JV/Prabhupada 1069 - Agami Nglantaraken Pangudaraos Menggah Ing Kayakinan Ingkang Saget Ewah, Sanātana-dharma Mboten Saget Ewah: Difference between revisions

(Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1069 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
 
(Vanibot #0023: VideoLocalizer - changed YouTube player to show hard-coded subtitles version)
 
Line 11: Line 11:
<!-- END CATEGORY LIST -->
<!-- END CATEGORY LIST -->
<!-- BEGIN NAVIGATION BAR -- DO NOT EDIT OR REMOVE -->
<!-- BEGIN NAVIGATION BAR -- DO NOT EDIT OR REMOVE -->
{{1080 videos navigation - All Languages|Indonesian|JV/Prabhupada 1068 - Wonten Tiga Rupi Kridha Miturut Sesipatanipun Ngalam Ingkang Benten-benten|1068|JV/Prabhupada 1057 - Bhagavad-gītā Ugi Dipuntepang Minangka Gītopaniṣad, Underan Saking Seserepan Veda|1057}}
{{1080 videos navigation - All Languages|Javanese|JV/Prabhupada 1068 - Wonten Tigang Werni Kridha Ingkang Sami Kados Dene Sipatipun Ngalam Ingkang Benten-benten|1068|JV/Prabhupada 1070 - Peparing Paladosan Minangka Agami Ingkang Langgeng Saking Sagung Dumadi|1070}}
<!-- END NAVIGATION BAR -->
<!-- END NAVIGATION BAR -->
<!-- BEGIN ORIGINAL VANIQUOTES PAGE LINK-->
<!-- BEGIN ORIGINAL VANIQUOTES PAGE LINK-->
Line 21: Line 21:

<!-- BEGIN VIDEO LINK -->
<!-- BEGIN VIDEO LINK -->
{{youtube_right|tNIwLyZ9EV0|Agama Nglantaraken Pangudaraos Babagan Kapitadosan Ingkang Saget Ewah, Sanātana-dharma Mboten Saget Ewah<br/>- Prabhupāda 1069}}
{{youtube_right|NhmAOTF-lVg|Agami Nglantaraken Pangudaraos Menggah Ing Kayakinan Ingkang Saget Ewah, Sanātana-dharma Mboten Saget Ewah<br/>- Prabhupāda 1069}}
<!-- END VIDEO LINK -->
<!-- END VIDEO LINK -->

Line 33: Line 33:

