JV/Prabhupada 1075 - Kawula Sedaya Saweg Nyamektaaken Gesangipun Ingkang Salajengipun Lumantar Kridha-Kridhanipun Ing Gesang Sapunika

Revision as of 09:00, 18 December 2018 by Gusti (talk | contribs) (Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1075 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Gusti Pangeran ngendika bilih : anta-kāle ca mām eva smaran muktvā kalevaram (BG 8.5). Sawijining priyantun ingkang nembe nilaraken salira material piyambakipun, naming lumantar ngemut-emut Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa, Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, mila piyambakipun ing kala menika ugi ngangsalaken salira rohani ingkang sac-cid-ānanda-vigraha sesipatanipun. (BS 5.1). Proses saking nilaraken salira lajeng ngangsalaken salira lintune ing salebetipun ngalam dunya material punika ugi sampun dipunprayogaaken. Sawijining tiyang nembe ajeng seda sasampunipun ditemtoaken wujud salira ingkang kados menapa ingkang bade diparingaken dhateng piyambakipun ing kegesangan ingkang sabanjure. Nanging putusan babagan punika dipuntindakaken dening ingkang kagungan kawenangan ingkang langkung nginggil. Sami kados nalika kawula sedanten ngangsalaken inggah-inggahan pangkat utawi malah dipunandhapaken pangkatipun miturut pangladosan ingkang sampun kawula sedanten tindakake. Mila sami kados mekaten, miturut kridha-kridha ingkang sampun kawula sedanten tindakake ... Kridha-kridha ing lebetipun kagesangan kala punika, menika sedanten minangka bakuning kasamektan kangge kagesangan ingkang sabanjure. Kawula sedanten nyamektaaken kagesangan kawula sedanten ingkang sabanjure lumantar kridha-kridha kawula sedanten ing kagesangan kala punika. Dados, menawi kawula sedanten saget nyamektaaken kagesangan kala punika kangge ngangsalaken inggah-inggahan dhateng karatyan Gusti Pangeran, mila sampun kantenan bilih sasampunipun seda, sasampunipun nilaraken salira material punika ... Gusti Pangeran ngendika, yaḥ prayāti, sawijining tiyang ingkang tindak, sa mad-bhāvaṁ yāti (BG 8.5), mad-bhāvam ... Piyambakipun ngangsalaken salira rohani ingkang sami kaliyan salira rohani kagunganipun Gusti Pangeran, utawi ingkang sami-sami rohani sesipatanipun. Kala punika, wonten tetunggalan ingkang benten-benten saking tiyang-tiyang ingkang madosi kaluhuran miturut andharan wonteng ing nginggil. Para brahmavādī, para paramātmavādī lan para panyembah. Ing antariksa rohani utawi ing brahma-jyotir, wonten planet-planet rohani, planet-planet rohani ingkang kathahipun mboten saget kaetang, kawula sedanten sampun ngrembag babagan punika. Lan kathahipun planet-planet ing antariksa rohani punika ngelangkungi sanget kathahipun sedanten jagad raya ing ngalam dunya material.

