirang Lantip, Sedayanipun Mastani Kaluhuran Ingkang Utami Minangka Ingkang Mboten Kagungan Kaprianggan|1066|JV/Prabhupada 1068 - Wonten Tigang Werni Kridha Ingkang Sami Kados Dene Sipatipun Ngalam Ingkang Benten-benten|1068}}
<!-- END NAVIGATION BAR -->
<!-- END NAVIGATION BAR -->
<!-- BEGIN ORIGINAL VANIQUOTES PAGE LINK-->
<!-- BEGIN ORIGINAL VANIQUOTES PAGE LINK-->
Line 21: Line 21:


<!-- BEGIN VIDEO LINK -->
<!-- BEGIN VIDEO LINK -->
{{youtube_right|STF4aMn3xzg|Kawula Sedanten Kedah Nampi Bhagavad-gītā Tamanpa Pamiraosan Lan Punggesan<br />- Prabhupāda 1067}}
{{youtube_right|E3vyYViesJI|Kawula Sedaya Kedah Nampi Bhagavad-gītā Tanpa Tapsir Lan Tanpa Wontenipun Pangirangan<br />- Prabhupāda 1067}}
<!-- END VIDEO LINK -->
<!-- END VIDEO LINK -->


Line 33: Line 33:


<!-- BEGIN TRANSLATED TEXT -->
<!-- BEGIN TRANSLATED TEXT -->
Kawula Sedanten Kedah Nampi Bhagavad-gītā Tamanpa Pamiraosan Lan Punggesan Kagem sedanten bageyan alit ingkang sangkep lan ingkang dipunwastani minangka sagung dumadi, sampun cumawis sarana ingkang sangkep kangge mangertosi Ingkang Paripurna. Samukawis kamboten-sangkepan punika sejatosipun kelampahan amargi mboten sangkepipun seserepan dhateng Ingkang Paripurna. Dados Bhagavad-gītā minangka seserepan ingkang sangkep babagan kaluhuran Veda.  
Wonten sarana ingkang jangkep kangge bageyan alit ingkang jangkep, ingkang dipunwastani minangka sagung dumadi, kangge nginsapaken Ingkang Jangkep. Lan sedaya perkawis ingkang mboten jangkep punika dipunlampahi amargi mboten jangkepipun seserepan dhateng Ingkang Jangkep. Dados Bhagavad-gītā minangka seserepan ingkang jangkep menggah ing kaluhuran Veda.  


