JV/Prabhupada 1070 - Peparing Paladosan Minangka Agami Ingkang Langgeng Saking Sagung Dumadi: Difference between revisions

(Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1070 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
 
m (Text replacement - "(<!-- (BEGIN|END) NAVIGATION (.*?) -->\s*){2,15}" to "<!-- $2 NAVIGATION $3 -->")
 
Line 11: Line 11:
<!-- END CATEGORY LIST -->
<!-- END CATEGORY LIST -->
<!-- BEGIN NAVIGATION BAR -- DO NOT EDIT OR REMOVE -->
<!-- BEGIN NAVIGATION BAR -- DO NOT EDIT OR REMOVE -->
{{1080 videos navigation - All Languages|Indonesian|JV/Prabhupada 1069 - Agama Nglantaraken Pangudaraos Babagan Kapitadosan Ingkang Saget Ewah, Sanātana-dharma Mboten Saget Ewah|1069|JV/Prabhupada 1057 - Bhagavad-gītā Ugi Dipuntepang Minangka Gītopaniṣad, Underan Saking Seserepan Veda|1057}}
{{1080 videos navigation - All Languages|Javanese|JV/Prabhupada 1069 - Agami Nglantaraken Pangudaraos Menggah Ing Kayakinan Ingkang Saget Ewah, Sanātana-dharma Mboten Saget Ewah|1069|JV/Prabhupada 1071 - Menawi Kawula Sedaya Memitran Sarta Ngasto Damel Sesarengan Kaliyan Gusti Pangeran, Mila Kawula Sedanya Ugi Badhe Raharja|1071}}
<!-- END NAVIGATION BAR -->
<!-- END NAVIGATION BAR -->
<!-- BEGIN ORIGINAL VANIQUOTES PAGE LINK-->
<!-- BEGIN ORIGINAL VANIQUOTES PAGE LINK-->
Line 21: Line 21:


<!-- BEGIN VIDEO LINK -->
<!-- BEGIN VIDEO LINK -->
{{youtube_right|jf8XlK47ihQ|Nindakake Pangladosan Punika Minangka Agama Ingkang Langgeng Saking Sagung Dumadi<br/>- Prabhupāda 1070}}
{{youtube_right|cCrep8QDs2A|Peparing Paladosan Minangka Agami Ingkang Langgeng Saking Sagung Dumadi<br/>- Prabhupāda 1070}}
<!-- END VIDEO LINK -->
<!-- END VIDEO LINK -->


Line 33: Line 33:


<!-- BEGIN TRANSLATED TEXT -->
<!-- BEGIN TRANSLATED TEXT -->
Lumantar konsep babagan sanātana-dharma ing nginggil punika, kawula sedanten saget nyobi mangertosi konsep babagan agama nglangkungi wigatosipun basa Sansekerta saking tembung dharma. Tembung punika kagungan wigatos : ingkang sanityasa nyarengi sawijining obyek. Kados ingkang nembe kemawon kawula sebataken, rikala kawula sedanten ngrembag geni, mila kala menika ugi saget dipunringkes sarining rembaganipun bilih wonten benter kaliyan teja ingkang nyarengi geni punika. Tamanpa benter lan tamanpa teja, mila tembung geni punika mboten kagungan wigatos. Dados sami babaganipun, kawula sedanten kedah manggihi bakuning bageyan saking sawijining dumadi ingkang sanityasa nyarengi piyambakipun Bageyan ingkang sanityasa nyarengi sawijining dumadi inggih menika sesipatanipun ingkang langgeng, lan bageyan langgeng saking sesipatanipun sawijining dumadi inggih menika agama piyambakipun ingkang langgeng.  
Kanthi adhedasar dhateng konsep ing nginggil menggah ing sanātana-dharma, kawula sedaya saget nyobi mangertosi konsepipun agami nglangkungi suraosipun tembung dharma.saking basa Sansekerta. Tembung punika suraosipun ingkang tansah nyarengi satunggaling obyek tartamtu. Sami kados dene ingkang sampun kawula sebataken, menawi kawula sedaya ngrembag latu, mila sarining rembaganipun sanalikanipun inggih menika bilih wonten benter lan teja ingkang nyarengi latu punika. Tanpa benter lan teja, tembung latu mboten wonten suraosipun. Sami kados dene, kawula sedaya kedah manggihaken bageyan ingkang minangka dhedasaripun sagung dumadi ingkang tansah nyarengi piyambakipun. Bageyan ingkang tansah nyarengi sagung dumadi inggih menika sipatipun ingkang langgeng, lan bageyan langgeng saking sipatipun sagung dumadi inggih menika agaminipun ingkang langgeng.  


