JV/690521b Kelas - Srila Prabhupada Ngendikakaken Setunggal Tetes Nektar Wonten Ing New Vrindaban

JV/Javanese - Tetesan Nektar Saking Srila Prabhupada
Dados, wonten nglebet kasusastran Veda, mila suarosipun Veda, nalikanipun dipunwastani istilah arthadam inggih menika bilih, “Wonten nglebetipun gesang punika panjenengan saged ngangsalaken angkah utaminipun,” mila angkah utami ingkang dipunkersakaken minangka kainsapan Krishna. Saha menawi sewalikipun, mila gayuhan dhateng angkah utami punika suaraosipun gayuhan ingkang ajinipun multi miliuner utawi mayuta-yuta dollar, ingkang ugi minangka artha nanging asipat anityam. Gayuhan punika minangka satunggaling perkawis ingkang asipat anityam. Lan punika mboten badhe panjenengan bekta. Panjenengan sampun rawuh saking gua garbhanipun ibu panjenengan kanthi mboten mbekta menapa-menapa. Suraosipun sanes menawi amargi panjenengan sampun nngangsalaken mayuta-yuta dollar, lajeng Pak Rockefeller utawi Ford utawi ugi panjenengan saget mbekta punika sedaya. Mboten. Rockefeller Center badhe panggah wonten mrika, wonten ing panggenanipun. Panjenengan kedah tindhak kanthi tamanpa mbekta menapa-menapa.

690521 - Kelas Nalikanipun Inisiasi - New Vrindaban, USA