<!-- BEGIN TRANSLATED TEXT -->
<!-- BEGIN TRANSLATED TEXT -->
Amargi punika, sanātana-dharma, kados sampun dipunandharaken ing nginggil bilih Gusti Pangeran punika kagungan sesipatan sanātana, lan panggenan rohani ingkang wonten ing antariksa rohani punika ugi kagungan sesipatan sanātana. Lajeng sagung dumadi, piyambakipun sedanten ugi kagungan sesipatan sanātana. Mila pasrawungan antawis Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos ingkang kagungan sesipatan sanātana kaliyan sagung dumadi ingkang ugi kagungan sesipatan sanātana ing panggenan ingkang sesipatanipun ugi sanātana minangka angkah utami saking kagesangan ing salebetipun salira manungsa. Gusti Pangeran punika linuwih lan sae sanget dhateng sagung dumadi. amargi sagung dumadi dipunpratelaaken minangka para putera saking Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos. Gusti Pangeran mratelaaken bilih : sarva-yoniṣu kaunteya sambhavanti mūrtayo yāḥ ([[Vanisource:BG 14.4 (1972)|BG 14.4]]). Sedanten kagesangan, sarwa sagung dumadi .... Wonten maneka warni sagung dumadi miturut karma piyambakipun sedanten  ingkang benten-benten, nanging Gusti Pangeran mratelaaken bilih Panjenenganipun minangka rama saking sarwa sagung dumadi, lan Panjenenganipun tedhun dhateng ngalam dunya material punika kangge ngangsalaken malih sedanten jiwa-jiwa ingkang nembe kasindhet lan nembe supe punika, kersanipun saget wangsul dhateng sanātana-dhāma, dhateng antariksa ingkang kagungan sesipatan sanātana, saengga sagung dumadi ingkang ugi kagungan sesipatan sanātana punika saget ngewangsuli ngyasaaken kapinarakan piyambakipun ing salebetipun pasrawungan ingkang langgeng kaliyan Gusti Pangeran. Gusti Pangeran rawuh piyambak lumantar maneka warni inkarnasi utawi pangejawantahan Panjenenganipun. Panjenenganipun ngintunaken abdi sewaka ingkang sampun dipunpitadosi sanget dening Panjenenganipun minangka putera utawi mitra Panjenenganipun lan minangka para ācārya, kangge ngangsalaken malih sedanten jiwa ingkang kasindhet punika.  
Amargi punika, sanātana-dharma, kados dene sampun dipunandharaken ing nginggil bilih Gusti Pangeran punika asipat sanātana, lan panggenan rohani ingkang wonten ing antariksa rohani punika ugi asipat sanātana. Lajeng sagung dumadi, piyambakipun sedaya ugi asipat sanātana. Mila sesambetan antawis Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa ingkang asipat sanātana kaliyan sagung dumadi ingkang ugi asipat sanātana ing panggenan ingkang asipat sanātana ugi minangka pungkasanipun gesang ing salebetipun salira para jalmi. Gusti Pangeran punika sae sanget dhateng sagung dumadi. amargi sagung dumadi dipunpratelaaken minangka para puteranipun Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Gusti Pangeran mratelaaken bilih : sarva-yoniṣu kaunteya sambhavanti mūrtayo yāḥ ([[Vanisource:BG 14.4 (1972)|BG 14.4]]). Sedaya ingkang gesang, sedaya golongan sagung dumadi .... Wonten maneka warni sagung dumadi sami kaliyan karmanipun ingkang benten-benten, nanging Gusti Pangeran mratelaaken bilih Panjenenganipun minangka ramanipun sedaya sagung dumadi, lan kanthi mekaten Panjenenganipun tedhak dhateng ngalam donya material kangge mendhet wangsul sedaya atma-atma kasindhet ingkang kesupen punika, kangge wangsul dhateng sanātana-dhāma, dhateng antariksa ingkang asipat sanātana, saengga sagung dumadi ingkang asipat sanātana saget ngewangsulaken kalenggahanipun ing salebetipun sesambetan ingkang langgeng kaliyan Gusti Pangeran. Gusti Pangeran rawuh piyambak lumantar maneka warni inkarnasinipun. Panjenenganipun ngintunaken abdi sewaka kapitayanipun minangka puteranipun utawi para mitranipun lan minangka para ācārya, kangge mendhet wangsul sedaya para atma ingkang kasindhet punika.  

