JV/Prabhupada 1070 - Peparing Paladosan Minangka Agami Ingkang Langgeng Saking Sagung Dumadi

From Vanipedia
Jump to: navigation, search
Go-previous.png Kaca Saderengipun - Video 1069
Kaca Sasampunipun - Video 1071 Go-next.png

Peparing Paladosan Minangka Agami Ingkang Langgeng Saking Sagung Dumadi
- Prabhupāda 1070


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Kanthi adhedasar dhateng konsep ing nginggil menggah ing sanātana-dharma, kawula sedaya saget nyobi mangertosi konsepipun agami nglangkungi suraosipun tembung dharma.saking basa Sansekerta. Tembung punika suraosipun ingkang tansah nyarengi satunggaling obyek tartamtu. Sami kados dene ingkang sampun kawula sebataken, menawi kawula sedaya ngrembag latu, mila sarining rembaganipun sanalikanipun inggih menika bilih wonten benter lan teja ingkang nyarengi latu punika. Tanpa benter lan teja, tembung latu mboten wonten suraosipun. Sami kados dene, kawula sedaya kedah manggihaken bageyan ingkang minangka dhedasaripun sagung dumadi ingkang tansah nyarengi piyambakipun. Bageyan ingkang tansah nyarengi sagung dumadi inggih menika sipatipun ingkang langgeng, lan bageyan langgeng saking sipatipun sagung dumadi inggih menika agaminipun ingkang langgeng.

Nalikanipun Sanātana Gosvāmī nakenaken dhateng Gusti Pangeran Śrī Caitanya Mahāprabhu menggah ing svarūpa — kawula sedaya sampun ngrembag menggah ing svarūpanipun sagung dumadi — svarūpa utawi kalenggahan sejati saking sagung dumadi, mila Gusti Pangeran mangsulaken bilih kalenggahan sejati saking sagung dumadi inggih menika nindakaken paladosan dhateng Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa Nanging menawi kawula sedaya mracekaaken bageyan saking pratelanipun Gusti Pangeran Caitanya, kawula sedaya saget mirsani bilih saben sagung dumadi tansah ewed ing salebetipun kridha nindakaken paladosan dhateng dumadi sanesipun. Satunggaling dumadi ngladosi dumadi sanesipun ing salebetipun kawisesanipun ingkang benten-benten, lan kanthi nindakaken kridha punika, piyambakipun ngrahapi gesangipun. Satunggaling satwa ingkang langkung ngandhap kalenggahanipun ngladosi satunggaling jalmi, satunggaling abdi sewaka ngladosi bendara piyambakipun. A ngladosi bendara B, B ngladosi bendara C, lajeng C ngladosi bendara D lan kados mekaten salajengipun. Ing salebetipun kawontenan ingkang kados mekaten, kawula sedaya saget mirsani bilih satunggaling mitra ngladosi mitra sanesipun, ibu ngladosi yoganipun, garwa estri ngladosi garwa kakungipun utawi garwa kakung ngladosi garwa estrinipun. Menawi kawula sedaya ngelajengaken madosi kanthi semangat ingkang kados mekaten, mila badhe katingal bilih mboten wonten pangejawian ing salebetipun masarakat sagung dumadi wonten pundi kawula sedaya mboten badhe manggihaken kridha paladosan.

Satunggaling politikus mratelaaken rancanganipun wonten ngajengipun rakyat lan piyambakipun ngyektosaken para rakyat ingkang nggadhahi hak pilih menggah ing kawisesan saking paladosanipun. Para rakyat ingkang nggadhahi hak pilih ugi maringaken pilihanipun dhateng piyambakipun kanthi satunggaling pangajeng-ajeng bilih piyambakipun badhe maringaken paladosan dhateng masarakat. Pegawai toko ngladosi para tiyang ingkang tumbas lan para buruh ngladosi para tiyang ingkang gadhah bandha. Para tiyang ingkang gadhah bandha ngladosi kulawarginipun lan kulawarginipun ngladosi pengageng kulawarginipun sedaya ing salebeting pranatanipun kewisesan langgeng saking sagung dumadi ingkang langgeng. Lumantar lampahipun ingkang kados mekaten, kawula sedaya mirsani bilih mboten wonten satunggaling dumadi ingkang bebas saking tumindak peparing paladosan dhateng dumadi sanesipun lan kanthi mekaten kawula sedaya saget ngeringkesaken sarining rembagan bilih paladosan minangka ingkang tansah wonten nyarengi sagung dumadi, lan kanthi mekaten saget dipunringkesaken sarining rembaganipun kanthi ngatos-atos bilih peparing paladosan dening sagung dumadi minangka agami ingkang langgeng saking sagung dumadi.

