JV/Prabhupada 1077 - Amargi Gusti Pangeran Asipat Tanpa Wates, Mila Mboten Wonten Bentenipun Antawis Asmanipun Lan Dhirinipun Piyambak



660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Śrīmad-Bhāgavatam dipunwastani minangka bhāṣyo 'yaṁ brahma-sūtrāṇām. Punika minangka suraos ingkang limrah saking Vedānta-sūtra. Dados sedaya kasusastran punika, menawi kawula sedaya mindhahaken penggalih-penggalihipun, tad-bhāva-bhāvitaḥ, sadā. Sadā tad-bhāva-bhāvitaḥ (BG 8.6). Satunggaling priyantun ingkang tansah ewed ing ... Sami kados dene para materialis ingkang tansah ewed ing salebetipun kridha-kridha maos seratan-seratan ingkang asipat material, kados layang kabar, kalawarta, fiksi, novel lan sanesipun sarta taksih kathah malih seserepan lan filsafat-filsafat, sedaya punika wonten ing indhak-indhakan panggalih ingkang benten-benten. Sami kados dene, menawi kawula sedaya mindhahaken kawisesanipun ing maos dhateng kasusastran Veda, ingkang dipunparingaken, ingkang dipunparingaken dening Vyāsadeva kanthi welas asih sanget, mila menawi cekap kangge kawula sedaya kangge ngemut-emut Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa ing wekdalipun seda. Namung menika kemawon anggenipun ingkang dipunprayogaaken dening Gusti Pangeran piyambak. Mboten namung dipunprayogaaken kemawon, nanging punika minangka kasunyatan. Nāsty atra saṁśayaḥ (BG 8.5). Mboten dipunmangu-manguaken malih, mboten wonten sekedhik kemawon kamangu-mangon dhateng perkawis punika. Tasmāt, amargi menika Gusti Pangeran mrayogaaken, tasmāt sarveṣu kāleṣu mām anusmara yudhya ca (BG 8.7). Panjenenganipun mawanti-wanti Arjuna bilih, mām anusmara yudhya ca. Panjenenganipun mboten namung dhawuh bilih, "Sampeyan elinga marang Aku wae lan kerekake kuwajiban sampeyan sing saiki." Mboten mekaten. Punika mboten dipunprayogaaken. Gusti Pangeran mboten nate mrayogaaken satunggaling pitedah ingkang mboten saget dipuntindakaken. Ing ngalam donya material punika, satunggaling priyantun kedah ngrimat salira piyambakipun, piyambakipun kedah ngasta damel. Padamelan dipunpantha-pantha dados sekawan golongan sosial : brāhmaṇa, kṣatriya, vaiśya, śūdra. Golongan ingkang paling lantip ing salebetipun masarakat, piyambakipun ngasta damel kanthi cara ingkang benten, lan golongan para pranata ing salebetipun masarakat, piyambakipun ngasta damel kanthi cara ingkang ugi benten. Para saudagar, golongan ing salebetipun masarakat ingkang ngasilaken, piyambakipun ngasta damel kanthi cara ingkang ugi benten. lan golongan para buruh, piyambakipun ngasta damel kanthi cara ingkang ugi benten. Ing salebetipun masarakat utawi bebrayan para jalmi, duka minangka buruh utawi minangka saudagar, utawi minangka politikus, para natapraja, utawi minangka golongan ingkang paling nginggil saking golongan para priyantun ingkang lantip ingkang nindakaken panyeratan lan panaliten ilmiah, saben priyantun tamtu kemawon ewed ing salebetipun satunggaling padamelan, lan satunggaling priyantun kedah ngasta damel sarta mbudidaya kangge kawontenanipun piyambak.