Dados sanātana-dharma punika sanes minangka sawijining agama ingkang kagungan sesipatan sektarian. Sanātana-dharma punika minangka hakekat ingkang langgeng saking sagung dumadi ingkang ugi langgeng ing salebetipun kawontenan ingkang sumambung kaliyan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos ingkang langgeng. Dados, menawi kawula sedanten ngalelimbangaken sanātana-dharma, mila suraosipun inggih menika hakekat ingkang langgeng Śrīpāda Rāmānujācārya sampun mangandharaken tembung sanātana minangka : "Ingkang mboten kagungan kawitan lan ingkang mboten nate wasana." Lajeng nalika kawula sedanten ngrembag sanātana-dharma, mila kawula sedanten kedah nampi sedanten kawasesan saking  Śrīpāda Rāmānujācārya bilih sanātana-dharma punika mboten kagungan kawitan lan mboten nate wasana. Tembung agama punika piyambak kagungan sakedhik kabentenan kaliyan tembung sanātana-dharma. Agama nglantaraken pangudaraos babagan kapitadosan. Kapitadosan saget ewah. Sawijining priyantun saget kemawon kagungan kapitadosan ing salebetipun sawijining agama tartamto, lan sesampunipun piyambakipun mbok menawi ajeng ngewahaken kapitadosan punika kangge nampi kapitadosan lintune. Nanging sanātana-dharma suraosipun inggih menika ingkang mboten saget ewah, mboten saget ewah. Sami kados toya ingkang sesipatanipun cuwer. Sesipatan cuwer punika mboten saget dipunewahaken saking toya. Kados ugi benter lan agni. Sesipatan benter punika mboten saget dipunewahaken saking agni. Lajeng mekaten ugi, hakekat langgeng saking sagung dumadi ingkang langgeng, ingkang dipunwastani minangka sanātana-dharma, inggih ugi mboten saget dipunewahaken. Mboten wiyagah kangge ngewahaken sanātana-dharma. Kawula sedanten kedah manggihi menapa sejatosipun ingkang minangka hakekat langgeng saking sagung dumadi ingkang langgeng punika. Amargi menika nalika kawula sedanten ngrembag babagan sanātana-dharma, kawula sedanten kedah nampi sedanten kawasesan saking Śrīpāda Rāmānujācārya bilih sanātana-dharma punika mboten kagungan kawitan lan mboten nate wasana. Ingkang mboten kagungan kawitan lan ingkang mboten nate wasana punika mesthi kemawon mboten kagungan sesipatan sektarian utawi kagungan sesipatan ingkang naming kasingget ing salebetipun sawijinng singgetan kemawon. Nalika kawula ngawontenaken pasamuwan kangge ngrembag sanātana-dharma, para priyantun ingkang numutaken kapitadosan-kapitadosan agama ingkang mboten kagungan sesipatan langgeng mbok menawi sampun klentu nyuraosaken sanātana-dharma, bilih kawula nembe numindaaken ingkang sektarian sesipatanipun. Nanging menawi kanula sedanten marsudi babagan punika langkung lebet malih kaliyan nampi samukawis ing salebetipun terangipun teja seserepan modern, mila kawula sedanten ajeng saget mirsani sanātana-dharma minangka sawijining padamelan saking sedanten manungsa ing samukawis ngalam dunya punika, oh, sanes ... saking sagung dumadi ing jagad raya punika. Kapitadosan agama ingkang mboten kagungan sesipatan sanātana mbok menawi kagungan kawitan-kawitanipun ing salebetipun sejarah masyarakat manungsa, nanging mboten nate wonten sejarahipun sanātana-dharma, amargi sanātana-dharma punika salawasipun wonten ing salebetipun sejarah saking sagung dumadi. Menawi kawula sedanten ngrembag babagan sagung dumadi, mila saking kasusastraan ingkang kagungan kawasesan, kawula sedanten saget manggihi bilih sagung dumadi ugi mboten nate dipunwedalaken utawi pejah. Ing salebetipun Bhagavad-gītā, babagan punika dipratelaaken krana kawistara sanget bilih sagung dumadi mboten nate dipunwedalaken, lan piyambakipun ugi mboten nate pejah. Piyambakipun langgeng, mboten saget dipunsirnaaken, lan piyambakipun mboten pejah sesampunipun salira material piyambakipun ingkang samentawis sesipatanipun punika dipunsirnaaken.  
Lan kanthi mekaten sanātana-dharma sanes minangka salah satunggaling proses agami ingkang asipat sektarian. Punika minangka hakekat langgengipun sagung dumadi ingkang langgeng ing salebetipun sesambetan kaliyan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa ingkang langgeng. Dados, menawi kawula sedaya ngalelimbang menggah ing sanātana-dharma, mila suraosipun inggih menika hakekat ingkang langgeng. Śrīpāda Rāmānujācārya sampun ngandharaken tembung sanātana minangka : "Setunggaling wujud ingkang mboten kawiwitan lan ingkang mboten wonten pungkasanipun." Lan nalikanipun kawula sedaya ngrembag sanātana-dharma, mila kawula sedaya kedah nampi kanthi sakwetahipun kawisesanipun Śrīpāda Rāmānujācārya bilih sanātana-dharma punika mboten mboten kawiwitan lan ingkang mboten wonten pungkasanipun. Tembung agami radhi benten kaliyan tembung sanātana-dharma. Agami nglantaraken pangudaraos menggah ing kayakinan. Kayakinan saget ewah. Satunggaling priyantun saget nggadhahi kayakinan ing salebetipun satunggaling proses agami tartamtu, lan piyambakipun mbok menawi badhe ngrebah kayakinan punika sasampunipun kangge nampi kayakinan sanesipun. Nanging sanātana-dharma suraosipun satunggaling wujud ingkang mboten saget dipunrebah, satunggaling wujud ingkang mboten saget dipunrebah. Sami kados dene toya ingkang asipat encer. Sipat encer mboten saget dipunrebah saking toya. Benter lan latu. Sipat benter mboten saget dipunrebah saking latu. Sami kados dene, hakekat langgengipun sagung dumadi ingkang langgeng, ingkang dipunwastani minangka sanātana-dharma, ugi mboten saget dipunrebah. Mestail kangge ngrebah sanātana-dharma. Kawula sedaya kedah manggihaken menapa ingkang minangka hakekat langgengipun sagung dumadi ingkang langgeng. Amargi menika nalikanipun kawula sedaya ngrembag menggah ing sanātana-dharma, kawula sedaya kedah nampi kanthi sakwetahipun kawisesanipun Śrīpāda Rāmānujācārya bilih sanātana-dharma punika mboten kawiwitan lan mboten wonten pungkasanipun.  
 
