JV/Prabhupada 1077 - Amargi Gusti Pangeran Asipat Tanpa Wates, Mila Mboten Wonten Bentenipun Antawis Asmanipun Lan Dhirinipun Piyambak

Revision as of 16:17, 19 December 2018 by Gusti (talk | contribs) (Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1077 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Śrīmad-Bhāgavatam dipunwastani minangka bhāṣyo 'yaṁ brahma-sūtrāṇām. Punika minangkan andharan ingkang limrah saking Vedānta-sūtra. Dados sedanten kasusastran punika, menawi kawula sedanten mindhahaken penggalih-penggalih kawula sedanten, tad-bhāva-bhāvitaḥ, sadā. Sadā tad-bhāva-bhāvitaḥ (BG 8.6) Sawijining priyantun ingkang sanityasa ewed ing ... Sami kados para materialis ingkang sanityasa ewed ing lebetipun kridha-kridha maosi seratan-seratan ingkang material sesipatanipun kados layang kabar, kalawarta, fiksi, novel lan lintune kaliyan taksih kathah malih seserepan lan filsafat-filsafat, sedanten punika wonten ing indhak-indhakan panggalih ingkang benten-benten. Sami kados mekaten, menawi kawula sedanten mindhahaken kawisesan ing maos saking kawula sedanten dhateng kasusastran Veda, ingkang kaparingaken, ingkang kaparingaken dening Vyāsadeva kanthi sae sanget, mila mbok menawi cekap kangge kawula sedanten kangge ngemut-emut Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos nalika seda. Naming menika kemawon anggenipun ingkang dipunprayogaaken dening Gusti Pangeran piyambak. Mboten naming dipunprayogaaken kemawon, nanging punika minangka kasunyatan. Nāsty atra saṁśayaḥ (BG 8.5). Mboten wonten karingan-ringan, mboten wonten secuwil kemawon karinga-ringan dhateng babagan punika. Tasmāt, amargi menika Gusti Pangeran mrayogaaken, tasmāt sarveṣu kāleṣu mām anusmara yudhya ca (BG 8.7). Panjenenganipun mawanti-wanti Arjuna bilih, mām anusmara yudhya ca. Panjenenganipun mboten naming ngendika bilih, " Sampeyan ngelingana Aku lan kerekake wae kuwajiban sampeyan saiki." Mboten mekaten. Punika mboten nate dipunprayogaaken. Gusti Pangeran mboten nate mrayogaaken sawijining pitedah ingkang mboten saget dipuntindakaken. Ing ngalam dunya material punika, sawijining priyantun kedah ngasta damel kangge ngrimat salira piyambakipun. Padamelan punika dipunpantha-pantha dados sekawan tetunggalan sosial : brāhmaṇa, kṣatriya, vaiśya, śūdra. Tetunggalan ingkang paling lantip saking masarakat, anggenipun ngasta-damel piyambakipun sedanten benten, lan tetunggalan para pranata saking masarakat, anggenipun ngasta damel piyambakipun sedanten ugi benten. Para saudagar, tetunggalan ingkang ngangsalaken, anggenipun asto damel piyambakipun sedanten ugi benten, lan tetunggalan para buruh, anggenipun ngasta damel piyambakipun sedanten ugi benten. Ing salebetipun masarakat utawi bebrayan manungsa, duka minangka buruh utawi minangka saudagar, utawi minangka politikus, natapraja, utawi minangka tetunggalan ingkang paling nginggil saking tetunggalan para tiyang ingkang lantip ingkang nindakaken panyeratan lan panaliten ilmiah, saben tiyang mesthi kemawon ewed ing lebetipun sawijining padamelan, lan sawijining tiyang punika kedah ngasta damel lan ngudidaya kangge kawontenanipun piyambak.