Rikala Sanātana Gosvāmī tanglet dumatheng Gusti Pangeran Śrī Caitanya Mahāprabhu babagan svarūpa — kawula sedanten sampun ngrembag babagan svarūpa saking sedanten sagung dumadi — svarūpa utawi kapinarakan sejatos saking sagung dumadi, mila Gusti Pangeran mangsuli bilih kapinarakan sejatos saking sagung dumadi inggih menika nindakake pangladosan dumatheng Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos Nanging menawi kawula sedanten mracekaake bageyan saking pratelanipun Gusti Pangeran Caitanya, mila kawula sedanten saget mangertosi kanthi kawistara sanget bilih sedanten sagung dumadi punika sanityasa ewed ing salebetipun kridha saking nindakake pangladosan dumatheng dumadi lintunipun. Sawijining dumadi ngladosi dumadi lintune lumantar kuwasisan ingkang benten-benten, lan kanthi tumindak ingkang mekaten punika, sagung dumadi ngerahapi ngalam dunya punika. Sawijining kewan ingkang langkung ngandap kapinarakanipun ngladosi sawijining manungsa, sawijining abdi sewaka ngladosi bendara piyambakipun. A ngladosi B ingkang dados bendara piyambakipun, B ngladosi C ingkang dados bendara piyambakipun, lajeng C ngladosi D ingkang dados bendara piyambakipun. Kados mekaten salajengipun. Dados ing salebetipun kawontenan kados mekaten punika, kawula sedanten saget mangertosi bilih sawijining mitra ngladosi mitra lintune, sawijining ibu ngladosi putera piyambakipun, sawijining priyantun estri ngladosi garwa piyambakipun utawi sawijining priyantun jaler ngladosi garwa piyambakipun. Menawi kawula sedanten nglajengaken pamadosan ingkang kados mekaten, mila mangke saget dipunmangertosi bilih mboten wonten pangejawian ing salebetipun bebrayan saking sagung dumadi punika ingkang mboten wonten kridha pangladosanipun.  
Nalikanipun Sanātana Gosvāmī nakenaken dhateng Gusti Pangeran Śrī Caitanya Mahāprabhu menggah ing svarūpa — kawula sedaya sampun ngrembag menggah ing svarūpanipun sagung dumadi — svarūpa utawi kalenggahan sejati saking sagung dumadi, mila Gusti Pangeran mangsulaken bilih kalenggahan sejati saking sagung dumadi inggih menika nindakaken paladosan dhateng Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa Nanging menawi kawula sedaya mracekaaken bageyan saking pratelanipun Gusti Pangeran Caitanya, kawula sedaya saget mirsani bilih saben sagung dumadi tansah ewed ing salebetipun kridha nindakaken paladosan dhateng dumadi sanesipun. Satunggaling dumadi ngladosi dumadi sanesipun ing salebetipun kawisesanipun ingkang benten-benten, lan kanthi nindakaken kridha punika, piyambakipun ngrahapi gesangipun. Satunggaling satwa ingkang langkung ngandhap kalenggahanipun ngladosi satunggaling jalmi, satunggaling abdi sewaka ngladosi bendara piyambakipun. A ngladosi bendara B, B ngladosi bendara C, lajeng C ngladosi bendara D lan kados mekaten salajengipun. Ing salebetipun kawontenan ingkang kados mekaten, kawula sedaya saget mirsani bilih satunggaling mitra ngladosi mitra sanesipun, ibu ngladosi yoganipun, garwa estri ngladosi garwa kakungipun utawi garwa kakung ngladosi garwa estrinipun. Menawi kawula sedaya ngelajengaken madosi kanthi semangat ingkang kados mekaten, mila badhe katingal bilih mboten wonten pangejawian ing salebetipun masarakat sagung dumadi wonten pundi kawula sedaya mboten badhe manggihaken kridha paladosan.  


