JV/Prabhupada 1075 - Kawula Sedaya Saweg Nyamektaaken Gesangipun Ingkang Salajengipun Lumantar Kridha-Kridhanipun Ing Gesang Sapunika



660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Gusti Pangeran dhawuh bilih : anta-kāle ca mām eva smaran muktvā kalevaram (BG 8.5). Satunggaling priyantun ingkang nilaraken salira materialipun, namung lumantar ngemut-emut Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa, Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, mila sanalikanipun piyambakipun ugi ngangsalaken salira rohani ingkang asipat sac-cid-ānanda-vigraha. (BS 5.1). Proses kangge nilaraken salira sarta proses kangge ngangsalaken salira sanesipun ing salebetipun ngalam donya material ugi sampun dipuntata. Satunggaling priyantun nembe badhe seda sasampunipun dipuntamtoaken wujud salira ingkang kados menapa ingkang bade dipunparingaken dhateng piyambakipun ing gesang salajengipun. Nanging putusan menggah ing perkawis punika dipuntindakaken dening otoritas utawi pihak ingkang kagungan kawenangan ingkang langkung nginggil. Sami kados dene nalikanipun pangkatipun kawula sedaya ing salebetipun pedamelan dipunindhakaken utawi dipunandhapaken.. Mila sami kados dene, miturut kridha-kridhanipun ingkang sampun dipuntindakaken ... Kridha-kridha ing salebetipun gesang sapunika, sedayanipun minangka dhasar kasamektan kangge gesang salajengipun. Kawula sedaya saweg nyamektaaken gesang salajengipun lumantar kridha-kridhanipun ing gesang sapunika. Dados, menawi kawula sedaya saget nyamektaaken gesang sapunikanipun kangge ngangsalaken inggah-inggahan tataran dhateng karatyan Gusti Pangeran, mila sampun kantenan bilih sasampunipun nilaraken, sasampunipun ngendhegaken salira material punika ... Gusti Pangeran dhawuh, yaḥ prayāti, satunggaling tiyang ingkang tindak, sa mad-bhāvaṁ yāti (BG 8.5), mad-bhāvam ... Piyambakipun ngangsalaken salira rohani ingkang sami kaliyan salira rohanipun Gusti Pangeran, utawi ingkang sami-sami asipat rohani. Sapunika, wonten golongan-golonganipun ingkang benten-benten para priyantun ingkang madosi kaluhuran sami kados dene sampun dipunandharaken dhateng kawula sedaya wonten ing nginggil. Sang brahmavādī, sang paramātmavādī lan sang penyembah. Ing antariksa rohani utawi brahma-jyotir, wonten planet-planet rohani, planet-planet rohani ingkang kathahipun mboten saget dipunpetang, sami kados dene sampun kawula sedaya rembag. Lan kathahipun planet-planet ing antariksa rohani punika kathah sanget ngelangkungi kathahipun sedaya jagad raya ingkang wonten ing ngalam donya material.