Mila Gusti Pangeran mrayogaaken bilih, "Sampeyan ora usah ngendhegi kuwajiban sampeyan, nanging bebarengan karo iku sampeyan kudu isa ngelingi. Mām anusmara (BG 8.7). Mula iku sing bakal ndadhekke lan ngewangi sampeyan ngelingi Aku bareng sampeyan teka ing pati. Yen sampeyan ora tau sinau kanggo tansah ngelingi Aku, mula sampeyan ora bakal bisa nglakoni iku barengan karo upayamu kanggo ngupayake kahanananmu." Punika mestail. Babagan ingkang sami ugi dipunprayogaaken dening Gusti Pangeran Śrī Caitanya, kīrtanīyaḥ sadā hariḥ (CC Adi 17.31). Kīrtanīyaḥ sadā. Sawijining priyantun kedah sanityasa nindakaken japa nyebat asmanipun Gusti Pangeran. Asmanipun Gusti Pangeran mboten benten kaliyan Panjenenganipun piyambak. Dados punika pitedah saking Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa dhateng Arjuna bilih, mām anusmara (BG 8.7), "Elingo marang Aku," lan pitedah saking Gusti Pangeran Śrī Caitanya, "Sanityasa nyebat asmanipun Kṛṣṇa." Wonten mriki Kṛṣṇa ngendika bilih, "Elingo marang Aku terus," utawi panjenengan ngemut-emut Kṛṣṇa, lan Gusti Pangeran Śrī Caitanya ngendika, "Sanityasa nyebat asmanipun Kṛṣṇa." Dados mboten wonten ingkang benten amargi Kṛṣṇa lan asmanipun Kṛṣṇa punika mboten wonten bentenipun ing salebetipun Ingkang Tamanpa Wangenan. Ing salebetipun kapinarakan ingkang tamanpa wangenan punika mboten wonten kabentenan antawis sawijining babagan kaliyan babagan ingkang lintune. Punika kapinarakan ingkang tamanpa wangenan. Amargi Gusti Pangeran punika ingkang tamanpa wangenan sesipatanipun, mila asmanipun Panjenengan mboten benten kaliyan Panjenenganipun piyambak. Dados kawula sedanten kedah nindakaken babagan punika, tasmāt sarveṣu kāleṣu (BG 8.7). Sanityasa, sadangunipun kaleh dasa sekawan jam saben dintenipun, kawula sedanten kedah mujudaken sedanten kridha-kridha ing salebetipun kagesangan kawula sedanten lumantar anggenipun ingkang samekaten saenga kawula sedanten saget sanityasa ngemut-emut sadangunipun kaleh dasa sekawan jam saben dintenipun. Kados pundi anggenipun ingkang kados mekaten saget dipuntindakaken? Inggih, punika saget dipuntindakaken. Punika saget dipuntindakaken. Lupiya ingkang kawistara sanget kangge babagan punika dipuntindakaken dening para ācārya. Lajeng menapa lupiya punika? Kacaritaaken bilih wonten sawijining priyantun istri ingkang nresnani sawijining priyantun jaler lintune, sanadyan piyambakipun sampun kagungan garwa, nanging taksih kemawon piyambakipun nresnani priyantun jaler lintune. Lan rasa katresnan ingkang kados mekaten punika saget tuwuh kanthi kiyat sanget. Punika dipunwastani minangka parakīya-rasa. Ing lebetipun kawontenan punika, mila priyantun jaler kaliyan priyantun istri punika, priyantun kekalih punika, menawi sawijining priyantun jaler kagungan katresnan dhateng sawijining priyantun istri lintune salintunipun garwa piyambakipun, utawi sawijining priyantun istri kagungan katresnan dhateng sawijining priyantun jaler lintune salintunipun garwa piyambakipun, mila rasa katresnan punika kiyat sanget. Rasa katresnan punika kiyat sanget. Dados para ācārya maringaken lupya kangge kawontenan punika lumantar priyantun istri ingkang kagungan tandang tanduk ingkang awon punika, ingkang nresnani garwa priyantun lintune, piyambakipun sanityasa menggalih dhateng priyantun jaler punika, lajeng sanalika piyambakipun mitedahaken dhateng garwa piyambakipun bilih piyambakipun ewed sanget ing kridha ngrimat kulawargi piyambakipun saengga garwa piyambakipun mboten nyujanani tandang tanduk piyambakipun. Dados piyambakipun sanityasa ngemut-emut nalika dalu piyambakipun kepanggih kaliyan kang kinasih, sanadyan piyambakipun lajeng kemawon nindakaken sedanten kuwajiban bale griya piyambakipun kanthi sae sanget, mila sami kados mekaten, sawijining priyantun kedah sanityasa ngemut-emut Garwa Ingkang Utami, Śrī Kṛṣṇa, lan sanadyan mekaten piyambakipun ugi kedah sanityasa nindakaken kuwajiban material piyambakipun kanthi sae sanget. Punika saget dipuntindakaken. Punika mbetahaken rasa katresnan ingkang kiyat sanget.