Samukawis seserepan Veda punika sampurna. Wonten lupiya-lupiya ingkang benten-benten ngengingi kados pundi kawula sedanten nampi bilih Veda punika sampurna. Upaminipun babagan perkawis ingkang sanityasa dipungatosaken dening sedaya tiyang Hindu, lan kados pundi piyambakipun sedanten nampi seserepan Veda punika minangka ingkang sangkep, mila punika lupiya ingkang samadya sanget. Upaminipun perkawis ngengingi tlethong sapi. Tlethong sapi sejatosipun minangka rereged saking satwa. Miturut smṛti utawi seserepan Veda, menawi sawijining priyantun manglipta reregedipun satwa, mila piyambakipun kedah enggal-enggal siram kangge nyangaskaraaken piyambakipun. Nanging ing salebetipun kasusastran Veda, tlethong sapi punika malah dipunpratelaaken minangka ingkang suci. Malah ugi, panggenan ingkang mboten suci utawi samukawis ingkang mboten suci dados suci malih lumantar dipunangliptaaken angsal tlethong sapi. Kala punika, menawi sawijinng priyantun nyrekali babagan punika bilih miturut setunggal pratela, reregedan saking satwa punika reged utawi mboten suci. Nanging miturut pratela lintune, tlethong sapi ingkang sejatosipun ugi kalebet minangka reregedan saking satwa dipratelaaken minangka ingkang suci. Ketingalipun pratela ingkang setunggal nyulanteni pratela ingkang lintune. Yakti mbok menawi kawontenanipun ketingal kados mekaten, nanging sejatosipun amargi pratela punika minangka pituduh saking Veda, mila kawula sedanten nampi pratela punika kangge ndamel gampil angkahipun kawula sedanten. Lajeng lumantar penampian punika kawula sedanten mboten ngelampahi kalepatan. Lumantar seserepan ngelmu kimia modern, seserepan modern, dening sawijining sarjana ingkang asmanipun Dr. Lal Mohan Gosal, piyambakipun sampun setiti sanget mracekaaken tlethong sapi lan piyambakipun sampun manggihi bilih tlethong sapi kagungan sawijining tatanan saking sedanten kamujaraban antiseptik. Kejawi saking menika, piyambakipun ugi sampun mracekaaken toya saking bengawan Gangga, amargi piyambakipun mboten kalegan sanget saderengipun mangertosi tatanan toya saking bengawan punika. Dados penggalih kawula inggih menika bilih seserepan Veda punika seserepan ingkang sangkep amargi seserepan Veda ngelangkungi sedanten kareringa-ringan lan sedanten kalepatan. Bhagavad-gītā punika minangka underan saking sedanten seserepan Veda. Amargi menika seserepan Veda punika paripurna. Piyambakipun ditedunaken lumantar sawijining rerangken galer paguron ingkang sampurna.  
Samukawis seserepan Veda punika sampurna. Wonten tuladhanipun ingkang benten-benten menggah ing kados pundi kawula sedaya nampi bilih Veda punika sampurna. Setunggaling tuladha umpaminipun menggah ing perkawis ingkang tansah dipungatosaken dening sedaya kaum Hindu, lan kados pundi piyambakipun sedaya nampi seserepan Veda punika minangka setunggal seserepan ingkang jangkep, mila punika minangka tuladha ingkang samadya sanget. Umpaminipun perkawis menggah ing tlethong lembu. Tlethong lembu sejatosipun minangka rereged saking setunggaling satwa. Miturut smṛti utawi seserepan Veda, menawi satunggaling priyantun nyepeng reregedipun satwa, mila piyambakipun kedah enggal-enggal siram kangge nyucekaken piyambakipun. Nanging ing salebetipun kasusastran Veda, tlethong lembu punika malah dipunpratelaaken minangka satunggaling barang ingkang suci. Malah langkung saking menika, panggenan ingkang mboten suci utawi samukawis ingkang mboten suci dados dipunsucekaken malih lumantar dipunusapi tlethong lembu. Sapunika, menawi satunggaling priyantun dhebat perkawis punika bilih miturut setunggal pratelan, rereged satwa punika reged utawi mboten suci. Nanging miturut pratelan ingkang sanesipun, tlethong lembu ingkang sejatosipun ugi kalebet minangka rereged satwa dipunpratelaaken minangka satunggaling barang ingkang suci. Dados kawontenan punika ketingalipun kados satunggaling kawontenan ingkang sami geseh. Nanging sayektosipun, kawontenanipun saget kemawon ketingal kados ingkang sami geseh, nanging sejatosipun amargi menika minangka pitedah saking Veda, mila kawula sedaya nampi pitedah punika kangge ndadosaken gampil angkahipun kawula sedaya. Lan lumantar penampian punika kawula sedaya mboten nindakaken kalepatan. Sampun dipunpanggihaken lumantar ilmu kimia modern, seserepan modern, dening satunggaling sarjana ingkang asmanipun Dr. Lal Mohan Gosal, piyambakipun sampun mracekaaken tlethong lembu kanthi setiti sanget lan piyambakipun sampun manggihi bilih tlethong lembu nggadhahi satunggaling racikan saking sedaya kasiyat antiseptik. Kejawi saking menika, piyambakipun ugi sampun mracekaaken toya bengawan Gangga, namung amargi piyambakipun ngersaaken sanget mangertosi babagan punika. Dados kawula manah bilih seserepan Veda punika minangka seserepan ingkang jangkep amargi seserepan Veda ngelangkungi sedaya ingkang mangu-mangu lan sedaya kalepatan. Bhagavad-gītā punika minangka underan saking sedaya seserepan Veda. Amargi menika seserepan Veda punika sampurna. Piyambakipun dipuntedunaken lumantar satunggaing rerangken galer paguron ingkang sampurna.  