Satunggaling wujud ingkang mboten kawiwitan lan mboten wonten pungkasanipun tamtu kemawon mboten asipat sektarian utawi asipat ingkang namung kasingget ing salebetipun satunggaling singgetan kemawon. Nalikanipun kawula ngawontenaken pasamuwan menggah ing sanātana-dharma, para priyantun ingkang nganut kayakinan-kayakinan agami ingkang mboten asipat langgeng mbok menawi sampun kanthi klentu nyuraosaken sanātana-dharma, bilih kawula saweg numindaaken satunggaling perkawis ingkang asipat sektarian. Nanging menawi kawula sedaya marsudi langkung lebet malih lan nampi sedayanipun ing salebetipun terangipun teja seserepan modern, kawula sedaya badhe saget mirsani sanātana-dharma minangka satunggaling padamelan saking sedaya para jalmi ing saindhenging ngalam donya, oh, sanes ... sedaya sagung dumadi ing jagad raya punika. Kayakinan agami ingkang mboten asipat sanātana saget ugi kagungan wiwitan-wiwitan ing salebetipun sejarah masarakat para jalmi, nanging mboten nate wonten sejarahipun sanātana-dharma, amargi sanātana-dharma sadangunipun tansah wonten ing salebetipun sejarahipun sagung dumadi. Menawi kawula sedaya ngrembag menggah ing sagung dumadi, mila saking kasusastran ingkang kagungan kawisesan, kawula sedaya saget manggihaken bilih sagung dumadi ugi mboten dipunlairaken utawi pejah. Ing salebetipun Bhagavad-gītā, perkawis punika dipratelaaken kanthi kawistara sanget bilih sagung dumadi mboten nate dipunlairaken, lan piyambakipun ugi mboten nate badhe pejah. Piyambakipun langgeng, mboten saget dipunlebur, lan piyambakipun panggah gesang sasampunipun salira materialipun ingkang asipat sauntawis dipunlebur.  
<!-- END TRANSLATED TEXT -->
<!-- END TRANSLATED TEXT -->

Latest revision as of 04:09, 12 July 2019

660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Amargi punika, sanātana-dharma, kados dene sampun dipunandharaken ing nginggil bilih Gusti Pangeran punika asipat sanātana, lan panggenan rohani ingkang wonten ing antariksa rohani punika ugi asipat sanātana. Lajeng sagung dumadi, piyambakipun sedaya ugi asipat sanātana. Mila sesambetan antawis Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa ingkang asipat sanātana kaliyan sagung dumadi ingkang ugi asipat sanātana ing panggenan ingkang asipat sanātana ugi minangka pungkasanipun gesang ing salebetipun salira para jalmi. Gusti Pangeran punika sae sanget dhateng sagung dumadi. amargi sagung dumadi dipunpratelaaken minangka para puteranipun Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Gusti Pangeran mratelaaken bilih : sarva-yoniṣu kaunteya sambhavanti mūrtayo yāḥ (BG 14.4). Sedaya ingkang gesang, sedaya golongan sagung dumadi .... Wonten maneka warni sagung dumadi sami kaliyan karmanipun ingkang benten-benten, nanging Gusti Pangeran mratelaaken bilih Panjenenganipun minangka ramanipun sedaya sagung dumadi, lan kanthi mekaten Panjenenganipun tedhak dhateng ngalam donya material kangge mendhet wangsul sedaya atma-atma kasindhet ingkang kesupen punika, kangge wangsul dhateng sanātana-dhāma, dhateng antariksa ingkang asipat sanātana, saengga sagung dumadi ingkang asipat sanātana saget ngewangsulaken kalenggahanipun ing salebetipun sesambetan ingkang langgeng kaliyan Gusti Pangeran. Gusti Pangeran rawuh piyambak lumantar maneka warni inkarnasinipun. Panjenenganipun ngintunaken abdi sewaka kapitayanipun minangka puteranipun utawi para mitranipun lan minangka para ācārya, kangge mendhet wangsul sedaya para atma ingkang kasindhet punika.