JV/Prabhupada 1065 - Ing Wiwitanipun Satunggaling Priyantun Kedah Marsudi Bilih Piyambakipun Sanes Salira Material Punika: Difference between revisions

(Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1065 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
 
m (Text replacement - "(<!-- (BEGIN|END) NAVIGATION (.*?) -->\s*){2,15}" to "<!-- $2 NAVIGATION $3 -->")
 
Line 11: Line 11:
<!-- END CATEGORY LIST -->
<!-- END CATEGORY LIST -->
<!-- BEGIN NAVIGATION BAR -- DO NOT EDIT OR REMOVE -->
<!-- BEGIN NAVIGATION BAR -- DO NOT EDIT OR REMOVE -->
{{1080 videos navigation - All Languages|Indonesian|JV/Prabhupada 1064 - Gusti Pangeran Pinarak Wonten Ing Salebetipun Hredaya Saking Sedaya Sagung Dumadi|1064|JV/Prabhupada 1057 - Bhagavad-gītā Ugi Dipuntepang Minangka Gītopaniṣad, Underan Saking Seserepan Veda|1057}}
{{1080 videos navigation - All Languages|Javanese|JV/Prabhupada 1064 - Gusti Pangeran Pinarak Wonten Ing Salebetipun Hredayanipun Sagung Dumadi|1064|JV/Prabhupada 1066 - Para Priyantun Ingkang Kirang Lantip, Sedayanipun Mastani Kaluhuran Ingkang Utami Minangka Ingkang Mboten Kagungan Kaprianggan|1066}}
<!-- END NAVIGATION BAR -->
<!-- END NAVIGATION BAR -->
<!-- BEGIN ORIGINAL VANIQUOTES PAGE LINK-->
<!-- BEGIN ORIGINAL VANIQUOTES PAGE LINK-->
Line 21: Line 21:


<!-- BEGIN VIDEO LINK -->
<!-- BEGIN VIDEO LINK -->
{{youtube_right|e5Bhj0vRsu0|Ing Kawitanipun Sawijining Priyantun Kedah Nyumerapi Bilih Piyambakipun Sanes Salira Material Punika<br />- Prabhupāda 1065}}
{{youtube_right|9qC5KeKgRME|Ing Wiwitanipun Satunggaling Priyantun Kedah Marsudi Bilih Piyambakipun Sanes Salira Material Punika<br />- Prabhupāda 1065}}
<!-- END VIDEO LINK -->
<!-- END VIDEO LINK -->


Line 33: Line 33:


<!-- BEGIN TRANSLATED TEXT -->
<!-- BEGIN TRANSLATED TEXT -->
Semangkin, nalika kawula sedaya sampun dipunregedi sanget dening kawontenan material, mila kawontenan kados mekaten dipunwastani minangka kapinarakan kawula sedaya ingkang kasindhet. Kapinarakan ingkang kasindhet. Lan ahamkara ingkang lancung, karumaosan ingkang lancung ... Karumaosan ingkang lancung punika dipunmiyosaken ing ngandhapipun sawijining citra bilih, "Kawula punika minangka kasil saking alam dunya material." Punika ingkang dipunwastani minangka ahamkara ingkang lancung. Samukawis kridha material, yasyātma-buddhiḥ kuṇape tri-dhātuke ([[Vanisource:SB 10.84.13|SB 10.84.13]]). Yasyātma-buddhiḥ kuṇape tri-dhātuke, sawijining priyantun ingkang kusuk ing lebetipun pamanah ingkang dipunbakuaken dhateng konsep salira material. Semangkin, sedaya Bhagavad-gītā dipunandharaken kaliyan Gusti Pangeran amargi Arjuna miyosaken piyambakipun lumantar konsep salira material punika. Dados sawijining priyantun kedah marsudi kersanipun dados mardika saking konsep kagesangan ingkang dipunbakuaken dhateng salira material punika. Babagan punika minangka kridha kawitan kagem sawijining priyantun ingkang nembe madosi kaluhuran, priyantun ingkang ngersaaken kamardikan. Lan ing kawitanipun piyambakipun kedah nyumerapi bilih piyambakipun sanes salira material punika. Dados karumaosan punika, utawi karumaosan material punika .... nalika kawula sedaya sampun saget mardika saking karumaosan material punika, mila punika ingkang dipunwastani minangka mukti. Mukti utawi kamardikan punika suraosipun dados mardika saking karumaosan material. Ing salebetipun Śrīmad-Bhāgavata, suraos saking kamardikan ugi dipunandharaken minangka, muktir hitvānyathā rūpaṁ svarūpeṇa vyavasthitiḥ ([[Vanisource:SB 2.10.6|SB 2.10.6]]). Svarūpeṇa vyavasthitiḥ. Mukti suraosipun kamardikan saking karumaosan ingkang reged ing alam dunya material punika, lajeng dados mlebet dhateng karumaosan ingkang suci. Sedaya pituduh saking Bhagavad-gītā dipunajengaken dhateng miyosipun karumaosan ingkang suci punika. Kawula sedaya saget manggihi ing parwa ingkang kawusanan saking pituduh ing salebetipun Bhagavad-gītā bilih Kṛṣṇa nembe nangleti Arjuna mbok menawi piyambakipun kala menika sampun wonten ing salebetipun karumaosan ingkang suci. Mbok menawi piyambakipun kala menika sampun wonten ing salebetipun karumaosan ingkang suci. Karumaosan ingkang suci punika suraosipun ngelaksanaaken kridha lan laku miturut pituduh saking Gusti Pangeran. Punika ingkang dipunwastani minangka karumaosan ingkang suci. Lan punika ingkang dados sedaya isen lan underanipun karumaosan ingkang suci. Karumaosan punika sampun wonten mrika, nanging amargi kawula sedaya minangka pletikan ingkang mboten saget dipunsinjangaken, mila kawula sedaya dados kaperbawan. Wonten sawijining prabawa ingkang nengsemaken saengga kawula sedaya kaperbawan dening sesipatan alam dunya material. Nanging Gusti Pangeran, Panjenenganipun Dahat Kuwaos, mila Panjenenganipun mboten nate kaperbawan. Punika bentenipun antawis Gusti Pangeran Ingkang Dahat kuwaos kaliyan ....  
Sapunika, nalikanipun kawula sedaya sampun cemer sanget kados dene material, mila punika dipunwastani minangka kalenggahanipun ingkang kasindhet. Kalenggahan ingkang kasindhet. Lan ahamkara ingkang lancung, kainsapan ingkang lancung ... Kainsapan ingkang lancung dipunwedalaken ing andhapipun satunggaling citra bilih, "Kawula minangka salah satunggaling kasilipun ngalam donya material." Punika ingkang dipunwastani minangka ahamkara ingkang lancung. Samukawis kridha material, yasyātma-buddhiḥ kuṇape tri-dhātuke ([[Vanisource:SB 10.84.13|SB 10.84.13]]). Yasyātma-buddhiḥ kuṇape tri-dhātuke, satunggaling priyantun ingkang khusuk ing salebetipun panggalih ingkang dipunbakuaken dhateng konsep salira material. Sapunika, samukawis Bhagavad-gītā dipunandharaken dening Gusti Pangeran amargi Arjuna ngetingalaken piyambakipun lumantar konsep salira material punika. Dados satunggaling priyantun kedah marsudi kangge kabebasanipun saking konsep gesang ingkang dipunbakuaken dhateng salira material punika. Punika minangka kridha wiwitan kangge satunggaling pangudi kaluhuran ingkang ngersaaken bebas, ingkang ngersaaken kamardikan. Lan ingkang kaping sepindhah piyambakipun kedah sinau bilih piyambakipun sanes salira material punika.  