Sawijining politikus mratelaake rancangan piyambakipun ing pangayunanipun rakyat ingkang kagungan hak pilih lan piyambakipun lajeng ngeyektosake sedanten rakyat ingkang kagungan hak pilih punika bilih piyambakipun saget numindakake pangladosan dumatheng rakyat sedanten punika. Lajeng rakyat ingkang kagungan hak pilih punika maringake pilihan piyambakipun sedanten datheng politikus punika amargi piyambakipun sedanten ngajeng-ajeng bilih politikus punika ajeng numindakake pangladosan datheng piyambakipun sedanten. Pegawai toko ngladosi tiyang ingkang tumbas lan para buruh ngladosi para tiyang ingkang kagungan bandha. Para tiyang ingkang kagungan bandha ngladosi kulawarga piyambakipun sedanten lajeng para kulawarga punika ngladosi ingkang mengagengi kulawarga piyambakipun sedanten ing salebetipun pranatan saking kuwasisan langgeng sagung dumadi ingkang ugi langgeng. Lumantar anggenipun ingkang kados mekaten, kawula sedanten saget mangertosi bilih mboten wonten sawijining dumadi ingkang mardika saking tumindak maringake pangladosan dumatheng dumadi lintunipun. Lan kawula sedanten lajeng saget ngeringkesake sarining rembagan bilih nanging pangladosan punika minangka ingkang sanityasa wonten nyarengi sagung dumadi. Lajeng menawi mekaten saget dipunringkes sarining rembaganipun kanthi ngatos-atos bilih nindakake pangladosan dening sawijining dumadi punika minangka agama ingkang langgeng saking sagung dumadi.  
Satunggaling politikus mratelaaken rancanganipun wonten ngajengipun rakyat lan piyambakipun ngyektosaken para rakyat ingkang nggadhahi hak pilih menggah ing kawisesan saking paladosanipun. Para rakyat ingkang nggadhahi hak pilih ugi maringaken pilihanipun dhateng piyambakipun kanthi satunggaling pangajeng-ajeng bilih piyambakipun badhe maringaken paladosan dhateng masarakat. Pegawai toko ngladosi para tiyang ingkang tumbas lan para buruh ngladosi para tiyang ingkang gadhah bandha. Para tiyang ingkang gadhah bandha ngladosi kulawarginipun lan kulawarginipun ngladosi pengageng kulawarginipun sedaya ing salebeting pranatanipun kewisesan langgeng saking sagung dumadi ingkang langgeng. Lumantar lampahipun ingkang kados mekaten, kawula sedaya mirsani bilih mboten wonten satunggaling dumadi ingkang bebas saking tumindak peparing paladosan dhateng dumadi sanesipun lan kanthi mekaten kawula sedaya saget ngeringkesaken sarining rembagan bilih paladosan minangka ingkang tansah wonten nyarengi sagung dumadi, lan kanthi mekaten saget dipunringkesaken sarining rembaganipun kanthi ngatos-atos bilih peparing paladosan dening sagung dumadi minangka agami ingkang langgeng saking sagung dumadi.  


Nalika sawijining priyantun mratelaake bilih piyambakipun ngrungkebi sawijining kapitadosan ingkang adedhasar datheng sawijining wekdal kaliyan sawijining kawontenan wiyosan, lajeng priyantun punika mratelaake bilih piyambakipun punika tiyang Hindu, tiyang Muslim, tiyang Kristen, Buddha utawi sekte menapa kemawon ingkang lintune lan sub-sekte ingkang lintune, mila pratela ingkang kados mekaten punika sesipatanipun sanes sanātana-dharma. Sawijining tiyang Hindu saget kemawon ngewahi kapitadosan piyambakipun kangge dados sawijining tiyang Muslim, utawi sawijining tiyang Muslim ugi saget kemawon ngewahi kapitadosan piyambakipun kangge dados sawijining tiyang Hindu utawi sawijining tiyang Kristen lan lintune, nanging ing salebetipun sedanten kawontenan, ewah-ewahan ingkang kados mekaten punika mboten nate marengake sawijining tiyang kangge ngewahi kridha piyambakipun ingkang langgeng ing salebetipun nindakake pangladosan datheng tiyang lintune. Sawijining tiyang Hindu utawi tiyang Muslim utawi tiyang Kristen mesthi kemawon dados abdi sewaka saking sawijining tiyang lintune ing sedanten kawontenan menapa kemawon. Lajeng menawi kawula sedanten mratelaake bilih kawula sedanten ngrungkebi sawijining kapitadosan mila pratela punika mboten saget dipunmastani minangka sanātana-dharma, nanging tumindak pangladosan ingkang sanityasa wonten nyarengi sagung dumadi, inggih menika sayektosipun ingkang minangka sanātana-dharma.  
Nalika satunggaling priyantun mratelaaken bilih piyambakipun nganut satunggaliing kayakinan tartamtu ingkang adhedasar dhateng wekdal lan kawontenan kalairan tartamtu, lajeng satunggaling priyantun mratelaaken bilih piyambakipun tiyang Hindu, tiyang Muslim, tiyang Kristen, Buddha utawi sekte menapa kemawon sanesipun lan sub-sekte ingkang sanesipun, mila pratelan ingkang kados mekaten sanes asipat sanātana-dharma. Satunggaling tiyang Hindu saget kemawon ngrebah kayakinanipun kangge dados satunggaling tiyang Muslim, utawi satunggaling tiyang Muslim saget kemawon ngrebah kayakinanipun kangge dados satunggaling tiyang Hindu utawi satunggaling tiyang Kristen lan sanesipun, nanging ing salebetipun sedaya kawontenan rebahan ingkang kados mekaten punika mboten ngangsalaken satunggaling tiyang kangge ngrebah kridha langgeng piyambakipun ing salebetipun maringaken paladosan datheng tiyang sanesipun. Satunggaling tiyang Hindu utawi tiyang Muslim utawi tiyang Kristen, ing salebetipun sedaya kawontenan, piyambakipun minangka  abdi sewaka saking satunggaling tiyang sanensipun, lan kanthi mekaten, mratelaaken satunggaling kayakinan tartamtu mboten saget dipunmastani minangka sanātana-dharma, nanging ingkang tansah wonten nyarengi sagung dumadi, inggih menika peparing paladosan, punika ingkang minangka sanātana-dharma.  


