JV/Prabhupada 1076 - Ing Wekdalipun Seda Kawula Sedaya Saget Panggah Wonten Mriki Utawi Pindhah Dhateng Salebetipun Ngalam Donya Rohani



660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Wonten bhāva-bhāva ingkang benten-benten. Sapunika, ngalam donya material punika ugi minangka salah satunggaling bhāva-bhāva punika, sami kados dene ingkang sampun dipunandharaken dhateng kawula sedaya, bilih ngalam donya material punika ugi minangka pagelaranipun salah satunggaling energi-energi Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Ing salebetipun Viṣṇu Purāṇa sedaya energi Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa sampus dipunringkes.

viṣṇu-śaktiḥ parā proktā
kṣetra-jñākhyā tathā par
avidyā-karma-saṁjñānyā
tṛtīyā śaktir iṣyate
(CC Madhya 6.154)

Sedaya energi, daya saking ... Parāsya śaktir vividhaiva śrūyate (CC Madhya 13.65, Andharan). Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa kagungan maneka werni energi, energi ingkang kathahipun mboten saget dipunpetang lan mboten saget dipunmangertosi dening kawula sedaya. Nanging para resi agung ingkang wasis, ingkang minangka para atma ingkang sampun bebas, piyambakipun sedaya sampun ngangsu kawruh lan piyambakipun sedaya sampun ngringkes sedaya energi punika dados tigang bageyan, dados tigang golongan ingkang utami. Kaping setunggal inggih menika ... Sedaya energi minangka viṣṇu-śakti. Sedaya energi punika minangka dayanipun Gusti Pangeran Viṣṇu ingkang benten-benten. Sapunika, energi punika asipat parā utawi rohani. Lan kṣetra-jñākhyā tathā parā, lan sagung dumadi, kṣetra-jña, piyambakipun sedaya ugi dipunlebetaken ing golonganipun energi ingkang langkung nginggil, sami kados dene ingkang sampun dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā. Sampun dipunandharaken dhateng kawula sedaya. Lan energi ingkang sanesipun, energi material inggih menika, tṛtīyā karma-saṁjñānyā (CC Madhya 6.154). Energi ingkang sanesipun punika wonten ing salebetipun sipat kirang lantip. Dados punika minangka energi material. Dados energi material ugi asipat bhagavad - (mboten dipunmangertosi). Dados ing wekdalipun seda, salah satunggaling saking kalih antawisipun inggih menika bilih kawula sedaya saget panggah wonten ing salebetipun energi material utawi ngalam donya material punika, utawi kawula sedaya saget pindhah dhateng salebetipun ngalam donya rohani. Punika dhedasaripun. Dados Bhagavad-gītā dhawuh :

yaṁ yaṁ vāpi smaran bhāvaṁ
tyajaty ante kalevaram
taṁ tam evaiti kaunteya
sadā tad-bhāva-bhāvitaḥ
(BG 8.6)

Sapunika, amargi kawula sedaya sampun dikulinaaken menggalih perkawis saking salah satunggaling panggalih menggah ing energi material utawi menggah ing energi rohani, sapunika, kados pundi anggenipun mindhahaken panggalih punika? Panggalih menggah ing energi material, kados pundi anggenipun supados panggalih ingkang kados mekaten saget dipunrebah dados panggalih menggah ing energi rohani? Mila kasusastran Veda punika wonten kersanipun panggalih saget tansah wonten ing salebetipun energi rohani. Sami kados dene kridha menggalih ing salebetipun energi material, wonten kathah sanget cipta ripta sastra - layang kabar, kalawarta, novel, fiksi lan taksih kathah sanget sanesipun. Wonten kathah sanget cipta ripta sastra. Dados panggalih kawula sedaya sampun dipuncecep dhateng salebetipun cipta ripta sastra punika. Sami kados dene, menawi kawula sedaya ngersaaken mindhahaken panggalihipun dhateng salebetipun swasana rohani, mila kawula sedaya kedah mindhahaken kawisesanipun ing maos dhateng kasusastran Veda. Para resi agung ingkang wasis amargi menika sampun mracekaaken kathah sanget kasusastran Veda, Purāṇa-purāṇa. Purāṇa-purāṇa punika sanes namung dongeng. Punika minangka pratelan-pratelanipun sejarah. Ing salebetipun Caitanya-caritāmṛta wonten setunggal sloka ingkan dipunwaos kados mekaten : Anādi-bahirmukha jīva kṛṣṇa bhuli' gela ataeva kṛṣṇa veda-purāṇa kailā (CC Madhya 20.117). Bilih sagung dumadi ingkang wonten ingkang saweg kesupen punika, para atma ingkang kasindhet punika, piyambakipun sedaya sampun kesupen dhateng sesambetanipun kaliyan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, lan piyambakipun sedaya saweg khusuk ing salebetipun panggalih menggah ing kridha-kridha material. Lan kangge mindhahaken daya panggalihipun dhateng kawisesan rohani, Kṛṣṇa-dvaipāyana Vyāsa, piyambakipun sampun mracekaaken kathah sanget kasusastran Veda. Ingkang dipunkajengaken minangka kasusastran Veda inggih menika bilih ing wiwitanipun piyambakipun malihaken Veda dados sekawan bageyan. Lajeng piyambakipun ngandharaken babagan punika lumantar mracekaaken Purāṇa-purāṇa. Lajeng kangge para priyantun ingkang kirang lantip, kados strī (golongan priyantun estri), śūdra, vaiśya, piyambakipun mracekaaken Mahābhārata. Lan ing salebetipun Mahābhārata, piyambakipun miyosaken Bhagavad-gītā. Lajeng piyambakipun ngringkes malih sedaya kasusastran Veda ing salebetipun Vedānta-sūtra. Lan minangka Vedānta-sūtra ingkang dipundamel kangge panutun ing tembe wingking, piyambakipun mracekaaken satunggaling suraos ingkang limrah ingkang dipunwastani minangka Śrīmad-Bhāgavatam.