Semangkin, babagan karumaosan punika .... Karumaosan punika sejatosipun menapa? Karumaosan punika inggih menika "Kawula." Sinten sejatosipun kawula punika? Nalika wonten ing karumaosan ingkang reged, mila "Kawula" punika suraosipun minangka "Kawula ingkang dados bendara saking samukawis ingkang kawula lampahi." Ingkang mekaten menika dipunwastani karumaosan ingkang mboten suci. Lan sabanjuripun, suraosipun inggih menika "Kawula ingkang ngerahapi." Samukawis alam dunya material punika nembe ngluwer lan sedaya sagung dumadi nembe menggalih bilih, "Kawula punika ingkang nguwaosi lan kawula punika ingkang ngeriptaaken alam dunya material punika" Karumaosan punika gadhah kalih rupi golongan pakempalan psikologis utawi kalih peranganging psikologis. Ingkang setunggal inggih menika, "Kawula punika ingkang ngeriptaaken," lan lintune inggih menika, "Kawula punika ingkang ngerahapi." Sejatosipun naming Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos kemawon ingkang saget dipunwastani minangka Ingkang Ngeripta lan naming Panjenenganipun kemawon ingkang sejatosipun dados Ingkang Ngrahapi. Lajeng sedaya sagung dumadi, amargi piyambakipun sedaya punika minangka pletikan ingkang mboten saget dipunsinjangaken saking Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, mila sejatosipun piyambakipun sedaya sanes ingkang ngeripta utawi ingkang ngerahapi, nanging piyambakipun punika minangka ingkang sesarengan ngasto damel. Sami babaganipun kados wonten ing samukawis mesin ingkang sangkep, ingkang dipunwastani minangka peranganging mesin inggih menika suku cadang, lan suku cadang punika minangka peranganing mesin ingkang sesarengan ngasto damel ing lebetipun mesin punika. Utawi kawula sedaya inggih saget mirsani lan nyumerapi tatanan ingkang wonten ing salira kawula sedaya. Semangkin, ing salira wonten asta, suku lan wonten ugi netra. Sedaya peranganing salira punika ngasto damel sesarengan, nanging piyambakipun sedaya minangka peranganing ingkang mboten saget dipunsinjangaken saking salira. Piyambakipun sedaya sanes ingkang ngerahapi, nanging madharan punika ingkang dipunwastani minangka ingkang ngerahapi. Suku nembe ewah kangge pindhah saking setunggal panggenan dhateng panggenan lintune. Asta nembe ngempalaken, asta ugi nembe nyamektaaken cadhongan dhaharan, lan waja nembe ngemahi. Inggih mekaten samukawis peranganing salira, piyambakipun sedaya nembe ewed ing ngarem-ngaremaken madharan amargi madharan minangka kayektosan utami ing salebetipun tatanan salira punika. Samukawis kedah dipunaturaken dhateng madharan. Prāṇopahārāc ca yathendriyāṇām ([[Vanisource:SB 4.31.14|SB 4.31.14]]). Sami babaganipun kados nalika panjenengan mirsani tetuwuhan ingkang dados ngerembuyung amargi dipunsirami toya dhateng uwodipun. Utawi panjenengan saget dados dhangan .... Peranganing salira sedaya --- asta, suku, netra, karna, jariji --- samukawis sanityasa waras lan dhangan nalika piyambakipun sedaya ngasto damel sesarengan kaliyan madharan. Mila sami kados mekaten babaganipun, dumadi ingkang utami utawi Gusti Pangeran, Panjenenganipun inggih menika Ingkang Ngerahapi. Panjenenganipun minangka Ingkang Ngerahapi lan Ingkang Ngeripta. Lajeng kawula sedaya, ingkang kawula kersaaken, sedaya sagung dumadi andhahan, ingkang minangka kasil saking energinipun Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, kawula sedaya kedah ngasto damel sesarengan kaliyan Panjenenganipun. Asto damel sesarengan kados mekaten punika migunani sanget. Umpaminipun, wonten sawijining dhaharan ingkang eco sanget dipundhut dening jariji. Menawi jariji menggalih bilih, "Kenging menapa kawula kedah maringaken dhaharan punika dhateng madharan? Langkung sae bilih kawula rahapi piyambak." Mila punika klentu sanget. Amargi jariji mboten saget ngerahapi. Upaminipun jariji ajeng ngerahapi dhaharan punika, mila piyambakipun kedah ngelebetaken dhaharan punika dhateng salebetipun madharan.  
Dados kainsapan punika, utawi kainsapan material .... nalikanipun kawula sedaya sampun bebas saking kainsapan material, mila punika ingkang dipunwastani minangka mukti. Mukti utawi kabebasan suraosipun dados mardika saking kainsapan material. Ing salebetipun Śrīmad-Bhāgavata, suraos saking kabebasan ugi dipunandharaken minangka, muktir hitvānyathā rūpaṁ svarūpeṇa vyavasthitiḥ ([[Vanisource:SB 2.10.6|SB 2.10.6]]). Svarūpeṇa vyavasthitiḥ. Mukti suraosipun kabebasan saking kainsapan ingkang cemer ing ngalam donya material punika, lan dados mlebet wonten ing kainsapan ingkang murni. Lan sedaya pitedah, utawi tuntunan saking Bhagavad-gītā katujoaken dhateng bangkitipun kainsapan ingkang murni punika. Kawula sedaya badhe manggihaken ing parwa ingkang pungkasan saking pitedah ing salebetipun Bhagavad-gītā bilih Kṛṣṇa saweg ndangu Arjuna menawi piyambakipun sapunika sampun wonten ing salebetipun kainsapan ingkang murni. Menapa piyambakipun sapunika sampun wonten ing salebetipun kainsapan ingkang murni. Kainsapan murni suraosipun nglampahaken kridha sami kados dene pitedah saking Gusti Pangeran. Punika ingkang dipunwastani minangka kainsapan murni. Punika samukawis isi lan sarinipun kainsapan ingkang murni. Kainsapan punika sampun wonten ing rika, nanging amargi kawula sedaya minangka pletikan ingkang mboten saget dipunuwalaken, mila kawula sedaya dados kaperbawan. Wonten satunggaling prabawa ingkang ndadosaken kawula sedaya kaperbawan dening sipat-sipat ngalam donya material. Nanging Gusti Pangeran, amargi Panjenenganipun Murbeng Wasesa, mila Panjenenganipun mboten nate kaperbawan. Punika bentenipun antawis Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa kaliyan ....
 