Nalika satunggaling priyantun mratelaaken bilih piyambakipun nganut satunggaliing kayakinan tartamtu ingkang adhedasar dhateng wekdal lan kawontenan kalairan tartamtu, lajeng satunggaling priyantun mratelaaken bilih piyambakipun tiyang Hindu, tiyang Muslim, tiyang Kristen, Buddha utawi sekte menapa kemawon sanesipun lan sub-sekte ingkang sanesipun, mila pratelan ingkang kados mekaten sanes asipat sanātana-dharma. Satunggaling tiyang Hindu saget kemawon ngrebah kayakinanipun kangge dados satunggaling tiyang Muslim, utawi satunggaling tiyang Muslim saget kemawon ngrebah kayakinanipun kangge dados satunggaling tiyang Hindu utawi satunggaling tiyang Kristen lan sanesipun, nanging ing salebetipun sedaya kawontenan rebahan ingkang kados mekaten punika mboten ngangsalaken satunggaling tiyang kangge ngrebah kridha langgeng piyambakipun ing salebetipun maringaken paladosan datheng tiyang sanesipun. Satunggaling tiyang Hindu utawi tiyang Muslim utawi tiyang Kristen, ing salebetipun sedaya kawontenan, piyambakipun minangka abdi sewaka saking satunggaling tiyang sanensipun, lan kanthi mekaten, mratelaaken satunggaling kayakinan tartamtu mboten saget dipunmastani minangka sanātana-dharma, nanging ingkang tansah wonten nyarengi sagung dumadi, inggih menika peparing paladosan, punika ingkang minangka sanātana-dharma.

Dados sayektosipun, kawula sedaya sumambung ing salebetipun sesambetan ingkang asipat paladosan kaliyan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa minangka Ingkang Ngrahapi lan kawula sedanya para sagung dumadi minangka para abdi sewakanipun ingkang langgeng. Kawula sedaya dipunriptaaken kangge kanikmatanipun, lan menawi kawula sedaya dados bageyan utawi nyarengi kanikmatan ingkang langgeng punika sesarengan kaliyan Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, mila punika saget ndadosaken karaharjan dhateng kawula sedaya, sanes ingkang suwalikanipun. Kanthi nindakaken piyambak-piyambak, kados dene ingkang wau sampun dipunandharaken datheng kawula sedaya, bilih menawi kanthi nindakaken piyambak-piyambak bageyan menapa kemawon saking salira, asta, sampeyan, jariji utawi bageyan sanesipun saking salira kanthi piyambak-piyambak, mboten badhe saget dados ngangsalaken karaharjan tanpa ngladosi padharan. Sami kados dene, sagung dumadi mboten nate badhe saget ngangsalaken karaharjan tanpa maringaken paladosan bhakti rohani dhateng Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Sapunika, ing salebetipun Bhagavad-gītā, pangastuti dhateng para dewa mboten dipunsetujoni amargi ... dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā Parwa Kaping Pitu, Sloka Kaping Kaleh Dasa (BG 7.20), Gusti Pangeran dhawuh, kāmais tais tair hṛta-jñānāḥ prapadyante 'nya-devatāḥ. Kāmais tais tair hṛta-jñānāḥ. Piyambakipun sedaya ingkang dipunkuwaosi dening napsu, piyambakipun sedaya nanging mangastuti dhateng para dewa lan sanes dhateng Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, Śrī Kṛṣṇa.