Ngalam donya material inggih menika ekāṁśena sthito jagat (BG 10.42). Wujudipun ngalam donya material minangka saprasekawan bageyanipun sedaya reriptan. Tiga-prasekawan bageyanipun reriptan ingkang sanesipun minangka ngalam donya rohani, lan ing salebetipun saprasekawan bageyanipun reriptan punika wonten mayuta-yuta jagad raya ingkang kados mekaten punika, ingkang saweg kawula sedaya lampahi sapunika. Lan ing salebetipun setunggal jagad raya wonten milyaran lan trilyunan planet. Dados wonten milyaran lan trilyunan surya, candra lan kartika ing salebetipun ngalam donya material punika, nanging sedayanipun nanging minangka saprasekawan bageyanipun sedaya reriptan. Tiga-prasekawan bageyan ingkang sanesipun minangka antariksa rohani. Dados, menggah ing mad-bhāvam punika, mila satunggaling priyantun ingkang ngersaaken dados manunggal ing salebetipun kawontenanipun Brahman Ingkang Utami, piyambakipun manunggal ing salebetipun brahma-jyotiripun Gusti Pangeran Ingkang Utami. Amargi mad-bhāvam saget dipunsuraosaken minangka brahma-jyotir, sami kados dene planet-planet rohani ingkang wonten ing salebetipun brahma-jyotir. Lan para penyembah ingkang ngersaaken kamitran kaliyan Gusti Pangeran, piyambakipun sedaya mlebet ing salebetipun planet-planet punika, planet-planet Vaikuṇṭha. Planet-planet Vaikuṇṭha mboten saget dipunpetang kathahipun lan Gusti Pangeran, Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa Ingkang Murbeng Wasesa, lumantar pamiyaranipun ingkang murbeng wasesa minangka Nārāyaṇa ingkang kagungan sekawan hasta lan maneka werni asmanipun ingkang benten-benten, Pradyumna, Aniruddha, lan Mādhava, Govinda ... wonten kathah sanget asmanipun Nārāyaṇa ingkang kagungan sekawan hasta punika, dados ingkang nguwaosi ing salah satunggaling planet ingkang ugi minangka mad-bhāvam, lan ingkang ugi wonten ing salebetipun ngalam donya rohani. Dados para priyantun ingkang madosi kaluhuran ingkang wonten ing wusana gesangipun sedanten, duka menapa piyambakipun menggalih menggah ing brahma-jyotir utawi nyepen semadi dhateng Paramātmā utawi ugi menggalih menggah ing Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa Śrī Kṛṣṇa, ing sedaya perkawis punika, piyambakipun sedaya mlebet ing salebetipun antariksa rohani. Nanging namung para panyembah, piyambakipun sedaya ingkang nindakaken sesambetan mligi kaliyan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, namung piyambakipun sedaya ingkang mlebet ing salebetipun planet-planet Vaikuṇṭha utawi mlebet ing salebetipun planet Goloka Vṛndāvana. Gusti Pangeran dhawuh, yaḥ prayāti sa mad-bhāvaṁ yāti nāsty atra saṁśayaḥ (BG 8.5). Mboten wonten kamangu-mangon sekedhik kemawon. Kedahipun mboten wonten priyantun ingkang mboten ngyakini. Inggih menika ingkang dados perkawisipun.

Dados, panjenengan maos Bhagavad-gītā ing sadangunipun gesang panjenengan sedaya, nanging nalikanipun Gusti Pangeran dhawuh satunggaling perkawis ingkang mboten jumbuh kaliyan pangudaros kawula sedaya, mila kawula sedaya lajeng nampik perkawis punika. Punika sanes proses maos Bhagavad-gītā. Kados Arjuna ingkang matur bilih, sarvam etaṁ ṛtam manye (BG 10.14), "Kawula yakin dhateng menapa kemawon ingkang sampun Panjenengan dhawuhaken." Sami kados dene, mirengaken, lumantar mirengaken. Gusti Paneran dhawuh bilih ing wekdalipun seda, sinten kemawon ingkang menggalih Panjenenganipun, duka minangka Brahman utawi minangka Paramātmā utawi minangka Kaprianggan Gusti Pangeran, mila sampun kantenan bilih piyambakipun badhe mlebet ing salebetipun antariksa rohani lan mboten wonten kamangu-mangon sekedhik kemawon dhateng perkawis punika. Kedahipun mboten wonten satunggaling priyantun ingkang mboten ngyakini menggah ing perkawis punika. Lan prosesipun, antaranipun ugi dipunpratelaaken ing salebetipun Bhagavad-gītā, kados pundi satunggaling priyantun saget, kados pundi anggenipun saget mlebet ing salebetipun karatyan rohani punika namung lumantar menggalih menggah ing Ingkang Murbeng Wasesa ing wekdalipun seda. Amargi antaranipun proses punika ugi dipunpratelaaken :

yaṁ yaṁ vāpi smaran bhāvaṁ
tyajaty ante kalevaram
taṁ tam evaiti kaunteya
sadā tad-bhāva-bhāvitaḥ
(BG 8.6)