Sapunika, menggah ing kainsapan punika .... Menapa kainsapan punika? Kainsapan punika inggih menika "Kawula." Sinten sejatosipun kawula punika? Nalikanipun wonten ing salebetipun kainsapan ingkang cemer, mila "Kawula" punika suraosipun minangka "Kawula ingkang dados bendara saking samukawis ingkang kawula lampahi." Punika ingkang dipunwastani kainsapsan ingkang mboten murni. Lan menika suraosipun "Kawula ingkang ngrahapi." Saindhenging ngalam donya material punika saweg polah lan sagung dumadi saweg menggalih bilih, "Kawula punika ingkang nguwaosi lan kawula punika ingkang ngeriptaaken ngalam donya material punika" Kainsapan punika nggadhahi kalih warni golongan pakempalan psikologis utawi kalih pambageyan psikologis. Ingkang kaping setunggal inggih menika, "Kawula ingkang ngeriptaaken," lan sanesipun inggih menika, "Kawula ingkang ngrahapi." Dados sejatosipun namung Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa kemawon ingkang minangka Ingkang Ngeripta lan namung Panjenenganipun kemawon ingkang sejatosipun dados Ingkang Ngrahapi. Lan sagung dumadi, amargi sedayanipun punika minangka pletikan ingkang mboten saget dipunuwalaken saking Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, mila sejatosipun piyambakipun sedaya sanes ingkang ngeripta utawi ingkang ngrahapi, nanging piyambakipun sedaya minangka ingkang ngasto damel sesarengan.  
 
Sami kados dene kawontenan ing salebetipun mesin ingkang komplit. Bageyan saking mesin inggih menika suku cadang, lan suku cadang punika minangka bageyanipun mesin ingkang ngasto damel sesarengan ing lebetipun mesin punika. Utawi kawula sedaya inggih saget nyinau tatanan ingkang wonten ing salira kawula sedaya. Sapunika, ing salira wonten asta, sampeyan lan wonten ugi netra, lan sedaya bageyan salira punika ngasto damel sesarengan, nanging sedayanipun minangka bageyan ingkang mboten saget dipunuwalaken saking salira. Sedayanipun sanes ingkang ngrahapi, nanging padharan punika ingkang dipunwastani minangka ingkang ngrahapi. Sampeyan saweg ebah kangge pindhah saking setunggal panggenan datheng panggenan sanesipun. Asta saweg ngempalaken, asta ugi saweg nyamektaaken dhaharan, lan waja saweg ngemah. Inggih mekaten samukawis bageyan saking salira, sedayanipun saweg ewed kangge maremaken padharan amargi padharan minangka kayektosan utami ing salebetipun tatanan salira. Lan samukawis kedah kaparingaken dhateng padharan. Prāṇopahārāc ca yathendriyāṇām ([[Vanisource:SB 4.31.14|SB 4.31.14]]). Sami kados dene nalikanipun panjenengan mirsani tetuwuhan ingkang dados ngerembuyung amargi dipunsirami toya ing uwodipun. Utawi panjenengan dados dhangan .... Bageyanipun salira --- asta, sampeyan, netra, talingan, jariji --- sedayanipun dados tansah dhangan nalikanipun sedayanipun ngasto damel sesarengan kaliyan padharan. Sami kados dene, dumadi ingkang utami utawi Gusti Pangeran, Panjenenganipun inggih menika Ingkang Ngrahapi. Panjenenganipun minangka Ingkang Ngrahapi lan Ingkang Ngeripta. Lan kawula sedaya, ingkang kawula kajengaken, sagung dumadi andhahan, ingkang minangka kasil saking energinipun Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, kawula sedaya namung kedah ngasto damel sesarengan kaliyan Panjenenganipun. Asto damel sesarengan ingkang kados mekaten punika badhe mbiyantu sanget. Umpaminipun, satunggaling dhaharan ingkang eco sanget dipunpendhet dening jariji. Menawi jariji menggalih bilih, "Kenging menapa kawula kedah maringaken dhaharan punika dhateng padharan? Langkung sae bilih kawula rahapi piyambak." Mila punika klentu. Amargi jariji mboten saget ngrahapi. Menawi jariji kepingin ngrahapi dhaharan punika, mila piyambakipun kedah ngelebetaken dhaharan punika dhateng salebetipun padharan.  
<!-- END TRANSLATED TEXT -->
<!-- END TRANSLATED TEXT -->

