JV/Prabhupada 1074 - Sedaya Kasangsaran Ingkang Dipunlampahi Ing Ngalam Donya Material Punika Dipunsababaken Dening Salira Punika

Revision as of 02:48, 18 December 2018 by Gusti (talk | contribs) (Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1074 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Ing bageyan lintune saking Bhagavad-gītā ugi dipunandharaken bilih :

avyakto 'kṣara ity uktas
tam āhuḥ paramāṁ gatim
yaṁ prāpya na nivartante
tad dhāma paramaṁ mama
(BG 8.21)

Avyakta suraosipun ingkang mboten ketingal. Wonten kathah sanget bageyan saking ngalam dunya material punika ingkang mboten saget kawula sedanten tingali. Indria-indria kawula sedanten punika mboten sampurna sanget saengga kawula sedanten mboten saget mirsani pinten kathahipun kartika ing antariksa, pinten kathahipun planet ingkang wonten ing jagad raya material punika. Mesthi kemawon, lumantar kasusastran Veda, kawula sedanten saget angsal pawartos babagan sedanten planet. Kawula sedanten angsal kemawon mitadosi lan angsal ugi mboten mitadosi, nanging sedanten planet ingkang wigatos sanget lan kagungan kasumambungan kaliyan kawula sedanten, sedanten planet punika dipunandharaken ing salebetipun kasusastran Veda, lan andharan mligi babagan punika wonten ing lebetipun Śrīmad-Bhāgavatam. Nanging ing ngalam dunya rohani, ingkang ngelangkungi antariksa material punika : paras tasmāt tu bhāvo 'nyo (BG 8.20), nanging avyakta ingkang wau punika, antariksa rohani ingkang mboten ketingal punika, inggih menika paramāṁ gatim, ingkang suraosipun inggih menika sawijining priyantun kedahipun sanityasa ngersaaken lan sanityasa kagungan katresnan kangge nggayuhi karatyan ingkang lestari punika. Lajeng menawi piyambakipun sampun angsal damel nyelaki karatyan ingkang lestari punika : yaṁ prāpya, priyantun ingkang sampun nyelaki utawi ingkang sampun angsal damel nggayuhi karatyan ingkang lestari punika, mila : na nivartante, piyambakipun mboten kedah wangsul malih dhateng ngalam dunya material punika. Panggenan menika ingkang dados panggenan langgeng Gusti Pangeran, ingkang kawula sedanten mboten kedah wangsul malih saking mrika, inggih panggenan punika ingkang sayektosipun kagungan kawula sedanten .... ingkang kedahipun dados kagungan kawula sedanten ... (sepi). Kala punika mbok bilih saget wonten setunggal pamundhutan pirsa, anggenipun ingkang kados pundi ingkang saget dipunagem kangge nyelaki panggenan langgeng Gusti Pangeran punika? Punika ugi dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā. Punika ugi dipratelaaken ing lebetipun Parwa Kaping Astha, Sloka 5, 6, 7, 8, inggih menika babagan proses kangge nyelaki Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos utawi panggenan Panjenenganipun, punika ugi dipunandharaken wonten ing mrika. Andharanipun dipunpratelaaken kados mekaten :

anta-kāle ca mām eva
smaran muktvā kalevaram
yaḥ prayāti sa mad-bhāvaṁ
yāti nāsty atra saṁśayaḥ
(BG 8.5)

Anta-kāle, ing wusantenipun kagesangan, nalika ajeng seda, Anta-kāle ca mām eva. Sawijining tiyang ingkang menggalih Kṛṣṇa, smaran, menawi piyambakipun saget emut. Sawijining tiyang ingkang nembe sekarat, nalika ajeng seda, menawi piyambakipun ngemut-emut wujudipun Kṛṣṇa lan nalika nembe ngemut-emut lumantar anggenipun ingkang kados mekaten, menawi piyambakipun lajeng ugi nilarake saliranipun kala menika, mila sampun kantenan bilih piyambakipun ajeng nggayuhi karatyan ingkang lestari punika, mad-bhāvam. Bhāvam suraosipun ngalam rohani. Yaḥ prayāti sa mad-bhāvaṁ yāti. Mad-bhāvam suraosipun ugi ngalam rohani utawi ngalam rohani saking Dumadi Ingkang Utami. Sami kados ingkang sampun kawula andharake ing nginggil, bilih Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos inggih menika sac-cid-ānanda-vigraha (BS 5.1). Panjenenganipun kagungan wujud, nanging wujud Panjenenganipun sat utawi langgeng sesipatanipun, wujud punika pepak dening seserepan, cit, lan wujud punika ugi pepak dening karaharjan, ānanda. Kala punika kawula sedanten saget nglimbangaken wujud punika kaliyan salira kawula sedanten piyambak-piyambak kala menika, menapa salira kawula sedanten punika ugi sac-cid-ānanda sesipatanipun. Mboten. Salira punika asat. Salira kawula sedanten punika mboten sat nanging asat sesipatanipun. Antavanta ime dehā (BG 2.18). Bhagavad-gītā sampun maringake andharan bilih salira punika antavat, mboten awet. Lan ... .Sac-cid-ānanda. Sanes dados sat, nanging salira punika asat, dados malah kosok wangsul sesipatanipun. Lan sanes dados cit, pepak dening seserepan, nanging salira punika malah pepak dening kamudha-daman. Kawula sedanten mboten kagungan secuwil kemawon seserepan babagan karatyan ingkang lestari, lan kawula sedanten ugi mboten kagungan seserepan ingkang sampurna babagan ngalam dunya material punika. Taksih kathah sanget ingkang kawula sedanten dereng mangertosi, mila salira punika pepak dening kamudha-daman sesipatanipun. Salira punika malah pepak dening kamudha-daman, sanes pepak dening seserepan. Salira punika mboten awet, pepak dening kamudha-daman lan nirānanda. Sanes dados pepak dening karaharjan, nanging malah pepak dening rekaos. Sedanten rekaos ingkang kawula sedanten tindakake ing ngalam dunya material punika amargi saking salira punika.