Ngalam dunya material punika inggih menika ekāṁśena sthito jagat (BG 10.42). Dados wujudipun ngalam dunya material punika minangka saprasekawan bageyan saking sedanten wujudipun reriptan. Tiga-prasekawan bageyan saking reriptan lintune minangka ngalam dunya rohani lan ing salebetipun saprasekawan bageyan saking reriptan punika wonten mayuta-yuta jagad raya ingkang kados mekaten punika, ingkang kala punika nembe kawula sedanten lampahi. Lan ing salebetipun setunggal jagad raya wonten mayuta-yuta lan milyaran planet. Dados ugi wonten mayuta-yuta lan milyaran srengenge, candra kaliyan kartika ing lebetipun sedanten ngalam dunya material, nanging sedanten wujudipun ngalam dunya material punika nanging minangka saprasekawan bageyan saking sedanten reriptan. Lan tiga-prasekawan bageyan saking wujud punika minangka antariksa rohani. Dados, babagan mad-bhāvam punika, mila sawijining tiyang ingkang ngersaaken dados manunggal ing lebetipun kawontenan saking Brahman Ingkang Utami, piyambakipun manunggal ing salebetipun brahma-jyotir saking Gusti Pangeran Ingkang Utami. Amargi mad-bhāvam saget dipunsuraosaken minangka brahma-jyotir, sami ugi kaliyan planet-planet rohani ingkang wonten ing lebetipun brahma-jyotir. Lajeng para penyembah ingkang ngersaaken pasrawungan lan pamitran kaliyan Gusti Pangeran, piyambakipun sedanten mlebet ing planet-planet punika, planet-planet Vaikuṇṭha. Planet-planet Vaikuṇṭha mboten kaetang kathahipun lan Gusti Pangeran, Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa Ingkang Dahat Kuwaos, lumantar pamiyaran Panjenenganipun ingkang dahat kuwaos minangka Nārāyaṇa ingkang kagungan sekawan hasta lan ingkang kagungan sapinten-pinten asma ingkang benten-benten, Pradyumna, Aniruddha, lan Mādhava, Govinda ... wonten kathah sanget asmanipun Nārāyaṇa ingkang kagungan sekawan hasta punika, nguwaosi salah sawijining planet ingkang ugi minangka mad-bhāvam, lan ingkang ugi wonten ing lebetipun ngalam dunya rohani. Dados para tiyang ingkang madosi kaluhuran ingkang nalika wonten ing wusanten saking kagesangan piyambakipun sedanten, duka menapa piyambakipun menggalih babagan brahma-jyotir utawi nyepen semadi dhateng Paramātmā utawi ugi menggalih babagan Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos Śrī Kṛṣṇa, ing sedanten kawontenan punika, piyambakipun sedanten dados mlebet ing antariksa rohani. Nanging naming para panyembah, piyambakipun sedanten ingkang nindakaken kasumambungan priangga kaliyan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, naming piyambakipun sedanten ingkang mlebet ing planet-planet Vaikuṇṭha utawi mlebet ing planet Goloka Vṛndāvana. Gusti Pangeran ngendika, yaḥ prayāti sa mad-bhāvaṁ yāti nāsty atra saṁśayaḥ (BG 8.5). Mboten wonten keringa-ringan malih. Kedahipun mboten wonten tiyang ingkang mboten mitadosi. Inggih menika ingkang dados prakawisipun.

Dados, panjenengan sedanten sampun maos Bhagavad-gītā ing sadangunipun kagesangan panjenengan sedanten, nanging nalika Gusti Pangeran ngendika sawijining babagan ingkang mboten cecek kaliyan pangudaros kawula sedanten, mila kawula sedanten ngungkuraken babagan punika. Ingkang kados mekaten sanes proses maos Bhagavad-gītā. Kados Arjuna ingkang ngendika bilih, sarvam etaṁ ṛtam manye (BG 10.14), "Kawula mitadosi menapa kemawon ingkang sampun Panjenengan ngendikakaken." Sami mawon babaganipun, mirengaken, lumantar mirengaken. Gusti Paneran ngendika bilih nalika seda, sinten kemawon ingkang menggalih Panjenenganipun, duka minangka Brahman utawi minangka Paramātmā utawi minangka Kaprianggan Gusti Pangeran, mila sampun kantenan piyambakipun ajeng mlebet ing antariksa rohani lan mboten wonten karinga-ringan dhateng babagan punika. Kedahipun mboten wonten sawijining tiyang ingkang mboten mitadosi babagan punika. Lajeng prosesipun, antaranipun ugi dipunpratelaaken ing salebetipun Bhagavad-gītā, kados pundi sawijining priyantun saget, kados pundi anggenipun saget mlebet ing karatyan rohani punika nanging lumantar menggalih babagan Ingkang Dahat Kuwaos nalika seda. Amargi antaraipun proses punika ugi dipunpratelaaken :

yaṁ yaṁ vāpi smaran bhāvaṁ
tyajaty ante kalevaram
taṁ tam evaiti kaunteya
sadā tad-bhāva-bhāvitaḥ
(BG 8.6)