JV/Prabhupada 1067 - Kawula Sedaya Kedah Nampi Bhagavad-gītā Tanpa Tapsir Lan Tanpa Wontenipun Pangirangan

Revision as of 06:20, 7 November 2018 by Gusti (talk | contribs) (Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1067 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Kawula Sedanten Kedah Nampi Bhagavad-gītā Tamanpa Pamiraosan Lan Punggesan Kagem sedanten bageyan alit ingkang sangkep lan ingkang dipunwastani minangka sagung dumadi, sampun cumawis sarana ingkang sangkep kangge mangertosi Ingkang Paripurna. Samukawis kamboten-sangkepan punika sejatosipun kelampahan amargi mboten sangkepipun seserepan dhateng Ingkang Paripurna. Dados Bhagavad-gītā minangka seserepan ingkang sangkep babagan kaluhuran Veda.

Samukawis seserepan Veda punika sampurna. Wonten lupiya-lupiya ingkang benten-benten ngengingi kados pundi kawula sedanten nampi bilih Veda punika sampurna. Upaminipun babagan perkawis ingkang sanityasa dipungatosaken dening sedaya tiyang Hindu, lan kados pundi piyambakipun sedanten nampi seserepan Veda punika minangka ingkang sangkep, mila punika lupiya ingkang samadya sanget. Upaminipun perkawis ngengingi tlethong sapi. Tlethong sapi sejatosipun minangka rereged saking satwa. Miturut smṛti utawi seserepan Veda, menawi sawijining priyantun manglipta reregedipun satwa, mila piyambakipun kedah enggal-enggal siram kangge nyangaskaraaken piyambakipun. Nanging ing salebetipun kasusastran Veda, tlethong sapi punika malah dipunpratelaaken minangka ingkang suci. Malah ugi, panggenan ingkang mboten suci utawi samukawis ingkang mboten suci dados suci malih lumantar dipunangliptaaken angsal tlethong sapi. Kala punika, menawi sawijinng priyantun nyrekali babagan punika bilih miturut setunggal pratela, reregedan saking satwa punika reged utawi mboten suci. Nanging miturut pratela lintune, tlethong sapi ingkang sejatosipun ugi kalebet minangka reregedan saking satwa dipratelaaken minangka ingkang suci. Ketingalipun pratela ingkang setunggal nyulanteni pratela ingkang lintune. Yakti mbok menawi kawontenanipun ketingal kados mekaten, nanging sejatosipun amargi pratela punika minangka pituduh saking Veda, mila kawula sedanten nampi pratela punika kangge ndamel gampil angkahipun kawula sedanten. Lajeng lumantar penampian punika kawula sedanten mboten ngelampahi kalepatan. Lumantar seserepan ngelmu kimia modern, seserepan modern, dening sawijining sarjana ingkang asmanipun Dr. Lal Mohan Gosal, piyambakipun sampun setiti sanget mracekaaken tlethong sapi lan piyambakipun sampun manggihi bilih tlethong sapi kagungan sawijining tatanan saking sedanten kamujaraban antiseptik. Kejawi saking menika, piyambakipun ugi sampun mracekaaken toya saking bengawan Gangga, amargi piyambakipun mboten kalegan sanget saderengipun mangertosi tatanan toya saking bengawan punika. Dados penggalih kawula inggih menika bilih seserepan Veda punika seserepan ingkang sangkep amargi seserepan Veda ngelangkungi sedanten kareringa-ringan lan sedanten kalepatan. Bhagavad-gītā punika minangka underan saking sedanten seserepan Veda. Amargi menika seserepan Veda punika paripurna. Piyambakipun ditedunaken lumantar sawijining rerangken galer paguron ingkang sampurna.

Amargi menika ugi seserepan Veda sanes minangka sawijining obyek panaliten. Kridha panaliten kawula sedanten punika mboten sampurna amargi kawula sedanten naming saget nitipriksa samubarang lumantar indria-indria kawula sedanten ingkang mboten sampurna. Amargi menika pikantuk saking kridha panaliten kawula sedaya ugi mboten sampurna. Sayektos mboten saget sampurna. Kawula kedah nampi seserepan ingkang sampurna. Seserepan ingkang sampurna naming saget ditampi lumantar lampah mangandhap, kados sampun dipunpratelaaken ing salebetipun Bhagavad-gītā, kados kala punika ingkang nembe kawula sedanten awiti, evaṁ paramparā-prāptam imaṁ rājarṣayo viduḥ (BG 4.2). Kawula sedanten kedah nampi seserepan ingkang luhur sesangkanipun, ingkang wonten ing lebetipun galer paguron ingkang dumados saking guru-guru karohanen ingkang dipunawiti saking Gusti Pangeran piyambak. Dados Bhagavad-gītā dingunandikaaken dening Gusti Pangeran piyambak. Lan Arjuna, kersanipun kawula, piyambakipun minangka sisya ingkang nembe marsudi Bhagavad-gītā, piyambakipun nampi sedanten andharan punika miturut sejatosipun, tamanpa wontenipun punggesan. Kawula sedanten ugi mboten angsal naming nampi setunggal bageyan saking Bhagavad-gītā lajeng mboten purun nampi bageyan lintune. Ingkang kados mekaten ugi mboten saget ditampi. Kawula sedanten kedah nampi Bhagavad-gītā tamanpa pamiraosan, tamanpa punggesan, lan tamanpa wontenipun kridha ingkang mboten-mboten saking kawula sedanten ing lebetipun penampian punika, amargi Bhagavad-gītā kedah ditampi minangka sawijining seserepan Veda ingkang sampurna dahat. Seserepan Veda ditampi saking sangkanipun ingkang rohani amargi tembung awitanipun dingendikaaken dening Gusti Pangeran piyambak. Tembung-tembung ingkang dingendikaaken dening Gusti Pangeran punika dipunwastani minangka apauruṣeya, utawi ingkang sanes dilantaraken dening tiyang saking ngalam dunya material punika, ingkang sampun dipuntulari dening sekawan prinsip kamboten-sampurnan. Sawijining dumadi saking ngalam dunya material punika kagungan sekawan kamboten-sampurnan ing lebetipun kagesangan piyambakipun inggih menika : 1) piyambakipun mesthi kemawan ndamel kalepatan, 2) piyambakipun sawanci-wanci mesthi kemawon ngangen-angen, 3) piyambakipun mesthi kemawon marsudi nyidraaken tiyang lintune, 4) piyambakipun diparingi indriya-indryia ingkang mboten sampurna. Lumantar kasekawan prinsip saking kamboten-sampurnan punika, sawijining priyantun mboten saget ndugeaken wujud pawartos ingkang sampurna ing lebetipun rembagan babagan seserepan ingkang sumahab samubarang. Veda punika mboten kados mekaten. Seserepan Veda dipuntanduraken ing lebetipun hredaya saking dewa Brahmā, dumadi ingkang kawitan dahat dipunangriptaaken Lajeng dewa Brahmā mangurahaken seserepan punika dhateng sedanten putera kaliyan sisya piyambakipun miturut sejatosipun ingkang dipuntampi saking Gusti Pangeran.