Latest revision as of 17:45, 1 October 2020



660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Sapunika, nalikanipun kawula sedaya sampun cemer sanget kados dene material, mila punika dipunwastani minangka kalenggahanipun ingkang kasindhet. Kalenggahan ingkang kasindhet. Lan ahamkara ingkang lancung, kainsapan ingkang lancung ... Kainsapan ingkang lancung dipunwedalaken ing andhapipun satunggaling citra bilih, "Kawula minangka salah satunggaling kasilipun ngalam donya material." Punika ingkang dipunwastani minangka ahamkara ingkang lancung. Samukawis kridha material, yasyātma-buddhiḥ kuṇape tri-dhātuke (SB 10.84.13). Yasyātma-buddhiḥ kuṇape tri-dhātuke, satunggaling priyantun ingkang khusuk ing salebetipun panggalih ingkang dipunbakuaken dhateng konsep salira material. Sapunika, samukawis Bhagavad-gītā dipunandharaken dening Gusti Pangeran amargi Arjuna ngetingalaken piyambakipun lumantar konsep salira material punika. Dados satunggaling priyantun kedah marsudi kangge kabebasanipun saking konsep gesang ingkang dipunbakuaken dhateng salira material punika. Punika minangka kridha wiwitan kangge satunggaling pangudi kaluhuran ingkang ngersaaken bebas, ingkang ngersaaken kamardikan. Lan ingkang kaping sepindhah piyambakipun kedah sinau bilih piyambakipun sanes salira material punika.

Dados kainsapan punika, utawi kainsapan material .... nalikanipun kawula sedaya sampun bebas saking kainsapan material, mila punika ingkang dipunwastani minangka mukti. Mukti utawi kabebasan suraosipun dados mardika saking kainsapan material. Ing salebetipun Śrīmad-Bhāgavata, suraos saking kabebasan ugi dipunandharaken minangka, muktir hitvānyathā rūpaṁ svarūpeṇa vyavasthitiḥ (SB 2.10.6). Svarūpeṇa vyavasthitiḥ. Mukti suraosipun kabebasan saking kainsapan ingkang cemer ing ngalam donya material punika, lan dados mlebet wonten ing kainsapan ingkang murni. Lan sedaya pitedah, utawi tuntunan saking Bhagavad-gītā katujoaken dhateng bangkitipun kainsapan ingkang murni punika. Kawula sedaya badhe manggihaken ing parwa ingkang pungkasan saking pitedah ing salebetipun Bhagavad-gītā bilih Kṛṣṇa saweg ndangu Arjuna menawi piyambakipun sapunika sampun wonten ing salebetipun kainsapan ingkang murni. Menapa piyambakipun sapunika sampun wonten ing salebetipun kainsapan ingkang murni. Kainsapan murni suraosipun nglampahaken kridha sami kados dene pitedah saking Gusti Pangeran. Punika ingkang dipunwastani minangka kainsapan murni. Punika samukawis isi lan sarinipun kainsapan ingkang murni. Kainsapan punika sampun wonten ing rika, nanging amargi kawula sedaya minangka pletikan ingkang mboten saget dipunuwalaken, mila kawula sedaya dados kaperbawan. Wonten satunggaling prabawa ingkang ndadosaken kawula sedaya kaperbawan dening sipat-sipat ngalam donya material. Nanging Gusti Pangeran, amargi Panjenenganipun Murbeng Wasesa, mila Panjenenganipun mboten nate kaperbawan. Punika bentenipun antawis Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa kaliyan ....