Amargi menika ugi seserepan Veda sanes minangka sawijining obyek panaliten. Kridha panaliten kawula sedanten punika mboten sampurna amargi kawula sedanten naming saget nitipriksa samubarang lumantar indria-indria kawula sedanten ingkang mboten sampurna. Amargi menika pikantuk saking kridha panaliten kawula sedaya ugi mboten sampurna. Sayektos mboten saget sampurna. Kawula kedah nampi seserepan ingkang sampurna. Seserepan ingkang sampurna naming saget ditampi lumantar lampah mangandhap, kados sampun dipunpratelaaken ing salebetipun Bhagavad-gītā, kados kala punika ingkang nembe kawula sedanten awiti, evaṁ paramparā-prāptam imaṁ rājarṣayo viduḥ ([[Vanisource:BG 4.2 (1972)|BG 4.2]]). Kawula sedanten kedah nampi seserepan ingkang luhur sesangkanipun, ingkang wonten ing lebetipun galer paguron ingkang dumados saking guru-guru karohanen ingkang dipunawiti saking Gusti Pangeran piyambak. Dados Bhagavad-gītā dingunandikaaken dening Gusti Pangeran piyambak. Lan Arjuna, kersanipun kawula, piyambakipun minangka sisya ingkang nembe marsudi Bhagavad-gītā, piyambakipun nampi sedanten andharan punika miturut sejatosipun, tamanpa wontenipun punggesan. Kawula sedanten ugi mboten angsal naming nampi setunggal bageyan saking Bhagavad-gītā lajeng mboten purun nampi bageyan lintune. Ingkang kados mekaten ugi mboten saget ditampi. Kawula sedanten kedah nampi Bhagavad-gītā tamanpa pamiraosan, tamanpa punggesan, lan tamanpa wontenipun kridha ingkang mboten-mboten saking kawula sedanten ing lebetipun penampian punika, amargi Bhagavad-gītā kedah ditampi minangka sawijining seserepan Veda ingkang sampurna dahat. Seserepan Veda ditampi saking sangkanipun ingkang rohani amargi tembung awitanipun dingendikaaken dening Gusti Pangeran piyambak. Tembung-tembung ingkang dingendikaaken dening Gusti Pangeran punika dipunwastani minangka apauruṣeya, utawi ingkang sanes dilantaraken dening tiyang saking ngalam dunya material punika, ingkang sampun dipuntulari dening sekawan prinsip kamboten-sampurnan. Sawijining dumadi saking ngalam dunya material punika kagungan sekawan kamboten-sampurnan ing lebetipun kagesangan piyambakipun inggih menika : 1) piyambakipun mesthi kemawan ndamel kalepatan, 2) piyambakipun sawanci-wanci mesthi kemawon ngangen-angen, 3) piyambakipun mesthi kemawon marsudi nyidraaken tiyang lintune, 4) piyambakipun diparingi indriya-indryia ingkang mboten sampurna. Lumantar kasekawan prinsip saking kamboten-sampurnan punika, sawijining priyantun mboten saget ndugeaken wujud pawartos ingkang sampurna ing lebetipun rembagan babagan seserepan ingkang sumahab samubarang. Veda punika mboten kados mekaten. Seserepan Veda dipuntanduraken ing lebetipun hredaya saking dewa Brahmā, dumadi ingkang kawitan dahat dipunangriptaaken Lajeng dewa Brahmā mangurahaken seserepan punika dhateng sedanten putera kaliyan sisya piyambakipun miturut sejatosipun ingkang dipuntampi saking Gusti Pangeran.  
Amargi menika seserepan Veda sanes minangka satunggaling obyek panaliten. Kridha panaliten kawula sedaya mboten sampurna amargi kawula sedaya nindakaken panaliten dhateng samukawis lumantar indriya-indriyanipun ingkang mboten sampurna. Amargi menika kasilipun kridha panalitenipun ugi mboten sampurna. Sayektos mboten sampurna. Kawula sedaya kedah nampi seserepan ingkang sampurna. Seserepan ingkang sampurna namung saget dipuntampi kanthi cara medhak, kados dene ingkang sampun dipunpratelaaken ing salebetipun Bhagavad-gītā, kados sapunika ingkang kawula sedaya saweg miwiti, evaṁ paramparā-prāptam imaṁ rājarṣayo viduḥ ([[Vanisource:BG 4.2 (1972)|BG 4.2]]). Kawula sedaya kedah nampi seserepan saking sangkan ingkang leres, ingkang wonten ing lebetipun galer paguron ingkang dumados saking para guru karohanen ingkang dipunwiwiti saking Gusti Pangeran piyambak. Dados Bhagavad-gītā dipunsabdaaken dening Gusti Pangeran piyambak. Lan Arjuna, kajeng kawula, sisya ingkang saweg marsudi Bhagavad-gītā, piyambakipun nampi sedaya andharan punika miturut aslinipun, tanpa wontenipun pangirangan. Kawula sedaya ugi mboten dipunkeparengaken kangge namung nampi setunggal bageyan saking Bhagavad-gītā lan mbalak bageyan sanesipun. Menika ugi mboten saget dipuntampi. Kawula sedaya kedah nampi Bhagavad-gītā tanpa tapsir lan tanpa pangirangan, lan tanpa wontenipun cawe-cawe ingkang mboten-mboten saking kawula sedaya ing salebetipun perkawis punika, amargi Bhagavad-gītā kedah dipuntampi minangka satunggaling seserepan Veda ingkang paling sampurna. Seserepan Veda dipuntampi saking sangkan ingkang rohani amargi tembung wiwitanipun dipunsabdaaken dening Gusti Pangeran piyambak. Tembung-tembung ingkang dipunsabdaaken dening Gusti Pangeran punika dipunwastani minangka apauruṣeya, utawi tembung-tembung ingkang sanes dipunlantaraken dening tiyang saking ngalam donya material punika, ingkang sampun dipuntulari dening sekawan prinsip menggah ing ingkang mboten sampurna. Satunggaling dumadi saking ngalam donya material punika nggadhahi sekawan prinsip menggah ing ingkang mboten sampurna ing salebetipun gesangipun inggih menika : 1) bilih piyambakipun tamtu kemawon ndamel kalepatan, 2) piyambakipun sawanci-wanci tamtu kemawon ngangen-angen, 3) piyambakipun tamtu kemawon ngupaya ngapusi tiyang sanes, 4) piyambakipun dipunparingi indriya-indryia ingkang mboten sampurna. Lumantar kasekawan prinsipmenggah ing ingkang mboten sampurna punika, satunggaling priyantun mboten saget nglantaraken wujud pawartos ingkang sampurna ing salebetipun rembagan menggah ing seserepan ingkang nglimputi sedayanipun. Veda mboten kados mekaten. Seserepan Veda dipuntanamaken ing salebetipun hredayanipun dewa Brahmā, dumadi ingkang sepindhahan dipunripta. Lan dewa Brahmā ing wekdalipun nebaraken seserepan punika dhateng sedaya puteranipun lan sisyanipun sami kados dene ingkang dipuntampi miturut aslinipun saking Gusti Pangeran.  
<!-- END TRANSLATED TEXT -->
<!-- END TRANSLATED TEXT -->

