JV/Prabhupada 1070 - Peparing Paladosan Minangka Agami Ingkang Langgeng Saking Sagung Dumadi

Revision as of 11:27, 8 December 2018 by Gusti (talk | contribs) (Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1070 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Lumantar konsep babagan sanātana-dharma ing nginggil punika, kawula sedanten saget nyobi mangertosi konsep babagan agama nglangkungi wigatosipun basa Sansekerta saking tembung dharma. Tembung punika kagungan wigatos : ingkang sanityasa nyarengi sawijining obyek. Kados ingkang nembe kemawon kawula sebataken, rikala kawula sedanten ngrembag geni, mila kala menika ugi saget dipunringkes sarining rembaganipun bilih wonten benter kaliyan teja ingkang nyarengi geni punika. Tamanpa benter lan tamanpa teja, mila tembung geni punika mboten kagungan wigatos. Dados sami babaganipun, kawula sedanten kedah manggihi bakuning bageyan saking sawijining dumadi ingkang sanityasa nyarengi piyambakipun Bageyan ingkang sanityasa nyarengi sawijining dumadi inggih menika sesipatanipun ingkang langgeng, lan bageyan langgeng saking sesipatanipun sawijining dumadi inggih menika agama piyambakipun ingkang langgeng.

Rikala Sanātana Gosvāmī tanglet dumatheng Gusti Pangeran Śrī Caitanya Mahāprabhu babagan svarūpa — kawula sedanten sampun ngrembag babagan svarūpa saking sedanten sagung dumadi — svarūpa utawi kapinarakan sejatos saking sagung dumadi, mila Gusti Pangeran mangsuli bilih kapinarakan sejatos saking sagung dumadi inggih menika nindakake pangladosan dumatheng Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos Nanging menawi kawula sedanten mracekaake bageyan saking pratelanipun Gusti Pangeran Caitanya, mila kawula sedanten saget mangertosi kanthi kawistara sanget bilih sedanten sagung dumadi punika sanityasa ewed ing salebetipun kridha saking nindakake pangladosan dumatheng dumadi lintunipun. Sawijining dumadi ngladosi dumadi lintune lumantar kuwasisan ingkang benten-benten, lan kanthi tumindak ingkang mekaten punika, sagung dumadi ngerahapi ngalam dunya punika. Sawijining kewan ingkang langkung ngandap kapinarakanipun ngladosi sawijining manungsa, sawijining abdi sewaka ngladosi bendara piyambakipun. A ngladosi B ingkang dados bendara piyambakipun, B ngladosi C ingkang dados bendara piyambakipun, lajeng C ngladosi D ingkang dados bendara piyambakipun. Kados mekaten salajengipun. Dados ing salebetipun kawontenan kados mekaten punika, kawula sedanten saget mangertosi bilih sawijining mitra ngladosi mitra lintune, sawijining ibu ngladosi putera piyambakipun, sawijining priyantun estri ngladosi garwa piyambakipun utawi sawijining priyantun jaler ngladosi garwa piyambakipun. Menawi kawula sedanten nglajengaken pamadosan ingkang kados mekaten, mila mangke saget dipunmangertosi bilih mboten wonten pangejawian ing salebetipun bebrayan saking sagung dumadi punika ingkang mboten wonten kridha pangladosanipun.

Sawijining politikus mratelaake rancangan piyambakipun ing pangayunanipun rakyat ingkang kagungan hak pilih lan piyambakipun lajeng ngeyektosake sedanten rakyat ingkang kagungan hak pilih punika bilih piyambakipun saget numindakake pangladosan dumatheng rakyat sedanten punika. Lajeng rakyat ingkang kagungan hak pilih punika maringake pilihan piyambakipun sedanten datheng politikus punika amargi piyambakipun sedanten ngajeng-ajeng bilih politikus punika ajeng numindakake pangladosan datheng piyambakipun sedanten. Pegawai toko ngladosi tiyang ingkang tumbas lan para buruh ngladosi para tiyang ingkang kagungan bandha. Para tiyang ingkang kagungan bandha ngladosi kulawarga piyambakipun sedanten lajeng para kulawarga punika ngladosi ingkang mengagengi kulawarga piyambakipun sedanten ing salebetipun pranatan saking kuwasisan langgeng sagung dumadi ingkang ugi langgeng. Lumantar anggenipun ingkang kados mekaten, kawula sedanten saget mangertosi bilih mboten wonten sawijining dumadi ingkang mardika saking tumindak maringake pangladosan dumatheng dumadi lintunipun. Lan kawula sedanten lajeng saget ngeringkesake sarining rembagan bilih nanging pangladosan punika minangka ingkang sanityasa wonten nyarengi sagung dumadi. Lajeng menawi mekaten saget dipunringkes sarining rembaganipun kanthi ngatos-atos bilih nindakake pangladosan dening sawijining dumadi punika minangka agama ingkang langgeng saking sagung dumadi.