Sapunika, menggah ing kainsapan punika .... Menapa kainsapan punika? Kainsapan punika inggih menika "Kawula." Sinten sejatosipun kawula punika? Nalikanipun wonten ing salebetipun kainsapan ingkang cemer, mila "Kawula" punika suraosipun minangka "Kawula ingkang dados bendara saking samukawis ingkang kawula lampahi." Punika ingkang dipunwastani kainsapsan ingkang mboten murni. Lan menika suraosipun "Kawula ingkang ngrahapi." Saindhenging ngalam donya material punika saweg polah lan sagung dumadi saweg menggalih bilih, "Kawula punika ingkang nguwaosi lan kawula punika ingkang ngeriptaaken ngalam donya material punika" Kainsapan punika nggadhahi kalih warni golongan pakempalan psikologis utawi kalih pambageyan psikologis. Ingkang kaping setunggal inggih menika, "Kawula ingkang ngeriptaaken," lan sanesipun inggih menika, "Kawula ingkang ngrahapi." Dados sejatosipun namung Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa kemawon ingkang minangka Ingkang Ngeripta lan namung Panjenenganipun kemawon ingkang sejatosipun dados Ingkang Ngrahapi. Lan sagung dumadi, amargi sedayanipun punika minangka pletikan ingkang mboten saget dipunuwalaken saking Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, mila sejatosipun piyambakipun sedaya sanes ingkang ngeripta utawi ingkang ngrahapi, nanging piyambakipun sedaya minangka ingkang ngasto damel sesarengan.

Sami kados dene kawontenan ing salebetipun mesin ingkang komplit. Bageyan saking mesin inggih menika suku cadang, lan suku cadang punika minangka bageyanipun mesin ingkang ngasto damel sesarengan ing lebetipun mesin punika. Utawi kawula sedaya inggih saget nyinau tatanan ingkang wonten ing salira kawula sedaya. Sapunika, ing salira wonten asta, sampeyan lan wonten ugi netra, lan sedaya bageyan salira punika ngasto damel sesarengan, nanging sedayanipun minangka bageyan ingkang mboten saget dipunuwalaken saking salira. Sedayanipun sanes ingkang ngrahapi, nanging padharan punika ingkang dipunwastani minangka ingkang ngrahapi. Sampeyan saweg ebah kangge pindhah saking setunggal panggenan datheng panggenan sanesipun. Asta saweg ngempalaken, asta ugi saweg nyamektaaken dhaharan, lan waja saweg ngemah. Inggih mekaten samukawis bageyan saking salira, sedayanipun saweg ewed kangge maremaken padharan amargi padharan minangka kayektosan utami ing salebetipun tatanan salira. Lan samukawis kedah kaparingaken dhateng padharan. Prāṇopahārāc ca yathendriyāṇām (SB 4.31.14). Sami kados dene nalikanipun panjenengan mirsani tetuwuhan ingkang dados ngerembuyung amargi dipunsirami toya ing uwodipun. Utawi panjenengan dados dhangan .... Bageyanipun salira --- asta, sampeyan, netra, talingan, jariji --- sedayanipun dados tansah dhangan nalikanipun sedayanipun ngasto damel sesarengan kaliyan padharan. Sami kados dene, dumadi ingkang utami utawi Gusti Pangeran, Panjenenganipun inggih menika Ingkang Ngrahapi. Panjenenganipun minangka Ingkang Ngrahapi lan Ingkang Ngeripta. Lan kawula sedaya, ingkang kawula kajengaken, sagung dumadi andhahan, ingkang minangka kasil saking energinipun Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, kawula sedaya namung kedah ngasto damel sesarengan kaliyan Panjenenganipun. Asto damel sesarengan ingkang kados mekaten punika badhe mbiyantu sanget. Umpaminipun, satunggaling dhaharan ingkang eco sanget dipunpendhet dening jariji. Menawi jariji menggalih bilih, "Kenging menapa kawula kedah maringaken dhaharan punika dhateng padharan? Langkung sae bilih kawula rahapi piyambak." Mila punika klentu. Amargi jariji mboten saget ngrahapi. Menawi jariji kepingin ngrahapi dhaharan punika, mila piyambakipun kedah ngelebetaken dhaharan punika dhateng salebetipun padharan.