Latest revision as of 04:09, 12 July 2019



660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Wonten sarana ingkang jangkep kangge bageyan alit ingkang jangkep, ingkang dipunwastani minangka sagung dumadi, kangge nginsapaken Ingkang Jangkep. Lan sedaya perkawis ingkang mboten jangkep punika dipunlampahi amargi mboten jangkepipun seserepan dhateng Ingkang Jangkep. Dados Bhagavad-gītā minangka seserepan ingkang jangkep menggah ing kaluhuran Veda.

Samukawis seserepan Veda punika sampurna. Wonten tuladhanipun ingkang benten-benten menggah ing kados pundi kawula sedaya nampi bilih Veda punika sampurna. Setunggaling tuladha umpaminipun menggah ing perkawis ingkang tansah dipungatosaken dening sedaya kaum Hindu, lan kados pundi piyambakipun sedaya nampi seserepan Veda punika minangka setunggal seserepan ingkang jangkep, mila punika minangka tuladha ingkang samadya sanget. Umpaminipun perkawis menggah ing tlethong lembu. Tlethong lembu sejatosipun minangka rereged saking setunggaling satwa. Miturut smṛti utawi seserepan Veda, menawi satunggaling priyantun nyepeng reregedipun satwa, mila piyambakipun kedah enggal-enggal siram kangge nyucekaken piyambakipun. Nanging ing salebetipun kasusastran Veda, tlethong lembu punika malah dipunpratelaaken minangka satunggaling barang ingkang suci. Malah langkung saking menika, panggenan ingkang mboten suci utawi samukawis ingkang mboten suci dados dipunsucekaken malih lumantar dipunusapi tlethong lembu. Sapunika, menawi satunggaling priyantun dhebat perkawis punika bilih miturut setunggal pratelan, rereged satwa punika reged utawi mboten suci. Nanging miturut pratelan ingkang sanesipun, tlethong lembu ingkang sejatosipun ugi kalebet minangka rereged satwa dipunpratelaaken minangka satunggaling barang ingkang suci. Dados kawontenan punika ketingalipun kados satunggaling kawontenan ingkang sami geseh. Nanging sayektosipun, kawontenanipun saget kemawon ketingal kados ingkang sami geseh, nanging sejatosipun amargi menika minangka pitedah saking Veda, mila kawula sedaya nampi pitedah punika kangge ndadosaken gampil angkahipun kawula sedaya. Lan lumantar penampian punika kawula sedaya mboten nindakaken kalepatan. Sampun dipunpanggihaken lumantar ilmu kimia modern, seserepan modern, dening satunggaling sarjana ingkang asmanipun Dr. Lal Mohan Gosal, piyambakipun sampun mracekaaken tlethong lembu kanthi setiti sanget lan piyambakipun sampun manggihi bilih tlethong lembu nggadhahi satunggaling racikan saking sedaya kasiyat antiseptik. Kejawi saking menika, piyambakipun ugi sampun mracekaaken toya bengawan Gangga, namung amargi piyambakipun ngersaaken sanget mangertosi babagan punika. Dados kawula manah bilih seserepan Veda punika minangka seserepan ingkang jangkep amargi seserepan Veda ngelangkungi sedaya ingkang mangu-mangu lan sedaya kalepatan. Bhagavad-gītā punika minangka underan saking sedaya seserepan Veda. Amargi menika seserepan Veda punika sampurna. Piyambakipun dipuntedunaken lumantar satunggaing rerangken galer paguron ingkang sampurna.