Nalika sawijining priyantun mratelaake bilih piyambakipun ngrungkebi sawijining kapitadosan ingkang adedhasar datheng sawijining wekdal kaliyan sawijining kawontenan wiyosan, lajeng priyantun punika mratelaake bilih piyambakipun punika tiyang Hindu, tiyang Muslim, tiyang Kristen, Buddha utawi sekte menapa kemawon ingkang lintune lan sub-sekte ingkang lintune, mila pratela ingkang kados mekaten punika sesipatanipun sanes sanātana-dharma. Sawijining tiyang Hindu saget kemawon ngewahi kapitadosan piyambakipun kangge dados sawijining tiyang Muslim, utawi sawijining tiyang Muslim ugi saget kemawon ngewahi kapitadosan piyambakipun kangge dados sawijining tiyang Hindu utawi sawijining tiyang Kristen lan lintune, nanging ing salebetipun sedanten kawontenan, ewah-ewahan ingkang kados mekaten punika mboten nate marengake sawijining tiyang kangge ngewahi kridha piyambakipun ingkang langgeng ing salebetipun nindakake pangladosan datheng tiyang lintune. Sawijining tiyang Hindu utawi tiyang Muslim utawi tiyang Kristen mesthi kemawon dados abdi sewaka saking sawijining tiyang lintune ing sedanten kawontenan menapa kemawon. Lajeng menawi kawula sedanten mratelaake bilih kawula sedanten ngrungkebi sawijining kapitadosan mila pratela punika mboten saget dipunmastani minangka sanātana-dharma, nanging tumindak pangladosan ingkang sanityasa wonten nyarengi sagung dumadi, inggih menika sayektosipun ingkang minangka sanātana-dharma.

Dados sayektosipun, kawula sedanten sumambung ing salebetipun kasumambungan ingkang sesipatanipun pangladosan kaliyan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos. Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos punika minangka Ingkang Ngrahapi lan kawula sedanten sagung dumadi minangka para abdi sewaka ingkang langgeng saking Panjenenganipun. Kawula sedanten dipunriptaaken kangge karemenan Panjenenganipun, lan menawi kawula sedanten dados bageyan utawi nyarengi karemenan ingkang langgeng punika sareng Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, mila punika saget ndadosake kabagyan datheng kawula sedanten, sanes walikanipun. Menawi kawula sedanten nindakake piyambak-piyambak, kados ingkang sampun dipunandharake datheng kawula sedanten, bilih menawi kawula sedanten nindakake piyambak-piyambak bageyan menapa kemawon saking salira kawula sedanten, asta, ampeyan, jariji utawi bageyan lintune saking salira piyambak-piyambak, mila sedanten bageyan saking salira kawula sedanten punika mboten saget dados angsal kabagyan tamanpa ngladosi dhaharan. Sami kemawon kawontenanipun, sagung dumadi ugi mboten saget angsal kabagyan tamanpa nindakake pangladosan bhakti rohani dumatheng Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos. Ing salebetipun Bhagavad-gītā, pangastuti dumatheng para dewa mboten diprayogaake amargi sampun dipunandharake ing salebetipun Bhagavad-gītā parwa kapitu, sloka kaleh dasa (BG 7.20), bilih Gusti Pangeran ngendika, kāmais tais tair hṛta-jñānāḥ prapadyante 'nya-devatāḥ. Kāmais tais tair hṛta-jñānāḥ. Piyambakipun sedanten ingkang kawasesa dening nafsu, nanging piyambakipun sedanten ingkang mangastuti dumatheng para dewa lintune lan sanes dumatheng Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, Śrī Kṛṣṇa.