Dados sayektosipun, kawula sedanten sumambung ing salebetipun kasumambungan ingkang sesipatanipun pangladosan kaliyan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos. Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos punika minangka Ingkang Ngrahapi lan kawula sedanten sagung dumadi minangka para abdi sewaka ingkang langgeng saking Panjenenganipun. Kawula sedanten dipunriptaaken kangge karemenan Panjenenganipun, lan menawi kawula sedanten dados bageyan utawi nyarengi karemenan ingkang langgeng punika sareng Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, mila punika saget ndadosake kabagyan datheng kawula sedanten, sanes walikanipun. Menawi kawula sedanten nindakake piyambak-piyambak, kados ingkang sampun dipunandharake datheng kawula sedanten, bilih menawi kawula sedanten nindakake piyambak-piyambak bageyan menapa kemawon saking salira kawula sedanten, asta, ampeyan, jariji utawi bageyan lintune saking salira piyambak-piyambak, mila sedanten bageyan saking salira kawula sedanten punika mboten saget dados angsal kabagyan tamanpa ngladosi dhaharan. Sami kemawon kawontenanipun, sagung dumadi ugi mboten saget angsal kabagyan tamanpa nindakake pangladosan bhakti rohani dumatheng Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos. Ing salebetipun Bhagavad-gītā, pangastuti dumatheng para dewa mboten diprayogaake amargi sampun dipunandharake ing salebetipun Bhagavad-gītā parwa kapitu, sloka kaleh dasa ([[Vanisource:BG 7.20 (1972)|BG 7.20]]), bilih Gusti Pangeran ngendika, kāmais tais tair hṛta-jñānāḥ prapadyante 'nya-devatāḥ. Kāmais tais tair hṛta-jñānāḥ. Piyambakipun sedanten ingkang kawasesa dening nafsu, nanging piyambakipun sedanten ingkang mangastuti dumatheng para dewa lintune lan sanes dumatheng Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, Śrī Kṛṣṇa.  
Dados sayektosipun, kawula sedaya sumambung ing salebetipun sesambetan ingkang asipat paladosan kaliyan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa minangka Ingkang Ngrahapi lan kawula sedanya para sagung dumadi minangka para abdi sewakanipun ingkang langgeng. Kawula sedaya dipunriptaaken kangge kanikmatanipun, lan menawi kawula sedaya dados bageyan utawi nyarengi kanikmatan ingkang langgeng punika sesarengan kaliyan Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, mila punika saget ndadosaken karaharjan dhateng kawula sedaya, sanes ingkang suwalikanipun. Kanthi nindakaken piyambak-piyambak, kados dene ingkang wau sampun dipunandharaken datheng kawula sedaya, bilih menawi kanthi nindakaken piyambak-piyambak bageyan menapa kemawon saking salira, asta, sampeyan, jariji utawi bageyan sanesipun saking salira kanthi piyambak-piyambak, mboten badhe saget dados ngangsalaken karaharjan tanpa ngladosi padharan. Sami kados dene, sagung dumadi mboten nate badhe saget ngangsalaken karaharjan tanpa maringaken paladosan bhakti rohani dhateng Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Sapunika, ing salebetipun Bhagavad-gītā, pangastuti dhateng para dewa mboten dipunsetujoni amargi ... dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā Parwa Kaping Pitu, Sloka Kaping Kaleh Dasa ([[Vanisource:BG 7.20 (1972)|BG 7.20]]), Gusti Pangeran dhawuh, kāmais tais tair hṛta-jñānāḥ prapadyante 'nya-devatāḥ. Kāmais tais tair hṛta-jñānāḥ. Piyambakipun sedaya ingkang dipunkuwaosi dening napsu, piyambakipun sedaya nanging mangastuti dhateng para dewa lan sanes dhateng Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, Śrī Kṛṣṇa.  
<!-- END TRANSLATED TEXT -->
<!-- END TRANSLATED TEXT -->