Amargi menika seserepan Veda sanes minangka satunggaling obyek panaliten. Kridha panaliten kawula sedaya mboten sampurna amargi kawula sedaya nindakaken panaliten dhateng samukawis lumantar indriya-indriyanipun ingkang mboten sampurna. Amargi menika kasilipun kridha panalitenipun ugi mboten sampurna. Sayektos mboten sampurna. Kawula sedaya kedah nampi seserepan ingkang sampurna. Seserepan ingkang sampurna namung saget dipuntampi kanthi cara medhak, kados dene ingkang sampun dipunpratelaaken ing salebetipun Bhagavad-gītā, kados sapunika ingkang kawula sedaya saweg miwiti, evaṁ paramparā-prāptam imaṁ rājarṣayo viduḥ (BG 4.2). Kawula sedaya kedah nampi seserepan saking sangkan ingkang leres, ingkang wonten ing lebetipun galer paguron ingkang dumados saking para guru karohanen ingkang dipunwiwiti saking Gusti Pangeran piyambak. Dados Bhagavad-gītā dipunsabdaaken dening Gusti Pangeran piyambak. Lan Arjuna, kajeng kawula, sisya ingkang saweg marsudi Bhagavad-gītā, piyambakipun nampi sedaya andharan punika miturut aslinipun, tanpa wontenipun pangirangan. Kawula sedaya ugi mboten dipunkeparengaken kangge namung nampi setunggal bageyan saking Bhagavad-gītā lan mbalak bageyan sanesipun. Menika ugi mboten saget dipuntampi. Kawula sedaya kedah nampi Bhagavad-gītā tanpa tapsir lan tanpa pangirangan, lan tanpa wontenipun cawe-cawe ingkang mboten-mboten saking kawula sedaya ing salebetipun perkawis punika, amargi Bhagavad-gītā kedah dipuntampi minangka satunggaling seserepan Veda ingkang paling sampurna. Seserepan Veda dipuntampi saking sangkan ingkang rohani amargi tembung wiwitanipun dipunsabdaaken dening Gusti Pangeran piyambak. Tembung-tembung ingkang dipunsabdaaken dening Gusti Pangeran punika dipunwastani minangka apauruṣeya, utawi tembung-tembung ingkang sanes dipunlantaraken dening tiyang saking ngalam donya material punika, ingkang sampun dipuntulari dening sekawan prinsip menggah ing ingkang mboten sampurna. Satunggaling dumadi saking ngalam donya material punika nggadhahi sekawan prinsip menggah ing ingkang mboten sampurna ing salebetipun gesangipun inggih menika : 1) bilih piyambakipun tamtu kemawon ndamel kalepatan, 2) piyambakipun sawanci-wanci tamtu kemawon ngangen-angen, 3) piyambakipun tamtu kemawon ngupaya ngapusi tiyang sanes, 4) piyambakipun dipunparingi indriya-indryia ingkang mboten sampurna. Lumantar kasekawan prinsipmenggah ing ingkang mboten sampurna punika, satunggaling priyantun mboten saget nglantaraken wujud pawartos ingkang sampurna ing salebetipun rembagan menggah ing seserepan ingkang nglimputi sedayanipun. Veda mboten kados mekaten. Seserepan Veda dipuntanamaken ing salebetipun hredayanipun dewa Brahmā, dumadi ingkang sepindhahan dipunripta. Lan dewa Brahmā ing wekdalipun nebaraken seserepan punika dhateng sedaya puteranipun lan sisyanipun sami kados dene ingkang dipuntampi miturut aslinipun saking Gusti Pangeran.