JV/Prabhupada 1071 - Menawi Kawula Sedaya Memitran Sarta Ngasto Damel Sesarengan Kaliyan Gusti Pangeran, Mila Kawula Sedanya Ugi Badhe Raharja

Revision as of 04:56, 17 December 2018 by Gusti (talk | contribs) (Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1071 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Kawula sedanten saget ngemuti bilih nalika kawula sedanten ngrembag babagan "Kṛṣṇa", mila asma punika sanes asma ingkang sektarian sesipatanipun. Asma "Kṛṣṇa" suraosipun inggih menika karemenan ingkang paling nginggil piyambak. Sampun dipunprayogaake bilih Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos punika minangka pancer lan lumbungipun sedanten karemenan. Kawula sedanten ngersaaken sanget karemenan. Ānandamayo 'bhyāsāt (Vedānta-sūtra 1.1.12). Kawula sedanten, sagung dumadi utawi Gusti Pangeran, amargi kawula sedanten kagungan karumaosan, mila karumaosan kawula sedanten inggih menika madosi karaharjan. Karaharjan. Gusti Pangeran punika sanityasa raharja, lajeng menawi kawula sedanten memitran lan ngasto damel sesarengan kaliyan Gusti Pangeran, menawi kawula sedanten ugi ndherek ing salebetipun kamitran kaliyan Panjenenganipun, mila kawula sedanten ugi dados raharja. Gusti Pangeran miyosake Panjenenganipun ing ngalam dunya material punika kangge mitedahaken kridha-kridha Panjenenganipun ing Vṛndāvana ingkang raharja. Nalika Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa nembe wonten ing Vṛndāvana, kridha-kridha Panjenenganipun kaliyan sedanten rencang lare angon sapi Panjenenganipun, kaliyan sedanten rencang warakanya Panjenenganipun, kaliyan sedanten tiyang ingkang lenggah ing Vṛndāvana, lan padamelan Panjenenganipun minangka lare angon nalika Panjenenganipun taksih dados lare alit, lan sedanten kridha-kridha Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa menika munjung-munjung karaharjanipun. Sedanten Vṛndāvana, sedanten ingkang lenggah ing Vṛndāvana madosi Panjenenganipun. Piyambakipun sedanten mboten mangertosi menapa-menapa kewamon malih salintune saking Kṛṣṇa. Malah ugi Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa ngawisi rama Panjenenganipun, Nanda Mahārāja, kangge mangestupada dhateng dewa Indra, amargi Panjenenganipun ajeng mrayogaake bilih para priyantun punika mboten usah mangestupada dhateng para dewa menapa kemawon kejawi Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos. Amargi angkah pamungkas saking kagesangan inggih menika kangge wangsul dhateng panggenanipun Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos. Panggenanipun Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā, Bab 15, sloka 6 :

na tad bhāsayate sūryo
na śaśāṅko na pāvakaḥ
yad gatvā na nivartante
tad dhāma paramaṁ mama
(BG 15.6)

Kala punika andharan babagan antariksa ingkang langgeng punika ... Nalika kawula sedanten ngrembag babagan antariksa, amargi kawula sedanten kagungan konsep material babagan antariksa, mila kawula sedanten mesthi kemawon menggalih babagan sawijining antariksa ingkang dijangkepi kaliyan srengenge, candra, kartika kaliyan lintune inkang kados mekaten. Nanging Gusti Pangeran ngendika bilih ing salebetipun antariksa ingkang langgeng punika, mboten dipunbetahaken kawontenanipun srengenge. Na tad bhāsayate sūryo na śaśāṅko na pāvakaḥ (BG 15.6). Lan ing salebetipun antariksa ingkang langgeng punika ugi mboten dipunbetahaken kawontenanipun candra. Na pāvakaḥ suraosipun mboten dipunbetahaken kawontenanipun listrik utawi geni kangge pepadhang amargi antariksa ingkang langgeng punika dipunpadhangi dening brahma-jyotir. Brahmajyoti, yasya prabhā (BS 5.40), tejanipun panggenan ingkang utami. Kala punika nalika para priyantun nembe marsudi kangge saget dugi ing planet-planet lintune, mila mboten ewed sanget kangge mangertosi panggenan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos punika. Panggenan saking Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos punika wonten ing antariksa rohani lan panggenan punika asmanipun Goloka. Ing salebetipun Brahmā-saṁhitā, babagan punika dipunandharaken kanthi sae sanget, goloka eva nivasaty akhilātma-bhūtaḥ (BS 5.37). Gusti Pangeran, sanadyan Panjenenganipun lenggah salaminipun wonten ing panggenan Panjenenganipun, Goloka, nanging Panjenenganipun sanityasa akhilātma-bhūtaḥ, Panjenenganipun ugi saget kadumugeaken saking mriki. Lan amargi punika Gusti Pangeran rawuh kangge minangkaake wujud Panjenenganipun ingkang sejatos, sac-cid-ānanda-vigraha (BS 5.1), saengga kawula sedanten mboten usah ngangen-angen. Mboten wonten ingkang dipunwastani minangka angen-angen punika.