JV/Prabhupada 1076 - Ing Wekdalipun Seda Kawula Sedaya Saget Panggah Wonten Mriki Utawi Pindhah Dhateng Salebetipun Ngalam Donya Rohani

Revision as of 13:10, 19 December 2018 by Gusti (talk | contribs) (Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1076 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Wonten bhāva-bhāva ingkang benten-benten. Ngalam dunya material punika ugi minangka salah sawijining bhāva-bhāva punika, kados ingkang sampun dipunandharaken dhateng kawula sedanten, bilih ngalam dunya material punika ugi minangka pagelaran saking salah sawijining energi-energi Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos. Ing salebetipun Viṣṇu Purāṇa sedanten energi Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos sampus dipunringkes.

viṣṇu-śaktiḥ parā proktā
kṣetra-jñākhyā tathā par
avidyā-karma-saṁjñānyā
tṛtīyā śaktir iṣyate
(CC Madhya 6.154)

Sedanten energi, daya saking ... Parāsya śaktir vividhaiva śrūyate (CC Madhya 13.65, Andharan). Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos kagungan maneka warni energi, energi ingkang kathahipun mboten kaetang lan mboten saget dipunmangertosi dening kawula sedanten. Nanging para resi agung ingkang wasis, ingkang minangka para jiwa ingkang sampun mardika, piyambakipun sedanten sampun ngangsu kawruh lan piyambakipun sedanten sampun ngringkes sedanten energi punika dados tiga bageyan, dados tiga tetunggalan ingkang utami. Kaping setunggal inggih menika ... Sedanten energi inggih menika viṣṇu-śakti. Sedanten energi punika minangka daya-daya ingkang benten-benten saking Gusti Pangeran Viṣṇu. Energi punika parā utawi rohani sesipatanipun. Lan kṣetra-jñākhyā tathā parā, lan sagung dumadi, kṣetra-jña, piyambakipun sedanten ugi kalebet ing tetunggalanipun energi ingkang langkung nginggil, sami kados sampun ugi dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā. Sampun dipunandharaken dhateng kawula sedanten. Lan energi ingkang lintune, energi material inggih menika, tṛtīyā karma-saṁjñānyā (CC Madhya 6.154). Energi ingang lintune punika wonten ing sesipatan kamudha-daman. Dados energi punika minangka energi material. Energi material ugi bhagavad sesipatanipun - (mboten dipunmangertosi). Dados nalika seda, salah sawijining saking kaleh antawisipun inggih menika bilih kawula sedanten saget lajeng kemawon wonten ing lebetipun energi material utawi ngalam dunya material punika, utawi kawula sedanten saget pindhah ing lebetipun ngalam dunya rohani. Punika bebakuanipun. Dados Bhagavad-gītā ngendika,

yaṁ yaṁ vāpi smaran bhāvaṁ
tyajaty ante kalevaram
taṁ tam evaiti kaunteya
sadā tad-bhāva-bhāvitaḥ
(BG 8.6)

Amargi kawula sedanten sampun kulinten menggalih perkawis salah sawijining panggalih babagan energi material utawi babagan energi rohani, lajeng kala punika, kados pundi anggenipun mindhahaken panggalih punika? Panggalih babagan energi material, kados pundi anggenipun supados panggalih ingkang kados mekaten saget dipunewah dados panggalih babagan energi rohani? Mila kasusastran Veda punika wonten kersanipun panggalih saget sanityasa wonten ing salebetipun energi rohani. Sami kados nalika kawula sedanten menggalih ing salebetipun energi material, mila wonten kathah sanget cipta ripta sastra - layang kabar, kalawarta, novel, fiksi lan taksih kathah sanget lintunipun. Wonten kathah sanget cipta ripta sastra. Dados panggalih kawula sedanten kapuncecep ing lebetipun cipta ripta sastra punika. Sami kawontenanipun, menawi kawula sedanten ajeng mindhahaken panggalih kawula sedanten ing lebetipun swasana rohani, mila kawula sedanten kedah mindhahaken kawisesan ing maos saking kawula sedanten dhateng kasusastran Veda. Para resi agung ingkang wasis amargi menika sampun mracekaaken kathah sanget kasusastran Veda, Purāṇa-purāṇa. Purāṇa-purāṇa punika sanes naming dongeng. Punika minangka pratelan-pratelan saking sejarah. Ing salebetipun Caitanya-caritāmṛta wonten setunggal sloka ingkan dipunwaos kados mekaten : Anādi-bahirmukha jīva kṛṣṇa bhuli' gela ataeva kṛṣṇa veda-purāṇa kailā (CC Madhya 20.117). Bilih sagung dumadi ingkang nembe kesupen punika, para jiwa ingkang nembe kasindhet punika, piyambakipun sampun nyupeaken kasumambungan piyambakipun sedanten kaliyan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, lan piyambakipun sedanten nembe khusuk ing salebetipun panggalih babagan kridha-kridha material. Lajeng kangge mindhahaken daya panggalih piyambakipun sedanten dhateng kawisesan rohani, Kṛṣṇa-dvaipāyana Vyāsa, piyambakipun sampun mracekaaken kathah sanget kasusastran Veda. Ingkang dipunkersaaken minangka kasusastran Veda inggih menika bilih ing kawitanipun piyambakipun malihaken Veda dados sekawan bageyan. Lajeng piyambakipun mangandharaken babagan punika lumantar Purāṇa-purāṇa. Lajeng kagem para tiyang ingkang kirang lantip, kados strī (gegolongan priyantun istri), śūdra, vaiśya, piyambakipun mracekaaken Mahābhārata. Lan ing lebetipun Mahābhārata. piyambakipun nepangaken Bhagavad-gītā punika. Lajeng piyambakipun ngringkes malih sedanten kasusastran Veda ing lebetipun Vedānta-sūtra. Lajeng minangka Vedānta-sūtra ingkang dipundamel kangge panutun ing tembe wingking, piyambakipun mracekaaken sawijining andharan ingkang limrah ingkang dipunwastani minangka Śrīmad-Bhāgavatam.