Mila Gusti Pangeran dhawuh bilih, "Sampeyan ora perlu ngendhegi kuwajiban sampeyan, ning ing wayah iku sampeyan uga isa ngeling-eling. Mām anusmara (BG 8.7). Mula iku sing bakal ndadhekke lan ngewangi sampeyan eling marang Aku nalika sampeyan teka ing pati. Yen sampeyan ora sinau kanggo tansah eling marang Aku, mula barengan karo wayahe sampeyan ngupaya kanggo kahananmu, perkara iku ora bakal mungkin dilakoni." Punika mestail. Perkawis ingkang sami ugi dipunprayogaaken dening Gusti Pangeran Śrī Caitanya, kīrtanīyaḥ sadā hariḥ (CC Adi 17.31). Kīrtanīyaḥ sadā. Satunggaling priyantun kedah tansah nindakaken japa nyebat asmanipun Gusti Pangeran. Asmanipun Gusti Pangeran lan Panjenenganipun punika mboten wonten bentenipun. Dados punika pitedahipun Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa dhateng Arjuna bilih, mām anusmara (CC Adi 17.31). "Elingo marang Aku," lan pitedah saking Gusti Pangeran Śrī Caitanya, "Sampeyan tansah nyebut jeneng Kṛṣṇa." Wonten mriki Kṛṣṇa dhawuh bilih, "Elingo marang Aku terus," utawi panjenengan tansah ngemut-emut Kṛṣṇa, lan Gusti Pangeran Śrī Caitanya dhawuh, "Sampeyan tansah nyebut jeneng Kṛṣṇa." Dados mboten wonten bentenipun amargi Kṛṣṇa lan asmanipun Kṛṣṇa punika mboten wonten bentenipun ing salebetipun Ingkang Tanpa Wates. Ing salebetipun kalenggahan ingkang tanpa wates punika mboten wonten bentenipun antawis satunggaling perkawis kaliyan perkawis sanesipun. Kados mekaten kalaneggahan ingkang tanpa wates. Mila amargi Gusti Pangeran asipat tanpa wates, mila mboten wonten bentenipun antawis Asmanipun lan Dhirinipun piyambak. Dados kawula sedaya kedah nindakaken perkawis kados mekaten, tasmāt sarveṣu kāleṣu (BG 8.7). Tansah, sadangunipun sekawanlikur jam saben dintenipun, kawula sedaya kedah mawujudaken sedaya kridha-kridhanipun ing salebetipun gesangipun lumantar anggenipun ingkang samekaten rupinipun saengga kawula sedaya saget tansah ngemut-emut sadangunipun sekawanlikur jam saben dintenipun.

Kados pundi anggenipun saget dipuntindakaken? Inggih, punika saget dipuntindakaken. Punika saget dipuntindakaken. Tuladha ingkang kawistara sanget kangge perkawis punika dipuntindakaken dening para ācārya. Lajeng menapa tuladha punika? Dipuncaritaaken bilih wonten satunggaling priyantun estri ingkang tresna dhateng satunggaling priyantun kakung sanesipun, sanaos dene piyambakipun sampun nggadhahi garwa kakung, nanging taksih kemawon piyambakipun tresna dhateng priyantun kakung sanesipun. Lan raos tresna ingkang kados mekaten saget tuwuh kanthi kiyat sanget. Punika dipunwastani minangka parakīya-rasa. Ing salebetipun perkawis punika, mila priyantun kakung lan priyantun estri punika, kekalih priyantun punika, menawi satunggaling priyantun kakung nggadhahi raos tresna dhateng satunggaling priyantun estri sanesipun saksanesipun garwa estrinipun, utawi satunggaling priyantun estri nggadhahi raos tresna dhateng satunggaling priyantun kakung sanesipun saksanesipun garwa kakukngipun, mila raos tresna punika kiyat sanget. Raos tresna punika kiyat sanget. Mila para ācārya maringaken tuladha kangge perkawis punika lumantar priyantun estri ingkang nggadhahi tandang tanduk ingkang awon punika, ingkang tresna dhateng garwa kakungipun priyantun sanesipun, piyambakipun tansah menggalih menggah ing priyantun kakung sanesipun, lan sanalikanipun piyambakipun mitedahaken dhateng garwa kakungipun bilih piyambakipun ewed sanget ing kridha ngrimat kulawarginipun saengga garwa kakungipun mboten nyujanani dhateng tandang tandukipun. Dados piyambakipun tansah ngemut-emut nalikanipun piyambakipun manggihi kang kinasihipun wekdal dalu, sanaos dene piyambakipun panggah nindakaken sedaya kuwajiban bale griyanipun kanthi sae sanget, mila sami kados dene, satunggaling priyantun kedah tansah ngemut-emut Garwa Ingkang Utami, Śrī Kṛṣṇa, sanaos mekaten piyambakipun ugi kedah tansah nindakaken kuwajiban materialipun kanthi sae sanget. Punika saget dipuntindakaken. Punika mbetahaken raos tresna ingkang kiyat sanget.