Latest revision as of 17:51, 1 October 2020



660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Kanthi adhedasar dhateng konsep ing nginggil menggah ing sanātana-dharma, kawula sedaya saget nyobi mangertosi konsepipun agami nglangkungi suraosipun tembung dharma.saking basa Sansekerta. Tembung punika suraosipun ingkang tansah nyarengi satunggaling obyek tartamtu. Sami kados dene ingkang sampun kawula sebataken, menawi kawula sedaya ngrembag latu, mila sarining rembaganipun sanalikanipun inggih menika bilih wonten benter lan teja ingkang nyarengi latu punika. Tanpa benter lan teja, tembung latu mboten wonten suraosipun. Sami kados dene, kawula sedaya kedah manggihaken bageyan ingkang minangka dhedasaripun sagung dumadi ingkang tansah nyarengi piyambakipun. Bageyan ingkang tansah nyarengi sagung dumadi inggih menika sipatipun ingkang langgeng, lan bageyan langgeng saking sipatipun sagung dumadi inggih menika agaminipun ingkang langgeng.

Nalikanipun Sanātana Gosvāmī nakenaken dhateng Gusti Pangeran Śrī Caitanya Mahāprabhu menggah ing svarūpa — kawula sedaya sampun ngrembag menggah ing svarūpanipun sagung dumadi — svarūpa utawi kalenggahan sejati saking sagung dumadi, mila Gusti Pangeran mangsulaken bilih kalenggahan sejati saking sagung dumadi inggih menika nindakaken paladosan dhateng Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa Nanging menawi kawula sedaya mracekaaken bageyan saking pratelanipun Gusti Pangeran Caitanya, kawula sedaya saget mirsani bilih saben sagung dumadi tansah ewed ing salebetipun kridha nindakaken paladosan dhateng dumadi sanesipun. Satunggaling dumadi ngladosi dumadi sanesipun ing salebetipun kawisesanipun ingkang benten-benten, lan kanthi nindakaken kridha punika, piyambakipun ngrahapi gesangipun. Satunggaling satwa ingkang langkung ngandhap kalenggahanipun ngladosi satunggaling jalmi, satunggaling abdi sewaka ngladosi bendara piyambakipun. A ngladosi bendara B, B ngladosi bendara C, lajeng C ngladosi bendara D lan kados mekaten salajengipun. Ing salebetipun kawontenan ingkang kados mekaten, kawula sedaya saget mirsani bilih satunggaling mitra ngladosi mitra sanesipun, ibu ngladosi yoganipun, garwa estri ngladosi garwa kakungipun utawi garwa kakung ngladosi garwa estrinipun. Menawi kawula sedaya ngelajengaken madosi kanthi semangat ingkang kados mekaten, mila badhe katingal bilih mboten wonten pangejawian ing salebetipun masarakat sagung dumadi wonten pundi kawula sedaya mboten badhe manggihaken kridha paladosan.

Satunggaling politikus mratelaaken rancanganipun wonten ngajengipun rakyat lan piyambakipun ngyektosaken para rakyat ingkang nggadhahi hak pilih menggah ing kawisesan saking paladosanipun. Para rakyat ingkang nggadhahi hak pilih ugi maringaken pilihanipun dhateng piyambakipun kanthi satunggaling pangajeng-ajeng bilih piyambakipun badhe maringaken paladosan dhateng masarakat. Pegawai toko ngladosi para tiyang ingkang tumbas lan para buruh ngladosi para tiyang ingkang gadhah bandha. Para tiyang ingkang gadhah bandha ngladosi kulawarginipun lan kulawarginipun ngladosi pengageng kulawarginipun sedaya ing salebeting pranatanipun kewisesan langgeng saking sagung dumadi ingkang langgeng. Lumantar lampahipun ingkang kados mekaten, kawula sedaya mirsani bilih mboten wonten satunggaling dumadi ingkang bebas saking tumindak peparing paladosan dhateng dumadi sanesipun lan kanthi mekaten kawula sedaya saget ngeringkesaken sarining rembagan bilih paladosan minangka ingkang tansah wonten nyarengi sagung dumadi, lan kanthi mekaten saget dipunringkesaken sarining rembaganipun kanthi ngatos-atos bilih peparing paladosan dening sagung dumadi minangka agami ingkang langgeng saking sagung dumadi.

Nalika satunggaling priyantun mratelaaken bilih piyambakipun nganut satunggaliing kayakinan tartamtu ingkang adhedasar dhateng wekdal lan kawontenan kalairan tartamtu, lajeng satunggaling priyantun mratelaaken bilih piyambakipun tiyang Hindu, tiyang Muslim, tiyang Kristen, Buddha utawi sekte menapa kemawon sanesipun lan sub-sekte ingkang sanesipun, mila pratelan ingkang kados mekaten sanes asipat sanātana-dharma. Satunggaling tiyang Hindu saget kemawon ngrebah kayakinanipun kangge dados satunggaling tiyang Muslim, utawi satunggaling tiyang Muslim saget kemawon ngrebah kayakinanipun kangge dados satunggaling tiyang Hindu utawi satunggaling tiyang Kristen lan sanesipun, nanging ing salebetipun sedaya kawontenan rebahan ingkang kados mekaten punika mboten ngangsalaken satunggaling tiyang kangge ngrebah kridha langgeng piyambakipun ing salebetipun maringaken paladosan datheng tiyang sanesipun. Satunggaling tiyang Hindu utawi tiyang Muslim utawi tiyang Kristen, ing salebetipun sedaya kawontenan, piyambakipun minangka abdi sewaka saking satunggaling tiyang sanensipun, lan kanthi mekaten, mratelaaken satunggaling kayakinan tartamtu mboten saget dipunmastani minangka sanātana-dharma, nanging ingkang tansah wonten nyarengi sagung dumadi, inggih menika peparing paladosan, punika ingkang minangka sanātana-dharma.

Dados sayektosipun, kawula sedaya sumambung ing salebetipun sesambetan ingkang asipat paladosan kaliyan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa minangka Ingkang Ngrahapi lan kawula sedanya para sagung dumadi minangka para abdi sewakanipun ingkang langgeng. Kawula sedaya dipunriptaaken kangge kanikmatanipun, lan menawi kawula sedaya dados bageyan utawi nyarengi kanikmatan ingkang langgeng punika sesarengan kaliyan Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, mila punika saget ndadosaken karaharjan dhateng kawula sedaya, sanes ingkang suwalikanipun. Kanthi nindakaken piyambak-piyambak, kados dene ingkang wau sampun dipunandharaken datheng kawula sedaya, bilih menawi kanthi nindakaken piyambak-piyambak bageyan menapa kemawon saking salira, asta, sampeyan, jariji utawi bageyan sanesipun saking salira kanthi piyambak-piyambak, mboten badhe saget dados ngangsalaken karaharjan tanpa ngladosi padharan. Sami kados dene, sagung dumadi mboten nate badhe saget ngangsalaken karaharjan tanpa maringaken paladosan bhakti rohani dhateng Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Sapunika, ing salebetipun Bhagavad-gītā, pangastuti dhateng para dewa mboten dipunsetujoni amargi ... dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā Parwa Kaping Pitu, Sloka Kaping Kaleh Dasa (BG 7.20), Gusti Pangeran dhawuh, kāmais tais tair hṛta-jñānāḥ prapadyante 'nya-devatāḥ. Kāmais tais tair hṛta-jñānāḥ. Piyambakipun sedaya ingkang dipunkuwaosi dening napsu, piyambakipun sedaya nanging mangastuti dhateng para dewa lan sanes dhateng Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, Śrī Kṛṣṇa.